Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 134

Yésus Urip Manèh!

Yésus Urip Manèh!

MATIUS 28:3-15 MARKUS 16:5-8 LUKAS 24:4-12 YOHANES 20:2-18

  • YÉSUS DIURIPKÉ MANÈH

  • KEDADÉAN-KEDADÉAN ING KUBURANÉ YÉSUS

  • YÉSUS NEMONI PARA WONG WADON

Wong-wong wadon sing ndelok nèk kuburané Yésus kosong mesthi kagèt banget. Maria Magdaléna langsung ”mlayu marani Simon Pétrus lan murid liyané, yaiku murid sing ditresnani Yésus”, Yohanes. (Yohanes 20:2) Nanging, wong-wong wadon liyané sing isih ana ing kuburan kuwi ndelok malaékat. Ing njero kuburan, ana malaékat liyané sing nganggo ”jubah putih”.​—Markus 16:5.

Salah siji malaékat kuwi kandha, ”Aja wedi, aku ngerti kowé lagi nggolèki Yésus sing dipatèni ing cagak. Dhèwèké ora ana ing kéné merga wis diuripké manèh, kaya sing wis tau dhèwèké omongké. Mrénéa, deloken panggonan dhèwèké dipapanké. Cepet lungaa lan kabarana murid-muridé Yésus nèk Yésus wis diuripké manèh saka antarané wong mati. Dhèwèké lagi lunga ndhisiki kowé menyang Galiléa.” (Matius 28:5-7) Mula, wong-wong wadon kuwi mlayu ”kanthi ndhredheg lan nggumun banget” kanggo ngandhani para murid liyané.​—Markus 16:8.

Maria akiré ketemu Pétrus lan Yohanes. Karo menggèh-menggèh, dhèwèké crita, ”Ana sing wis njupuk Gusti saka kuburan, lan aku ora ngerti Gusti didèlèhké ing ngendi.” (Yohanes 20:2) Pétrus lan Yohanes banjur mlayu menyang kuburan. Nanging Yohanes mlayuné luwih cepet ketimbang Pétrus lan tekan luwih dhisik. Dhèwèké nginguk ing njero kuburan lan ndelok ana kain-kain linen ing kono.

Wektu tekan, Pétrus langsung mlebu ing kuburan. Pétrus ndelok ana kain-kain linen lan kain liyané sing dienggo nutupi sirahé Yésus. Yohanes banjur mèlu mlebu, lan akiré percaya karo Maria. Senajan wis dikandhani sakdurungé, nanging wong loro kuwi ora paham nèk Yésus wis diuripké manèh. (Matius 16:21) Karo bingung, wong-wong kuwi mulih. Nanging Maria, sing wis tekan kuburan manèh, tetep ana ing kono.

Wektu kuwi para wong wadon liyané padha mlayu arep ngabari murid-murid nèk Yésus wis diuripké manèh. Pas ing perjalanan, Yésus nemoni wong-wong wadon kuwi lan kandha, ”Salam.” Wong-wong wadon kuwi terus padha ”nyedhak lan sujud ing sikilé Yésus”. Yésus kandha, ”Aja wedi. Lungaa lan kandhanana sedulur-sedulurku supaya padha lunga menyang Galiléa, lan ing kana bakal ketemu karo aku.”​—Matius 28:9, 10.

Sakdurungé, wektu ana gempa bumi lan para malaékat teka, para prajurit sing njaga kuburan kuwi ”ndhredheg lan dadi kaya wong mati”. Sakwisé pulih, para prajurit kuwi mlebu kutha lan ”nglaporké kabèh sing wis kedadéan marang para imam kepala”. Para imam kepala banjur rembugan karo para pemimpiné wong Yahudi lan mutuské kanggo nyogok para prajurit kuwi bèn ora crita. Para prajurit kuwi dikongkon kandha, ”Murid-muridé teka ing wayah wengi lan nyolong mayité pas aku kabèh lagi turu.”​—Matius 28:4, 11, 13.

Prajurit Romawi isa dihukum mati nèk nganti keturon wektu tugas. Mula para imam janji, ”Nèk iki nganti tekan kupingé gubernur, aku kabèh bakal nerangké masalahé karo dhèwèké. Kowé ora usah kuwatir.” (Matius 28:14) Para prajurit gelem nampa sogokan kuwi lan nindakké préntahé para imam. Mula, crita palsu nèk mayité Yésus dicolong kuwi terus kesebar ing antarané wong Yahudi.

Maria Magdaléna isih nangis ing kuburan. Wektu nginguk ing njero kuburan, Maria weruh malaékat loro sing nganggo klambi putih lagi lungguh ing panggonan sing mauné dienggo mapanké Yésus, siji lungguh ing bagéan sirahé, sijiné ing bagéan sikilé. Malaékat kuwi takon, ”Ngapa kowé nangis?” Maria njawab, ”Ana sing njupuk Gustiku, lan aku ora ngerti Gustiku didèlèhké ing ngendi.” Wektu méngo, Maria ndelok ana wong liya manèh. Wong kuwi takon bab sing padha lan kandha, ”Kowé nggolèki sapa?” Merga ngira nèk kuwi tukang kebon, Maria kandha, ”Pak, nèk panjenengan sing njupuk mayité, tulung kandhanana aku ing ngendi panjenengan ndèlèhké mayité, lan mengko bakal tak jupuk.”​—Yohanes 20:13-15.

Sakjané, sing lagi omongan karo Maria kuwi Yésus sing wis diuripké manèh, nanging Maria ora nitèni nèk kuwi Yésus. Wektu Yésus nyeluk, ”Maria!”, dhèwèké lagi titèn, merga Yésus biasa nyeluk Maria kaya ngono. Kanthi seneng banget Maria kandha, ”Rabuni!” (sing tegesé ”Guru!”). Merga kuwatir nèk Yésus bakal munggah swarga ing wektu kuwi uga, Maria nggondhèli Yésus. Nanging Yésus kandha, ”Aja nggondhèli aku terus, merga aku durung lunga marang Bapak. Nanging lungaa marang sedulur-sedulurku lan kandhanana wong-wong kuwi nèk aku bakal lunga marang Bapakku lan Bapakmu, marang Gusti Allahku lan Gusti Allahmu.”​—Yohanes 20:16, 17.

Maria banjur nemoni para rasul lan murid liyané sing lagi padha ngumpul. Maria kandha, ”Aku wis ndelok Gusti!” Katrangan kuwi nambahi katrangan liyané sing wis dicritakké para wong wadon marang para rasul. (Yohanes 20:18) Nanging, wong-wong kuwi ora percaya, lan ”nganggep nèk kuwi mung digawé-gawé”.​—Lukas 24:11.