Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 138

Kristus Ana ing Sisih Tengené Gusti Allah

Kristus Ana ing Sisih Tengené Gusti Allah

KISAH 7:56

  • YÉSUS LUNGGUH ING SISIH TENGENÉ GUSTI ALLAH

  • SAUL DADI MURIDÉ YÉSUS

  • ALESANÉ KITA BUNGAH

Sepuluh dina sakwisé Yésus munggah swarga, roh suci disokké ing dina Péntakosta. Kuwi dadi bukti nèk Yésus pancèn wis ana ing swarga. Ana manèh bukti liyané. Persis sakdurungé muridé Yésus sing setya, yaiku Stéfanus, dibandhemi watu nganti mati, dhèwèké kandha, ”Aku ndelok langit kebukak, lan Putrané manungsa ngadeg ing sisih tengené Gusti Allah.”​—Kisah 7:56.

Yésus ana ing swarga karo Bapaké, lan lagi nunggu préntah sing wis diramalké ing Kitab Suci. Wektu ing bumi, Yésus nyuplik ramalan sing diomongké Daud kuwi, ”Yéhuwah ngendika marang Gustiku, ’Lungguha ing sisih tengen-Ku nganti Aku nggawé mungsuh-mungsuhmu ana ing sakngisoré sikilmu.’” Nèk wis teka wektuné, Yésus bakal ’ngasta pamisésa [utawa, nduwé kuwasa] ing tengahé mungsuhé’. (Matius 22:44; Jabur 110:1, 2) Nanging, apa sing bakal ditindakké Yésus ing swarga saksuwéné ngentèni wektu kanggo Yésus nyingkirké para mungsuhé?

Ing Péntakosta taun 33 M, jemaat Kristen madeg. Saka swarga, Yésus mulai mréntah para muridé sing diurapi roh suci. (Kolose 1:13) Yésus nuntun ing gawéan nginjil lan nyiapké wong-wong kuwi kanggo tugas sukmbèn. Tugas apa? Nèk terus setya nganti mati, wong-wong kuwi bakal diuripké manèh lan bakal mréntah dadi raja bareng Yésus ing Kraton swarga.

Salah siji murid sing bakal dadi raja kuwi Saul, utawa jeneng Romawiné yaiku Paulus. Dhèwèké kuwi wong Yahudi sing semangat nindakké Hukumé Gusti Allah, nanging diblasukké para pemimpin agama Yahudi. Saul ndhukung upaya matèni Stéfanus. Merga wis diwènèhi wewenang saka Imam Agung Kayafas kanggo nangkep lan nggawa muridé Yésus menyang Yérusalèm, Saul lunga menyang Damaskus kanggo ”ngancem murid-muridé Gusti lan nduwé tékad kanggo matèni wong-wong kuwi”. (Kisah 7:58; 9:1) Nanging, wektu ing perjalanan, Saul ndelok ana cahya saka langit sing sumunar ing sakiwa-tengené, banjur Saul tiba ing lemah.

Ana swara sing kandha, ”Saul, Saul, ngapa kowé nganiaya aku?” Saul takon, ”Panjenengan sapa, Pak?” Swara kuwi njawab, ”Aku Yésus, sing kok aniaya.”​—Kisah 9:4, 5.

Yésus ngongkon Saul mlebu Damaskus lan nunggu préntah sakbanjuré. Nanging, Saul kudu dituntun menyang Damaskus, merga cahya mau nggawé Saul dadi wuta. Ing wahyu liyané, Yésus nemoni Ananias, salah siji muridé Yésus sing manggon ing Damaskus. Yésus ngandhani Ananias kanggo nggolèki Saul ing sawijiné panggonan. Ananias ragu-ragu nindakké kuwi, nanging Yésus ngyakinké, ”Mangkata waé, merga aku wis milih dhèwèké kanggo nggawa jenengku marang bangsa-bangsa liya, uga marang raja-raja lan wong-wong Israèl.” Akiré Saul isa ndelok manèh lan ”langsung martakké nèk Yésus kuwi Putrané Gusti Allah” ing Damaskus.​—Kisah 9:15, 20.

Merga dhukungané Yésus, Paulus lan para penginjil liyané isa terus nindakké gawéan nginjil sing wis dimulai Yésus. Gusti Allah mberkahi upayané wong-wong kuwi lan maringi akèh hasil. Kira-kira 25 taun sakbanjuré, Paulus nulis nèk kabar apik wis ”diwartakké marang kabèh ciptaan sing ana ing ngisor langit”.​—Kolose 1:23.

Pirang-pirang taun sakbanjuré, Yésus mènèhi sapérangan wahyu marang rasulé sing ditresnani, yaiku Yohanes. Kuwi ditulis ing buku Wahyu ing Alkitab. Liwat wahyu-wahyu kuwi, Yohanes ndelok rawuhé Yésus kanggo mréntah dadi Raja ing Kraton swarga. (Yohanes 21:22) ”Merga éntuk ilham saka Gusti Allah, aku [Yohanes] ana ing dinané Gusti.” (Wahyu 1:10) Kapan ”dinané Gusti” dimulai?

Ramalan Alkitab nduduhké nèk ”dinané Gusti” dimulai ing taun 1914. Pas taun kuwi, Perang Donya I kedadéan. Wiwit wektu kuwi, ana luwih akèh perang, penyakit, kurang pangan, gempa bumi, lan kedadéan-kedadéan èlèk liyané. Kuwi nduduhké nèk ”tandha” sing diwènèhké Yésus marang para rasul bab ”rawuhé” Yésus lan ”pungkasané jaman iki” wis kelakon. (Matius 24:3, 7, 8, 14) Kabar apik bab Kratoné Allah uga wis diwartakké, ora mung ing dhaérah kekuwasaané Romawi, nanging uga ing sak donya.

Yohanes éntuk wahyu sing nduduhké apa artiné iki: ”Gusti Allah wis nylametké manungsa lan kuwasané wis digawé dadi nyata! Kratoné wis madeg, lan Kristusé wis mulai nggunakké wewenangé!” (Wahyu 12:10) Dadi, Kratoné Allah ing swarga, sing mbiyèn diwartakké Yésus, bener-bener wis madeg.

Iki warta sing nyenengké banget kanggo kabèh muridé Yésus sing setya. Wong-wong kuwi uga bakal bungah merga omongané Yohanes, ”Bungaha swarga lan kowé kabèh sing manggon ing njeroné! Nanging cilaka kanggo bumi lan laut merga Iblis wis marani kowé. Dhèwèké nesu banget merga ngerti wektuné mung kari sithik.”​—Wahyu 12:12.

Dadi, Yésus wis ora lungguh manèh ing sisih tengené Bapaké kanggo ngentèni. Saiki dhèwèké wis mréntah dadi Raja, lan sedhéla manèh bakal nyingkirké para mungsuhé. (Ibrani 10:12, 13) Apa waé berkah-berkahé kanggo kita sukmbèn?