Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 128

Pilatus lan Hérodès Ora Nemokké Kesalahané Yésus

Pilatus lan Hérodès Ora Nemokké Kesalahané Yésus

MATIUS 27:12-14, 18, 19 MARKUS 15:2-5 LUKAS 23:4-16 YOHANES 18:36-38

  • YÉSUS DIADILI ING NGAREPÉ PILATUS LAN HÉRODÈS

Yésus ngakoni marang Pilatus nèk dhèwèké kuwi bener-bener raja. Nanging, Kratoné ora bakal dadi ancaman kanggo pamréntah Romawi. Yésus kandha, ”Kratonku dudu bagéan saka donya iki. Nèk Kratonku bagéan saka donya iki, para abdiku mesthi bakal nglawan supaya aku ora diserahké marang wong-wong Yahudi. Nanging, Kratonku dudu saka donya iki.” (Yohanes 18:36) Yésus pancèn nduwé Kraton, nanging ora ing donya iki.

Pilatus takon manèh, ”Nèk ngono, apa kowé kuwi raja?” Yésus nduduhké nèk jawabané Pilatus kuwi bener, kanthi kandha, ”Kowé dhéwé sing ngomong nèk aku iki raja. Aku kudu mènèhi kesaksian bab apa sing bener, merga kanggo kuwi aku lair, lan kanggo kuwi aku teka ing donya. Sapa waé sing manut karo apa sing bener ngrungokké swaraku.”​—Yohanes 18:37.

Sakdurungé, Yésus ngandhani Tomas: ”Aku iki dalan, lan sing bener, lan sing marahi urip.” Saiki, Yésus ngandhani Pilatus nèk tujuané diutus menyang bumi kuwi kanggo mènèhi kesaksian bab ”sing bener”, utamané sing bener bab Kratoné Allah. Yésus nduwé tékad kanggo setya marang apa sing bener senajan kudu ngurbanké nyawané. Pilatus takon, ”Sing bener kuwi apa?” Nanging Pilatus ora nunggu jawabané Yésus. Pilatus rumangsa wis isa nggawé kesimpulan kanggo ngadili Yésus.​—Yohanes 14:6; 18:38.

Pilatus banjur nemoni para imam kepala lan wong akèh sing nunggu ing njaba istana lan Yésus kayané ana ing sisihé Pilatus. Pilatus nyimpulké kanthi kandha, ”Aku babar blas ora nemokké kesalahané wong iki.” Merga nesu karo keputusan kuwi, wong-wong kuwi padha ngotot, ”Dhèwèké wis ngojok-ojoki wong-wong nganggo cara mulang ing kabèh wilayah Yudéa, diwiwiti saka Galiléa nganti tekan kéné.”​—Lukas 23:4, 5.

Pilatus nggumun karo tanggepané wong Yahudi sing fanatik banget iki. Wektu isih padha mbengok, Pilatus takon marang Yésus, ”Apa kowé ora krungu tudhuhan-tudhuhané wong-wong kuwi marang kowé?” (Matius 27:13) Nanging, Yésus ora njawab. Pilatus nggumun merga Yésus tetep tenang ngadhepi tudhuhan-tudhuhan kuwi.

Merga wong Yahudi kandha nèk Yésus mauné mulang ing Galiléa, Pilatus dadi ngerti nèk Yésus kuwi wong Galiléa. Mula saiki, Pilatus ngerti carané isa bébas saka tanggung jawabé kanggo ngadili Yésus. Pilatus ngirim Yésus marang Hérodès Antipas (anaké Hérodès Agung) sing wektu kuwi dadi panguwasa Galiléa. Saksuwéné Paskah iki, Hérodès Antipas ana ing Yérusalèm. Dhèwèké kuwi wong sing mréntahké nugel guluné Yohanes Pembaptis. Wektu krungu nèk Yésus nindakké akèh mukjijat, Hérodès kuwatir nèk Yésus mungkin Yohanes sing diuripké manèh.​—Lukas 9:7-9.

Wektu ndelok Yésus, Hérodès seneng banget, nanging dudu merga péngin mbantu Yésus utawa péngin ngerti apa tudhuhané wong-wong kuwi bener. Dhèwèké mung penasaran lan mung ”ngarep-arep isa ndelok mukjijat saka Yésus”. (Lukas 23:8) Yésus ora gelem nuruti rasa penasarané Hérodès. Malah pas ditakoni Hérodès, Yésus babar blas ora njawab. Merga gela, Hérodès lan prajurité ”tumindak ngrèmèhké Yésus”. (Lukas 23:11) Wong-wong kuwi nganggokké klambi sing apik marang Yésus kanggo ngécé Yésus. Hérodès ngirim Yésus bali marang Pilatus. Hérodès lan Pilatus wis suwé mungsuhan, nanging wiwit dina kuwi dadi kekancan.

Wektu Yésus bali, Pilatus nyeluk para imam kepala, para pemimpin Yahudi, lan akèh wong, banjur kandha, ”Aku wis mriksa dhèwèké ing ngarepmu kabèh, nanging aku ora nemokké dhasar kanggo tudhuhan sing kok omongké marang wong iki. Sakjané, Hérodès uga ora nemokké kesalahané wong iki, merga dhèwèké ngirim wong iki bali marang aku. Wong iki ora nindakké apa-apa sing nggawé dhèwèké pantes dihukum mati. Mula, aku bakal mecuti dhèwèké lan mbébaské dhèwèké.”​—Lukas 23:14-16.

Pilatus péngin banget mbébaské Yésus, sebab ngerti nèk para pemimpin agama masrahké Yésus merga iri. Pilatus ya ngupaya mbébaské Yésus merga alesan liya. Wektu Pilatus lagi lungguh ing kursi pengadilan, bojoné ngirim pesen: ”Ora usah mèlu-mèlu urusan karo wong bener kuwi, merga dina iki aku mimpi bab dhèwèké lan mimpi kuwi marakké aku kewedèn.”​—Matius 27:19.

Apa pancèn Pilatus isa mbébaské wong sing ora salah iki?