Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB LIMA

Tebusan Kuwi Hadiah saka Gusti Allah

Tebusan Kuwi Hadiah saka Gusti Allah

1, 2. (a) Hadiah kaya apa sing aji kanggo panjenengan? (b) Apa sebabé tebusan kuwi hadiah sing paling aji saka Gusti Allah?

HADIAH paling nyenengké apa sing wis tau panjenengan tampa? Hadiah kuwi ora kudu sing larang regané. Hadiah kuwi aji banget nèk isa nggawé panjenengan seneng, lan pancèn kuwi sing bener-bener dibutuhké.

2 Gusti Allah wis maringi akèh hadiah kanggo manungsa. Ning, ana hadiah sing paling aji lan paling dibutuhké manungsa. Ing bab iki, awaké dhéwé bakal sinau nèk Yéhuwah ngutus Putrané yaiku Yésus Kristus, bèn manungsa isa urip saklawasé. (Wacanen Matéus 20:28.) Yéhuwah ngutus Yésus ing bumi dadi tebusan, merga Yéhuwah tresna banget karo manungsa.

TEBUSAN KUWI APA, TA?

3. Apa sebabé manungsa mati?

3 Tebusan kuwi carané Yéhuwah kanggo mbébaské manungsa saka dosa lan pati. (Éfesus 1:7) Bèn isa ngerti apa sebabé tebusan dibutuhké manungsa, awaké dhéwé kudu ngerti kedadéan ing Taman Èden mbiyèn. Adam lan Kawa mati merga dosa. Awaké dhéwé ya mati, merga éntuk warisan dosa saka Adam lan Kawa.​—Deloken Cathetan 9.

4. Adam kuwi sapa, lan piyé uripé Adam mbiyèn?

4 Wektu Yéhuwah nggawé manungsa sing sepisanan yaiku Adam, uripé Adam sampurna. Kuwi berkah sing aji banget kanggo Adam. Awak lan pikirané Adam ora ana cacadé. Adam ora tau lara, ora dadi tuwa, lan ora bakal mati. Hubungané Adam lan Gusti Allah kaya bapak karo anaké. Yehuwah disebut Bapaké Adam, merga Yéhuwah sing nggawé Adam. (Lukas 3:38) Yéhuwah kerep omong-omongan karo Adam. Gusti Allah ngandhani kersané lan maringi gawéan sing nyenengké kanggo Adam.​—Purwaning Dumadi 1:28-30; 2:16, 17.

5. Apa tegesé kandhané Alkitab nèk Adam kuwi digawé ”miturut gambaré” Gusti Allah?

5 Adam digawé ”miturut gambaré” Gusti Allah. (Purwaning Dumadi 1:27) Kuwi tegesé Adam nduwé sipat-sipat kaya Yéhuwah, klebu tresna, pinter utawa wicaksana, adil, lan kuwasa. Adam dudu robot. Yéhuwah maringi Adam kebébasan kanggo milih, mula Adam isa milih arep nindakké sing bener utawa sing salah. Nèk Adam milih manut karo Yéhuwah, dhèwèké isa urip saklawasé ing Pirdus.

6. Wektu Adam ora manut karo Yéhuwah, Adam kélangan apa waé? Piyé akibaté kanggo manungsa liyané?

6 Wektu Adam ora manut lan éntuk hukuman mati saka Yéhuwah, Adam kélangan uripé sing sampurna lan omahé yaiku Pirdus. Adam uga ora isa kekancan manèh karo Yéhuwah. (Purwaning Dumadi 3:17-19) Adam lan Kawa ora nduwé pengarep-arep manèh, merga milih ora manut karo Gusti Allah. Mula, ”tekané dosa ing jagad jalaran saka wong siji, sarta tekané pati marga saka dosa mau, mangkono si pati iya wus nyrambahi marang wong kabèh, jalaran wong kabèh mau wus padha gawé dosa.” (Rum 5:12) Wektu dosa, Adam lan kabèh manungsa ”kaedol”, utawa dikuwasani dosa lan pati. (Rum 7:14) Apa isih ana pengarep-arep kanggo manungsa? Ana.

7, 8. Tebusan kuwi apa, ta?

7 Tebusan kuwi apa, ta? Kuwi tegesé ana loro. Sing nomer siji, tebusan kuwi rega sing dibayar kanggo mbébaské wong sing diculik, utawa nebus barang ing pegadhéan. Sing nomer loro, tebusan kuwi rega sing kudu dibayar, lan regané kudu padha karo sing dijaluk.

8 Ora ana manungsa sing isa ngganti kabèh sing diilangké Adam. Ning, Yéhuwah nyedhiyakké cara kanggo mbébaské manungsa saka dosa lan pati. Saiki awaké dhéwé arep sinau carané Yéhuwah nebus manungsa, lan apa gunané tebusan kuwi kanggo manungsa.

CARANÉ YÉHUWAH NEBUS MANUNGSA

9. Tebusan dibayar nganggo apa?

9 Ora ana manungsa sing isa ngganti urip sampurna sing wis diilangké Adam. Apa sebabé? Merga kabèh manungsa ora sampurna. (Jabur 49:8, 9) Tebusan kudu dibayar nganggo urip sing sampurna. Kuwi sebabé disebut ”tebusan sing padha regané karo sing kudu dibayar”. (1 Timotéus 2:6, Terjemahan Dunia Baru [NW]) Dadi, sing dinggo ngganti kudu padha karo sing diilangké Adam.

10. Piyé carané Yéhuwah nebus manungsa?

10 Piyé carané Yéhuwah nebus manungsa? Yéhuwah ngutus Putrané sing paling ditresnani teka ing bumi. Yésus kuwi sing sepisanan digawé Yéhuwah. (1 Yokanan 4:9, 10) Yésus lila ninggalké Bapaké lan omahé ing swarga. (Filipi 2:7) Yéhuwah mindhah uripé Yésus saka swarga ing bumi, lan Yésus lair dadi manungsa sing sampurna, ora nduwé dosa.​—Lukas 1:35.

Yéhuwah ngurbanké Putrané sing paling ditresnani kanggo nebus manungsa

11. Piyé wong siji isa dadi tebusan kanggo wong akèh?

11 Adam kélangan uripé sing sampurna wektu dhèwèké ora manut karo Yéhuwah. Apa ana sing isa nylametké keturunané Adam? Ana. (Wacanen Rum 5:19.) Yésus sing sampurna masrahké nyawané kanggo nebus manungsa. (1 Korinta 15:45) Uripé Yésus sing sampurna kuwi isa nylametké kabèh keturunané Adam.​—1 Korinta 15:21, 22.

12. Apa sebabé Yésus ngalami kasusahan sing abot sakdurungé séda?

12 Alkitab nyritakké sing dialami Yésus sakdurungé séda. Yésus disiksa nganggo cara sing kejem, dipaku ing cagak, lan ngrasakké lara nganti mati. (Yokanan 19:1, 16-18, 30) Apa sebabé Yésus ngalami kasusahan nganti kaya ngono? Merga Iblis ngomong nèk ora ana manungsa sing isa tetep setya marang Gusti Allah, wektu ngadhepi kasusahan. Dadi, Yésus mbuktèkké nèk manungsa sampurna isa tetep setya marang Gusti Allah, senajan ngadhepi kasusahan. Bayangna kaya apa senengé Yéhuwah wektu ngerti Yésus tetep setya.​—Wulang Bebasan 27:11; deloken Cathetan 15.

13. Piyé carané tebusané Yésus ditampa karo Yéhuwah?

13 Piyé carané tebusané Yésus ditampa karo Yéhuwah? Yésus masrahké nyawané marang Bapaké kanggo nebus manungsa. Tanggal 14 Nisan 33 Masèhi, miturut tanggalané wong Yahudi, Yésus dipatèni para mungsuhé. (Ibrani 10:10) Telung dina sakwisé séda, Yéhuwah nguripké manèh Yésus, ning ora dadi manungsa. Yésus diparingi badan roh sing prakosa. Bar kuwi, Yésus munggah swarga, banjur tebusané Yésus ditampa karo Yéhuwah. (Ibrani 9:24) Sakwisé tebusan kuwi ditampa, manungsa isa nduwé kesempatan bébas saka dosa lan pati.​—Wacanen Rum 3:23, 24.

GUNANÉ TEBUSAN KANGGO MANUNGSA

14, 15. Apa sing kudu ditindakké bèn diapura?

14 Gunané tebusan wis awaké dhéwé rasakké saiki. Apa waé gunané tebusan kanggo saiki lan mbésuk?

15 Dosa-dosané isa diapura. Pancèn ora gampang nindakké sing cocog karo kersané Yéhuwah. Kadhang kala, awaké dhéwé ngomong lan tumindak salah. (Kolosé 1:13, 14) Piyé carané bèn isa diapura? Awaké dhéwé kudu bener-bener ngrasa salah karo apa sing wis ditindakké, lan andhap asor njaluk pangapura marang Yéhuwah. Dadi, awaké dhéwé isa percaya nèk dosa-dosané awaké dhéwé isa diapura.​—1 Yokanan 1:8, 9.

16. Piyé carané bèn nduwé rasa ati sing kepénak?

16 Isa nduwé rasa ati sing kepénak. Nèk pas nggawé salah, rasané ati bakal ora kepénak. Mbokmenawa malah awaké dhéwé dadi putus asa, lan rumangsa ora ana gunané. Ning, aja nganti nglokro. Nèk nyuwun pangapura marang Yéhuwah, awaké dhéwé isa percaya nèk Yéhuwah bakal nggatèkké lan mènèhi pangapura. (Ibrani 9:13, 14) Yéhuwah péngin awaké dhéwé isa kandha apa waé bab masalah lan kasusahané awaké dhéwé. (Ibrani 4:14-16) Akhiré, awaké dhéwé isa kekancan manèh karo Gusti Allah.

17. Apa berkah sing bakal ditampa merga Yésus wis séda kanggo awaké dhéwé?

17 Isa nduwé pengarep-arep urip saklawasé. ”Pituwasé dosa iku pati, balik sih-peparingé Gusti Allah iku urip langgeng ana ing Sang Kristus Yésus, Gusti kita.” (Rum 6:23) Awaké dhéwé isa terus séhat lan urip saklawasé, merga Yésus wis séda kanggo awaké dhéwé. (Wahyu 21:3, 4) Ning, piyé carané bèn awaké dhéwé isa nampa berkah kuwi?

PIYÉ CARANÉ BÈN ÉNTUK PAÉDAH SAKA TEBUSANÉ YÉSUS?

18. Apa buktiné Yéhuwah nresnani manungsa?

18 Piyé rasané pas panjenengan éntuk hadiah sing nyenengké? Mesthiné seneng banget, ta? Kaya hadiah mau, tebusan kuwi hadiah sing paling aji saka Yéhuwah kanggo manungsa. Mula, awaké dhéwé kudu maturnuwun marang Yéhuwah. Yokanan 3:16 kandha, ”Gusti Allah anggoné ngasihi marang jagad iku nganti masrahaké Kang Putra ontang-anting.” Saking tresnané karo manungsa, Yéhuwah ngurbanké Putrané sing paling ditresnani. Yésus lila séda merga nresnani manungsa. (Yokanan 15:13) Dadi, tebusan kuwi bukti nèk Yéhuwah lan Yésus tresna banget karo panjenengan.​—Galati 2:20.

Nèk sinau bab Yéhuwah, isa saya tresna lan dadi kancané Yéhuwah

19, 20. (a) Piyé carané dadi kancané Yéhuwah? (b) Piyé panjenengan nduduhké iman marang tebusané Yésus?

19 Sakwisé sinau bab katresnané Gusti Allah, piyé carané bèn isa dadi kancané? Kekancan karo wong sing durung tau ditemoni kuwi butuh upaya. Yokanan 17:3 kandha nèk awaké dhéwé isa kenal karo Yéhuwah. Nèk kuwi ditindakké, katresnané awaké dhéwé bakal saya gedhé. Awaké dhéwé uga péngin nyenengké Yéhuwah lan bakal dadi kancané. Dadi, terusa sinau bab Yéhuwah saka Alkitab.​—1 Yokanan 5:3.

20 Nduduhké iman marang tebusané Yésus. Alkitab kandha, ”Sing sapa pracaya marang Sang Putra, iya nduwèni urip langgeng.” (Yokanan 3:36) Percaya sing kaya apa? Kuwi tegesé nindakké kabèh préntahé Yésus. (Yokanan 13:15) Kuwi ora mung ngomong thok, ning kudu diduduhké liwat tumindaké awaké dhéwé. Kaya sing ditulis ing Yakobus 2:26, ”Pracaya tanpa panggawé iku iya mati.”

21, 22. (a) Apa sebabé awaké dhéwé kudu teka ing Pèngetan Sédané Yésus saben taun? (b) Apa sing bakal dirembug ing bab 6 lan 7?

21 Teka ing Pèngetan Sédané Yésus. Bengi sakdurungé séda, Yésus ndhawuhi para muridé bèn ngéling-éling sédané. Kuwi ditindakké saben taun, lan acara iku disebut Pèngetan utawa Bujanané Gusti. (1 Korinta 11:20; Matéus 26:26-28) Yésus péngin awaké dhéwé terus ngéling-éling nèk Yésus wis nebus manungsa. Yésus ngendika, ”Iki tindakna minangka pangéling-éling marang Aku.” (Wacanen Lukas 22:19.) Nèk teka ing Pèngetan, kuwi nduduhké nèk panjenengan ngajèni tebusan lan katresnané Yéhuwah uga Yésus kanggo manungsa.​—Deloken Cathetan 16.

22 Tebusan kuwi hadiah sing paling aji kanggo manungsa. (2 Korinta 9:14, 15) Tebusan uga ana gunané kanggo wong-wong sing wis mati. Kuwi bakal dirembug ing bab 6 lan 7 buku iki.