Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 133

Yésus Dikubur

Yésus Dikubur

MATIUS 27:57–28:2 MARKUS 15:42–16:4 LUKAS 23:50–24:3 YOHANES 19:31–20:1

  • MAYITÉ YÉSUS DIEDHUNKÉ SAKA CAGAK

  • MAYITÉ DISIAPKÉ KANGGO DIKUBUR

  • WONG-WONG WADON NDELOK KUBURANÉ YÉSUS KOSONG

Saiki, dina Jumat soré tanggal 14 Nisan. Sakwisé srengéngé angslup, dina Sabat tanggal 15 Nisan bakal mulai. Yésus wis séda, nanging rampok loro sing ana ing sisihé Yésus isih urip. Miturut Hukum Taurat, mayit ”ora kena gumantung sewengi muput”, nanging kudu dikubur ”ing dina iku uga”.​—Pangandharing Torèt 21:22, 23, BJP.

Apa manèh, Jumat kuwi dina Persiapan Sabat merga wong-wong padha nyiapké maeman lan nindakké gawéan liyané sing kudu rampung sakdurungé Sabat. Sakwisé srengéngé angslup, ”Sabat istiméwa” dimulai. (Yohanes 19:31) Kuwi disebut ”istiméwa” merga ing dina kuwi ana rong Sabat sing kelakon. Sing kapisan, tanggal 15 Nisan kuwi dina Setu, lan kuwi Sabat mingguan. Sing kapindho, tanggal 15 Nisan kuwi dina kapisan saka pitung dina Riyaya Roti Tanpa Ragi, sing mesthi didadèkké dina Sabat.​—Kaimaman 23:5, 6.

Mula, wong Yahudi njaluk marang Pilatus supaya sikilé Yésus lan penjahat loro diceklèk bèn ora isa ngangkat badané kanggo ambegan lan akiré matiné luwih cepet. Para prajurit teka lan nyeklèk sikilé penjahat loro mau. Nanging, merga weruh nèk Yésus wis mati, para prajurit ora nyeklèk sikilé Yésus. Iki nggenepi ramalan ing Jabur 34:21: ”Panjenengané ngreksa [utawa, njaga] balung-balungé, nganti ora ana kang tugel siji-sijia.”

Kanggo mastèkké nèk Yésus wis mati tenan, salah siji prajurit nusuk bagéan igané Yésus nganggo tombak lan ”ing wektu kuwi uga, metu getih lan banyuné”. (Yohanes 19:34) Iki nggenepi ramalan liyané ing Kitab Suci, ’Wong-wong kuwi bakal padha mandeng marang kang wus katuwek [utawa, ditusuk].’​—Zakharia 12:10.

Yusuf saka Arimatéa, ”wong lanang sugih” sing dadi salah siji anggota sing diajèni ing Sanhèdrin, uga teka wektu Yésus dihukum mati. (Matius 27:57) Dhèwèké disebut ”wong sing apik lan bener”, lan ”wong sing uga ngarep-arep Kratoné Allah”. Yusuf kuwi ”muridé Yésus, nanging ora wani terus terang merga wedi karo wong-wong Yahudi”. Dhèwèké ora setuju karo keputusané Sanhèdrin sing ngukum mati Yésus. (Lukas 23:50; Markus 15:43; Yohanes 19:38) Yusuf ngupaya bèn kendel nemoni Pilatus lan njaluk mayité Yésus. Pilatus banjur nyeluk perwira sing ngawasi pas Yésus dihukum mati. Sakwisé kuwi, Pilatus ngijinké Yusuf njupuk mayité Yésus.

Yusuf tuku kain linen sing alus lan resik banjur ngedhunké mayité Yésus saka cagak. Yusuf banjur mbungkus mayité Yésus nganggo kain kuwi kanggo persiapan penguburan. Nikodémus, ”yaiku wong sing tau nemoni Yésus ing wayah wengi”, uga mèlu nyiapké penguburané Yésus. (Yohanes 19:39) Dhèwèké nggawa kira-kira 33 kilogram campuran mur lan gaharu sing larang banget regané. Mayité Yésus banjur dibungkus nganggo linen lan rempah-rempah mau, kaya kebiasaané wong Yahudi kanggo ngubur wong mati.

Yusuf nduwé kuburan anyar sing wis digrowongi ing cedhak bukit watu. Mayité Yésus banjur dipapanké ing kono. Banjur watu gedhé diglundhungké kanggo nutup kuburan kuwi. Kuwi kabèh ditindakké cepet-cepet merga sedhéla manèh Sabat dimulai. Maria Magdaléna lan Maria ibuné Yakobus Cilik mungkin ya mèlu mbantu persiapan penguburané Yésus. Saiki, wong-wong kuwi cepet-cepet mulih ”kanggo nyiapké rempah-rempah lan lenga wangi”, sing bakal diblonyohké ing mayité Yésus sakwisé dina Sabat.​—Lukas 23:56.

Ing dina sakbanjuré, pas dina Sabat, para imam kepala lan wong Farisi marani Pilatus lan kandha, ”Pak, aku kabèh kèlingan wektu tukang ngapusi kuwi isih urip, dhèwèké kandha, ’Sakwisé telung dina, aku bakal diuripké manèh.’ Mula, préntahna supaya kuburan kuwi dijaga tenanan nganti dina katelu, supaya murid-muridé ora teka lan nyolong mayité terus kandha marang wong-wong, ’Dhèwèké wis diuripké manèh saka ing antarané wong mati!’ Nèk kuwi kelakon, apus-apus sing pungkasan iki bakal luwih parah ketimbang sing sakdurungé.” Pilatus njawab, ”Lungaa karo para penjaga iki lan jaganen tenanan kuburané.”​—Matius 27:63-65.

Ing dina Minggu, wektu isih ésuk banget, Maria Magdaléna, Maria ibuné Yakobus, lan wong wadon liyané nggawa rempah-rempah menyang kuburané Yésus. Wong-wong kuwi padha kandha, ”Sapa sing bakal nulungi awaké dhéwé ngglundhungké watu sing dienggo nutup kuburan kuwi?” (Markus 16:3) Nanging, sakdurungé kuwi ana gempa gedhé. Malaékaté Yéhuwah uga wis ngglundhungké watu sing nutupi kuburan kuwi. Saiki, kuburan kuwi ora dijaga lan kosong.