Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 71

Wong Farisi Nakoni Manèh Wong Lanang sing Mauné Wuta

Wong Farisi Nakoni Manèh Wong Lanang sing Mauné Wuta

YOHANES 9:19-41

  • WONG FARISI NAKONI MANÈH WONG LANANG SING MAUNÉ WUTA

  • PARA PEMIMPIN AGAMA KUWI SAKJANÉ ”WUTA”

Wong Farisi ora gelem percaya nèk Yésus wis marèkké wong lanang sing wuta wiwit lair, mula wong tuwané wong wuta mau diceluk. Wong tuwané wong wuta mau ngerti nèk isa waé ”diusir saka sinagogé”. (Yohanes 9:22) Nèk nganti kuwi kelakon, keluargané isa dimungsuhi masyarakat lan dadi miskin.

Wong Farisi nakokké rong pitakonan, ”Apa iki anakmu sing jarému wuta wiwit lair? Terus, saiki dhèwèké kok isa ndelok?” Wong tuwané njawab, ”Iki pancèn anakku, lan dhèwèké pancèn wuta wiwit lair. Nanging bab piyé dhèwèké saiki isa ndelok, aku ora ngerti. Utawa sapa sing marèkké dhèwèké, aku ya ora ngerti.” Senajan anaké wis nyritakké kedadéané, nanging wong tuwané tetep ora gelem mèlu-mèlu, banjur kandha, ”Takona dhéwé. Dhèwèké kan wis gedhé, isa njawab dhéwé.”​—Yohanes 9:19-21.

Mula, wong Farisi nyeluk manèh wong lanang sing mauné wuta kuwi lan kandha nèk wong Farisi nduwé bukti sing nduduhké Yésus kuwi wong dosa, kandhané, ”Luhurna Gusti Allah kanthi ngomong sing saktenané. Aku kabèh ngerti nèk dhèwèké kuwi wong dosa.” Nanging wong lanang mau njawab, ”Embuh dhèwèké kuwi wong dosa apa ora, aku ora ngerti. Sakngertiku, mauné aku wuta nanging saiki aku isa ndelok.”​—Yohanes 9:24, 25.

Ora trima, wong Farisi kandha manèh, ”Kowé dikapakké karo wong kuwi? Piyé carané dhèwèké marèkké kowé?” Kanthi kendel wong lanang kuwi njawab, ”Aku kan wis ngandhani kowé, nanging kowé ora gelem ngrungokké. Ngapa kok kowé péngin krungu manèh? Apa kowé ya péngin dadi muridé?” Karo nesu, wong Farisi njawab, ”Kowé kuwi muridé, nanging aku kabèh muridé Musa. Aku kabèh ngerti nèk Gusti Allah ngendika marang Musa, nanging bab wong kuwi, aku kabèh ora ngerti asalé saka ngendi.”​—Yohanes 9:26-29.

Karo nggumun, pengemis kuwi kandha, ”Kok anèh tenan nèk kowé ora ngerti asalé saka ngendi, padahal dhèwèké wis marèkké aku.” Wong lanang kuwi banjur mènèhi penalaran sing masuk akal, kandhané, ”Awaké dhéwé kan ngerti nèk Gusti Allah ora mirengké wong dosa, nanging Gusti Allah mirengké wong-wong sing wedi marang Panjenengané lan nindakké kersané. Wiwit jaman mbiyèn, awaké dhéwé ora tau krungu ana wong sing isa marèkké wong wuta wiwit lair.” Dhèwèké nyimpulké, ”Nèk wong iki dudu utusané Gusti Allah, dhèwèké ora bakal isa nindakké apa-apa.”​—Yohanes 9:30-33.

Wong Farisi ora isa mbantah manèh omongané pengemis kuwi, lan kandha, ”Kowé kuwi wong sing kebak dosa wiwit lair, lan saiki kowé arep mulang aku?” Wong Farisi banjur ngusir wong lanang kuwi.​—Yohanes 9:34.

Wektu krungu bab kedadéan iki, Yésus banjur nemoni wong lanang kuwi lan takon, ”Apa kowé nduwé iman marang Putrané manungsa?” Wong lanang kuwi njawab, ”Dhèwèké kuwi sapa, Pak? Kandhanana aku supaya aku isa nduwé iman marang dhèwèké.” Yésus banjur njelaské, ”Kowé wis ndelok dhèwèké. Malah, dhèwèké lagi omongan karo kowé.”​—Yohanes 9:35-37.

Wong lanang kuwi njawab, ”Aku nduwé iman marang dhèwèké, Gusti.” Kanggo nduduhké nèk dhèwèké nduwé iman lan ngajèni Yésus, wong lanang kuwi sujud ing ngarepé Yésus. Yésus banjur kandha, ”Aku teka menyang donya supaya donya iki isa diadili. Mula wong-wong wuta isa ndelok, lan wong-wong sing isa ndelok dadi wuta.”​—Yohanes 9:38, 39.

Wong Farisi sing ana ing kono rumangsa ora wuta, nanging ngira nèk Yésus lagi ngelokké wong-wong kuwi sing ora mulang nganggo cara sing bener. Mula, padha takon, ”Dadi maksudmu, aku kabèh ya wuta?” Yésus njawab, ”Nèk kowé wuta, kowé ora dosa. Nanging merga kowé kandha, ’Aku isa ndelok,’ mula dosamu ora bakal diapura.” (Yohanes 9:40, 41) Nèk wong-wong kuwi dudu guru-guru ing Israèl, nolak Yésus sing dadi Mèsias kuwi bab sing lumrah. Nanging, merga wong-wong kuwi ngerti akèh bab Hukum Taurat, nolak Yésus kuwi dosa sing sérius.