Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB PAPAT

Yésus Kristus Kuwi Sapa?

Yésus Kristus Kuwi Sapa?

1, 2. (a) Nèk mung ngerti jenengé, apa tegesé panjenengan mesthi kenal tenan karo wongé? Terangna. (b) Apa sing dipikirké wong-wong bab Yésus?

AKÈH wong sing terkenal ing donya iki. Mbokmenawa panjenengan ngerti jenengé. Ning, ngerti jenengé thok durung mesthi kenal tenan karo wongé. Durung mesthi panjenengan weruh dhéwé uripé saben dina lan ngerti tenan sipat-sipaté.

2 Mbokmenawa, panjenengan wis tau krungu bab Yésus Kristus senajan Yésus urip ing bumi 2.000 taun kepungkur. Ning, akèh wong durung kenal tenan sapa sakjané Yésus iku. Ana sing ngomong nèk Yésus kuwi wong sing sipat-sipaté apik. Ana sing ngomong Yésus kuwi nabi, lan ana sing percaya Yésus kuwi Gusti Allah. Nèk miturut panjenengan piyé?​—Deloken Cathetan 12.

3. Apa sebabé ngerti katrangan sing bener bab Yéhuwah lan Yésus kuwi penting banget?

3 Ngerti katrangan sing bener bab Yésus kuwi penting banget. Apa sebabé? Alkitab kandha, ”Wondéné menggah gesang langgeng punika manawi tiyang sami wanuh kaliyan Paduka, Allah ingkang sajati piyambak, sarta dhateng Yésus Kristus utusan Paduka.” (Yokanan 17:3) Nèk ngerti katrangan sing bener bab Yéhuwah lan Yésus, panjenengan isa urip saklawasé ing pirdus ing bumi. (Yokanan 14:6) Ngerti bab Yésus uga penting banget, merga Yésus kuwi conto sing paling apik kanggo awaké dhéwé. Yésus dadi conto kanggo nglakoni urip, lan pas urusan karo wong liya. (Yokanan 13:34, 35) Ing bab 1 buku iki, awaké dhéwé wis sinau bab Gusti Allah. Saiki awaké dhéwé arep sinau kandhané Alkitab bab Yésus.

AKU WIS KETEMU KARO SANG MÈSIH

4. Apa tegesé tembung ”Mèsih” lan ”Kristus”?

4 Suwé sakdurungé Yésus lair ing bumi, Yéhuwah janji nèk bakal ngutus Sang Mèsih, utawa Kristus. Janji kuwi ditulis ing Alkitab. Tembung ”Mèsih” asalé saka basa Ibrani, lan tembung ”Kristus” asalé saka basa Yunani. Rong sebutan kuwi tegesé, Gusti Allah bakal milih lan maringi jabatan sing istiméwa kanggo Sang Mèsih. Sang Mèsih bakal mujudké kabèh janjiné Gusti Allah. Yésus uga isa mbantu uripé panjenengan saiki. Ning, sakdurungé Yésus lair, wong-wong padha ngira-ira, ’Sapa sing bakal dadi Sang Mèsih?’

5. Murid-murid percaya apa bab Yésus?

5 Murid-muridé Yésus percaya nèk Yésus kuwi Sang Mèsih, sing wis dijanjèkké Gusti Allah. (Yokanan 1:41) Contoné, Simon Pétrus kandha marang Yésus, ”Paduka punika Sang Kristus.” (Matéus 16:16) Piyé awaké dhéwé isa percaya nèk Yésus kuwi Sang Mèsih?

6. Piyé carané Yéhuwah mbantu wong-wong sing tulus atiné nitèni Sang Mèsih?

6 Suwé sakdurungé Yésus lair, nabiné Gusti Allah nulis katrangan sing isa mbantu wong-wong nitèni Sang Mèsih. Piyé carané? Coba bayangna, panjenengan lagi ing terminal bis sing kebak wong, panjenengan arep methuk wong sing durung tau panjenengan temoni. Nèk panjenengan dikèki katrangan sing cetha bab wong kuwi, gampang banget nemokké wong kuwi, ta? Semono uga, Yéhuwah nggunakké para nabiné kanggo ngandhani awaké dhéwé bab Sang Mèsih, klebu sing bakal ditindakké lan sing bakal dialami. Kabèh ramalan sing wis kelakon isa mbantu wong-wong sing tulus atiné bèn ngerti nèk Yésus kuwi Sang Mèsih.

7. Rong ramalan apa sing mbuktèkké nèk Yésus kuwi Sang Mèsih?

7 Ana rong ramalan. Sing nomer siji, nabi Mikha ngramal nèk Sang Mèsih bakal lair ing kutha cilik sing jenengé Bètléhèm. Ramalan kuwi ditulis 700 taun sakdurungé Yésus lair. (Mikha 5:1) Ya pancèn Yésus lair ing kono. (Matéus 2:1, 3-9) Sing nomer loro, Dhanièl ngramal nèk Sang Mèsih bakal teka taun 29 Masèhi. (Dhanièl 9:25) Ramalan sing mbuktèkké nèk Yésus kuwi Sang Mèsih ora mung loro. Sakjané isih ana ramalan liyané.​—Deloken Cathetan 13.

Pas dibaptis Yésus dadi Sang Mèsih, utawa Kristus

8, 9. Ana kedadéan apa pas Yésus dibaptis, sing mbuktèkké nèk Yésus kuwi Sang Mèsih?

8 Yéhuwah cetha ngandhani nèk Yésus kuwi Sang Mèsih. Yéhuwah janji marang Yokanan Pembaptis nèk bakal maringi tandha, sapa sakjané Sang Mèsih kuwi. Wektu mbaptis Yésus ing Kali Yardèn taun 29 M, Yokanan weruh tandha kuwi. Alkitab kandha, ”Sawisé kabaptis Gusti Yésus banjur mentas saka ing banyu, lah ing kono langit tumuli piyak lan Panjenengané mirsa Rohing Allah tumedhak pindha manuk dara, anedhaki Panjenengané. Banjur ana swara saka ing swarga, kang ngandika: ’Iki PutraningSun, kekasihingSun, kang ndadèkaké renaning panggalihingSun.’” (Matéus 3:16, 17) Wektu weruh lan krungu tandha kuwi, Yokanan ngerti nèk Yésus kuwi Sang Mèsih. (Yokanan 1:32-34) Dina kuwi, pas Yéhuwah maringi roh suciné marang Yésus, Yésus dadi Sang Mèsih. Yésus sing dipilih Gusti Allah dadi Pemimpin lan Raja.​—Yésaya 55:4.

9 Ramalané Alkitab, ngendikané Yéhuwah dhéwé, lan tandha pas Yésus dibaptis dadi bukti nèk Yésus kuwi Sang Mèsih. Ning, Yésus kuwi asalé saka endi, lan piyé sipat-sipaté? Coba gatèkna kandhané Alkitab.

YÉSUS ASALÉ SAKA ENDI?

10. Alkitab mulang apa bab uripé Yésus sakdurungé teka ing bumi?

10 Alkitab mulang nèk Yésus wis manggon ing swarga suwé sakdurungé teka ing bumi. Nabi Mikha kandha nèk Sang Mèsih wis ana ”wiwit ing jaman kuna”. (Mikha 5:1) Yésus bola-bali ngendika, nèk wis manggon ing swarga sakdurungé lair dadi manungsa. (Wacanen Yokanan 3:13; 6:38, 62; 17:4, 5.) Sakdurungé teka ing bumi, Yésus nduwé hubungan sing istiméwa karo Yéhuwah.

11. Apa sebabé Yésus aji banget kanggo Yéhuwah?

11 Yésus aji banget kanggo Yéhuwah. Apa sebabé? Merga Yésus sing nomer siji digawé, sakdurungé ana liyané. Mula, Yésus disebut ”kang pambayun [utawa, sing mbarep]”. * (Kolosé 1:15) Yésus uga aji banget kanggo Yéhuwah, merga mung Yésus thok sing digawé langsung karo Yéhuwah dhéwé. Mula, Yésus disebut ”Kang Putra ontang-anting”. (Yokanan 3:16) Mung Yésus sing digunakké Yéhuwah kanggo nggawé liya-liyané. (Kolosé 1:16) Yésus disebut ”Sang Sabda”, merga Yéhuwah nggunakké Yésus kanggo neruské dhawuhé Yéhuwah marang para malaékat lan manungsa.​—Yokanan 1:14.

12. Saka endi awaké dhéwé isa ngerti nèk Yésus kuwi dudu Gusti Allah?

12 Ana sing percaya nèk Yésus karo Gusti Allah kuwi padha. Ning, kuwi dudu wulangan saka Alkitab. Alkitab kandha nèk Yésus ana sing nggawé. Kuwi tegesé Yésus ana wiwitané. Ning Yéhuwah, sing nggawé jagat iki, ora ana wiwitané. (Jabur 90:2) Senajan dadi Putrané Gusti Allah, Yésus ora tau péngin dadi Gusti Allah. Alkitab cetha mulang nèk Bapak ngluwihi Yésus. (Wacanen Yokanan 14:28; 1 Korinta 11:3.) Mung Yéhuwah Allah Sing Mahakuwasa. (Purwaning Dumadi 17:1) Yéhuwah sing paling luhur lan paling kuwasa ing jagat iki.​—Deloken Cathetan 14.

13. Apa sebabé Alkitab kandha nèk Yésus kuwi ”citrané Gusti Allah kang ora katingal”?

13 Yéhuwah lan Yésus nyambut gawé bebarengan milyaran taun suwéné, sakdurungé langit lan bumi digawé. Mesthiné Yéhuwah lan Yésus padha nresnani siji lan sijiné, ta? (Yokanan 3:35; 14:31) Yésus niru sipat-sipaté Yéhuwah, mula disebut ”citrané Gusti Allah kang ora katingal”.​—Kolosé 1:15.

14. Kok isa putrané Gusti Allah lair dadi manungsa?

14 Yésus lila ninggalké swarga, lan gelem lair dadi manungsa. Kok isa? Yéhuwah nggawé mukjijat, mindhah uripé Yésus ing kandhungané Maryam sing isih prawan. Merga cara iki, Yésus ora nduwé bapak manungsa. Bayi sing dilairké Maryam ora nduwé dosa utawa sampurna. Bayi kuwi dijenengi Yésus.​—Lukas 1:30-35.

PIYÉ SIPAT-SIPATÉ YÉSUS?

15. Piyé carané panjenengan isa ngerti luwih akèh bab Yéhuwah?

15 Panjenengan isa sinau bab Yésus, uripé, lan sipat-sipaté nèk maca buku Matéus, Markus, Lukas, lan Yokanan. Buku-buku kuwi disebut Injil. Merga Yésus persis kaya Yéhuwah, awaké dhéwé uga isa ngerti luwih akèh bab Yéhuwah nèk maca Injil. Yésus ngendika, ”Sing sapa wus ndeleng Aku, iku wus ndeleng Sang Rama.”​—Yokanan 14:9.

16. Apa sing diwulangké Yésus? Piwulangé kuwi asalé saka endi?

16 Akèh wong nyebut Yésus, ”Guru”. (Yokanan 1:38; 13:13) Salah sijiné bab penting sing diwulangké Yésus yaiku ”Injiling Kraton”. Kraton apa? Kuwi pamréntahané Gusti Allah ing swarga, sing bakal mréntah saklumahing bumi lan mberkahi wong-wong sing manut karo Gusti Allah. (Matéus 4:23) Kabèh sing diwulangké Yésus asalé saka Yéhuwah. Yésus ngendika, ”Piwulang iki dudu piwulangKu dhéwé, nanging piwulangé kang ngutus Aku.” (Yokanan 7:16) Yésus ngerti nèk Yéhuwah péngin wong-wong krungu kabar apik bab Kratoné Gusti Allah sing bakal mréntah bumi.

17. Ing endi waé Yésus mulang? Apa sebabé Yésus ngupaya tenanan mulang wong liya?

17 Ing endi waé Yésus mulang? Yésus mulang ing kutha, désa, pasar, panggonan kanggo ibadah, lan omah-omah, utawa ing endi waé sing ana wongé. Yésus ora péngin diparani, ning malah marani wong-wong. (Markus 6:56; Lukas 19:5, 6) Yésus ngupaya tenanan lan nggunakké wektu uga tenagané kanggo mulang wong-wong. Apa sebabé? Merga Yésus ngerti nèk kuwi kersané Gusti Allah, lan Yésus mesthi manut karo kabèh dhawuhé Gusti Allah. (Yokanan 8:28, 29) Yésus uga nginjil merga mesakké karo wong-wong. (Wacanen Matéus 9:35, 36.) Yesus ngerti nèk para pemimpin agama ora mulang sing bener bab Gusti Allah lan Kratoné. Dadi, Yésus ngupaya tenanan mbantu sak akèh-akèhé wong, bèn ngerti kabar apik bab Kratoné Gusti Allah.

18. Sipaté Yésus endi sing paling panjenengan senengi?

18 Yésus nresnani lan nggatèkké wong-wong. Yésus apikan lan gampang dicedhaki. Malah, bocah-bocah cilik ora wedi karo Yésus. (Markus 10:13-16) Yésus ora tau mbédak-mbédakké wong. Yésus sengit karo korupsi lan tumindak ora adil. (Matéus 21:12, 13) Ing jamané Yésus, wong-wong wadon ora diajèni lan wewenangé dibatesi. Ning, Yésus ngajèni para wong wadon kuwi. (Yokanan 4:9, 27) Yésus uga andhap asor. Contoné, Yésus wis tau ngwijiki sikilé para muridé, padahal sakjané kuwi gawéané batur utawa pembantu.​—Yokanan 13:2-5, 12-17.

Yésus martakké Injil ing endi waé sing ana wongé

19. Conto apa sing mbuktèkké nèk Yésus pancèn ngerti kebutuhané wong liya lan péngin mbantu?

19 Yésus ngerti tenan kebutuhané wong liya, lan péngin mbantu. Kuwi kétok wektu Yésus nambani wong lara nganggo kuwasané Gusti Allah. (Matéus 14:14) Contoné, ana wong lanang sing lara kusta marani Yésus, banjur ngomong, ”Manawi Paduka karsa, tamtu saged mbirat najis kawula.” Yésus mesakké lan mèlu ngrasakké kasusahané wong kuwi lan péngin mbantu. Mula, Yésus ndemèk wong mau lan ngendika, ”Aku karsa, birata najismu.” Wong kuwi banjur mari larané. (Markus 1:40-42) Piyé rasané nèk panjenengan dadi wong lanang kuwi?

SETYA MARANG YÉHUWAH

20, 21. Apa sebabé Yésus kuwi tuladha sing paling apik kanggo setya marang Yéhuwah?

20 Yésus kuwi tuladha sing paling apik kanggo setya marang Yéhuwah. Senajan ngadhepi sengsara, Yésus tetep setya marang Yéhuwah. Contoné, Yésus ora gelem manut wektu digodha Iblis. (Matéus 4:1-11) Ana keluargané Yésus sing ora percaya nèk Yésus kuwi Sang Mèsih, malah diunèkké ”ora waras”, ning Yésus tetep nindakké kersané Gusti Allah. (Markus 3:21, BJP) Pas disiksa mungsuh-mungsuhé, Yésus tetep setya marang Gusti Allah lan ora mbales wong-wong kuwi.​—1 Pétrus 2:21-23.

21 Yésus tetep setya marang Yéhuwah, senajan disiksa nganti tekan sédané. (Wacanen Filipi 2:8.) Coba bayangna kasangsarané Yésus wektu arep séda. Yésus dicekel, ditudhuh sing ora-ora, diukum karo hakim sing ora adil, diécé, disiksa, lan dipaku ing cagak kayu. Karo masrahké nyawané, Yésus ngendika, ”Wus rampung!” (Yokanan 19:30) Telung dina sakwisé Yésus séda, Yéhuwah nguripké manèh Yésus lan maringi Yésus badan roh. (1 Pétrus 3:18) Pirang-pirang minggu sakwisé Yésus bali ing swarga, Yésus ”lenggah ana ing tengené Gusti Allah”, lan ngentèni didadèkké Raja.​—Ibrani 10:12, 13.

22. Merga Yésus tetep setya marang Yéhuwah, awaké dhéwé isa nduwé pengarep-arep apa?

22 Merga Yésus tetep setya marang Yéhuwah, awaké dhéwé isa nduwé pengarep-arep urip saklawasé ing pirdus ing bumi, kaya sing dikersakké Yéhuwah. Ing bab 5, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané sédané Yésus isa nggawé manungsa urip saklawasé.

^ par. 11 Yéhuwah disebut Bapak merga sing nggawé urip. (Yésaya 64:8) Yésus disebut Putrané Gusti Allah merga Yésus digawé Yéhuwah. Malaékat lan manungsa kaya Adam uga isa disebut putrané Gusti Allah.​—Ayub 1:6; Lukas 3:38.