Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 139

Yésus Nggawé Bumi Dadi Firdaus

Yésus Nggawé Bumi Dadi Firdaus

1 KORINTUS 15:24-28

  • SING BAKAL DIALAMI WONG SING KAYA WEDHUS GÈMBÈL LAN WONG SING KAYA WEDHUS JAWA

  • AKÈH WONG BAKAL URIP ING BUMI FIRDAUS

  • YÉSUS KEBUKTI DADI DALAN, SING BENER, LAN SING MARAHI URIP

Ora suwé sakwisé dibaptis, Yésus ngadhepi mungsuh sing ngupaya tenanan kanggo nggawé Yésus gagal, malah sakdurungé Yésus miwiti pelayanané. Sétan pancèn bola-bali nggodha Yésus. Nanging, Yésus akiré kandha, ”Panguwasa donya iki bakal teka, lan dhèwèké ora nduwé kuwasa marang aku.”​—Yohanes 14:30.

Rasul Yohanes éntuk wahyu bab apa sing bakal dialami ”naga gedhé . . ., ula sing wiwitan, sing disebut Iblis lan Sétan”. Ing wahyu kuwi, mungsuhé umat manungsa sing kejem iki, diusir saka swarga lan dhèwèké ”nesu banget merga ngerti wektuné mung kari sithik”. (Wahyu 12:9, 12) Wong Kristen isa yakin nèk saiki, wektuné pancèn ”mung kari sithik” lan sedhéla manèh ”naga kuwi, yaiku ula sing wiwitan” bakal diuncalké ing jurang sing jero banget. Dhèwèké ora bakal isa ngapa-ngapa saksuwéné sèwu taun, yaiku wektu Yésus mréntah dadi Raja ing Kratoné Allah.​—Wahyu 20:1, 2.

Saksuwéné sèwu taun kuwi, apa sing bakal kelakon ing bumi, panggonan kita? Sapa sing bakal manggon ing kana, lan piyé mengko kahanané? Yésus dhéwé mènèhi jawabané. Ing umpama bab wedhus gèmbèl lan wedhus jawa, Yésus nduduhké apa sing bakal dialami wong-wong sing nduwé iman, sing diumpamakké kaya wedhus gèmbèl, sing ndhukung lan tumindak apik marang sedulur-seduluré Yésus. Yésus uga nerangké kanthi cetha apa sing bakal dialami wong-wong sing nentang, sing diumpamakké kaya wedhus jawa. Yésus kandha, ”Wong-wong iki [sing kaya wedhus jawa] bakal disirnakké saklawasé, nanging wong-wong sing bener [sing kaya wedhus gèmbèl] bakal nampa urip langgeng.”​—Matius 25:46.

Iki mbantu kita ngerti omongané Yésus marang rampok sing dihukum mati ing sisihé. Yésus ora mènèhi wong lanang kuwi berkah sing padha kaya berkahé Yésus marang para rasulé sing setya. Para rasul bakal mréntah dadi raja ing Kraton swarga, nanging marang penjahat kuwi Yésus janji, ”Saktenané aku kandha marang kowé dina iki, kowé bakal bebarengan karo aku ing Firdaus.” (Lukas 23:43) Dadi, wong lanang iki nduwé harapan urip ing Firdaus, sawijiné taman sing éndah ing bumi. Mula, isa disimpulké nèk wong-wong sing digambarké kaya wedhus gèmbèl bakal ”nampa urip langgeng” ing Firdaus kuwi uga.

Iki cocog karo gambaran sing dicritakké Yohanes bab kahanané bumi sukmbèn. Yohanes kandha, ”Kémahé Gusti Allah ana ing antarané manungsa. Panjenengané bakal manggon bareng karo wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi bakal dadi umaté. Gusti Allah bakal ana bareng karo wong-wong kuwi. Panjenengané bakal ngusapi sakèhé luh saka mripaté wong-wong kuwi. Lan pati ora bakal ana manèh. Kasusahan, tangisan, lan rasa lara uga ora bakal ana manèh. Perkara-perkara sing mbiyèn kelakon wis ora ana manèh.”​—Wahyu 21:3, 4.

Bèn isa urip ing Firdaus, penjahat mau kudu diuripké manèh. Nanging, ora mung dhèwèké sing bakal ngalami kuwi. Yésus kandha, ”Bakal tekan wektuné kabèh wong sing ana ing njero kuburan bakal ngrungokké swarané lan metu. Wong-wong sing tumindaké apik bakal diuripké manèh kanggo urip saklawasé, nanging sing tumindaké èlèk bakal diuripké manèh kanggo diadili.”​—Yohanes 5:28, 29.

Nanging, piyé karo para rasul sing setya lan wong-wong liyané sing bakal bareng Yésus ing swarga? Alkitab kandha, ”Wong-wong kuwi . . . bakal dadi imam-imam kanggo Gusti Allah lan kanggo Kristus, uga bakal mréntah dadi raja bareng Kristus 1.000 taun suwéné.” (Wahyu 20:6) Wong lanang lan wong wadon sing mréntah bareng Kristus kuwi mesthi bakal dadi raja sing welas asih lan pangertèn marang manungsa ing bumi, merga wong-wong kuwi asalé saka bumi.​—Wahyu 5:10.

Ing wektu kuwi, manfaat saka kurban tebusané Yésus bakal dirasakké kabèh manungsa ing bumi lan mbébaské pengaruh saka kutukan dosa warisan. Yésus lan sing mréntah bareng dhèwèké bakal mbantu manungsa dadi sampurna. Hasilé, kabèh wong bakal ngrasakké urip kaya sing dikersakké Gusti Allah marang Adam lan Hawa mbiyèn. Gusti Allah ndhawuhi bèn Adam lan Hawa nduwé keturunan lan ngebaki bumi. Malah, pati sing dadi akibat dosané Adam uga bakal ora ana manèh.

Banjur, Yésus bakal ngrampungké kabèh tugasé saka Yéhuwah. Ing pungkasané Pamréntahan Sèwu Taun, Yésus bakal masrahké Kratoné Allah lan manungsa sing sampurna marang Bapaké. Bab sipat andhap asoré Yésus sing nggumunké iki, Paulus tau kandha, ”Sakwisé kabèh digawé tundhuk marang dhèwèké, Putra dhéwé bakal tundhuk marang Gusti Allah sing wis nggawé kabèh padha tundhuk marang Putra. Nganggo cara kuwi, Gusti Allah dadi Panguwasa siji-sijiné kanggo sakabèhé.”​—1 Korintus 15:28.

Cetha banget nèk Yésus kuwi nduwé peran penting kanggo mujudké kersané Gusti Allah sing nggumunké. Sukmbèn, malah nganti saklawas-lawasé, kersané Gusti Allah bakal terus disingkapké, lan Yésus bakal terus dadi ”dalan, lan sing bener, lan sing marahi urip”.​—Yohanes 14:6.