Langsung mlebu

Kerajaané Gusti Allah Kuwi Apa?

Kerajaané Gusti Allah Kuwi Apa?

Apa kuwi . . .

  • panggonan ing swarga?

  • pamréntahané Gusti Allah?

  • ora ngerti

ALKITAB KANDHA

”Gusti Allah sing nguwasani swarga bakal ngedegké kerajaan sing ora bakal dihancurké.”​—Danièl 2:44, Terjemahan Donya Anyar.

”Kerajaané Gustiné awaké dhéwé lan Kristusé saiki wis mréntah donya.”​—Wahyu 11:15.

MANFAATÉ NGERTI SOAL KUWI

Njenengan dadi ngerti nèk

SING DITULIS ING ALKITAB ISA DIPERCAYA

Alesané ana loro:

  • Yésus wis nduduhké apa sing bakal ditindakké Kerajaané Gusti Allah. Yésus ngongkon murid-muridé ndonga bèn Kerajaané Gusti Allah ndang teka lan sing dikarepké Gusti Allah kelakon ing bumi. (Matius 6:9, 10) Sukmbèn, Yésus dadi raja Kerajaané Gusti Allah.

    Pas ing bumi, Yésus wis nduduhké nèk dhèwèké isa mènèhi mangan wong akèh, marèkké wong lara, lan nguripké wong mati. (Matius 15:29-38; Yohanes 11:38-44) Kuwi kabèh nduduhké nèk Kerajaané Gusti Allah isa ngatasi kabèh masalahé manungsa lan donga sing diwulangké Yésus mau bakal kelakon.​—Wahyu 11:15.

  • Keadaané donya mbuktèkké nèk Kerajaané Gusti Allah ora suwé manèh bakal teka. Yésus tau ngomong nèk sakdurungé Kerajaané Gusti Allah nggawé donya iki dadi ayem tentrem, ing endi-endi bakal ana perang, kelaparan, lan gempa bumi.​—Matius 24:3, 7.

    Kuwi wis kelakon saiki. Dadi, awaké dhéwé isa yakin nèk Kerajaané Gusti Allah bakal ndang ngrampungi kabèh masalah.

KANGGO DIPIKIRKÉ

Wektu Kerajaané Gusti Allah mréntah, piyé keadaané rakyaté?

Jawabané ana ing MAZMUR 37:29 lan YÉSAYA 65:21-23.