Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAGÉAN 4

Pelayanané Yésus ing Yudéa

”Nyuwuna marang sing nduwé panènan supaya ngutus luwih akèh wong.”​—Lukas 10:2

Pelayanané Yésus ing Yudéa

ING BAGÉAN IKI

BAB 66

Ing Yérusalèm kanggo Ngrayakké Riyaya Tabernakel

Apa sebabé wong-wong sing ngrungokké Yésus kandha nèk Yésus kesurupan roh jahat?

BAB 67

”Ora Ana Wong Siji-Sijia sing Omongané Kaya Yésus”

Mahkamah agung Yahudi nglawan Yésus, nanging ana salah siji anggotané sing mbéla Yésus.

BAB 68

Putrané Gusti Allah Kuwi ”Pepadhangé Donya”

Yésus kandha nèk ”apa sing bener kuwi bakal mbébaské kowé”. Bébas saka apa?

BAB 69

Bapaké Wong-Wong Kuwi Abraham utawa Iblis?

Yésus nduduhké carané ngerti sapa keturunané Abraham kuwi. Yésus uga ngandhani sapa Bapaké Yésus.

BAB 70

Yésus Marèkké Wong Lanang sing Wuta Wiwit Lair

Para murid takon sebabé kok ana wong sing wuta wiwit lair. Akèh pendapat sing béda-béda wektu Yésus marèkké wong lanang kuwi.

BAB 71

Wong Farisi Nakoni Manèh Wong Lanang sing Mauné Wuta

Omongané wong lanang sing mauné wuta nggawé wong Farisi nesu. Kaya sing dikuwatirké wong tuwané, wong Farisi ngusir wong lanang kuwi saka sinagogé.

BAB 72

Yésus Ngutus 70 Murid kanggo Nginjil

Yésus ngutus 70 murid kanggo nginjil bab Kraton ing Yudéa. Para murid kudu nginjil ing sinagogé-sinagogé utawa ing omah-omah?

BAB 73

Wong Samaria Kebukti Dadi Pepadha sing Sejati

Piyé Yésus mènèhi piwulang sing apik kanthi cara nyritakké bab wong Samaria sing apikan?

BAB 74

Piwulang bab Seneng Nampa Tamu lan bab Donga

Yésus nekani omahé Maria lan Marta. Apa sing Yésus wulangké bab seneng nampa tamu? Lan piyé carané Yésus mulang para muridé bab donga?

BAB 75

Yésus Nduduhké Carané Bèn Isa Bungah

Yésus ngandhani bab ”drijiné Gusti Allah” lan apa maksudé Kratoné Allah wis ana ing antarané wong-wong kuwi. Yésus uga nduduhké carané bèn isa bener-bener bungah.

BAB 76

Yésus Maem Bareng karo Wong Farisi

Yésus nduduhké nèk wong Farisi lan para ahli Taurat kuwi munafik, merga nggawé wong-wong kudu mikul beban sing abot. Beban apa sing dimaksud?

BAB 77

Yésus Mènèhi Naséhat bab Bandha

Yésus mènèhi umpama bab wong lanang sugih sing mbangun gudhang sing luwih gedhé. Piyé Yésus ngélikké bab bahayané ngoyak bandha?

BAB 78

Tetepa Siap, Pengurus sing Setya!

Yésus ngongkon para muridé kanggo njaga rohaniné tetep apik. Apa tugasé pengurus? Apa sebabé naséhat bèn tetep siap kuwi penting?

BAB 79

Wong Yahudi sing Ora Nduwé Iman Bakal Disirnakké

Yésus kandha nèk wong-wong kudu mertobat bèn ora disirnakké. Apa wong-wong kuwi bakal nggatèkké pangéling-éling sing diwènèhké Yésus?

BAB 80

Pangon sing Apik lan Rong Kandhang Wedhus

Perasaané pangon marang wedhus-wedhusé kuwi kaya perasaané Yésus marang para muridé. Apa wong-wong kuwi nggatèkké lan ngetutké Yésus?

BAB 81

Apa Maksudé Yésus lan Bapaké Kuwi Siji?

Ana wong-wong sing nudhuh Yésus madhakké dhèwèké kaya Gusti Allah. Piyé carané Yésus mènèhi jawaban bab tudhuhan kuwi?