Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB PITU

Wong Mati Bakal Diuripké Manèh

Wong Mati Bakal Diuripké Manèh

1-3. Awaké dhéwé saiki dipenjara karo apa, lan piyé carané Yéhuwah bakal mbébaské awaké dhéwé?

COBA bayangna nèk panjenengan dilebokké penjara nganti saklawasé, padahal ora tumindak salah lan ora bakal bébas saka kono. Rasané mesthi putus asa lan ora isa ngapa-ngapa. Ning ana wong sing nduwé kuwasa kanggo mbébaské panjenengan, dhèwèké janji bakal nulungi panjenengan. Piyé perasaané panjenengan?

2 Awaké dhéwé saiki dipenjara karo pati. Senajan wis ngupaya, ning awaké dhéwé tetep ora isa bébas. Yéhuwah nduwé kuwasa kanggo mbébaské manungsa saka pati. Yéhuwah janji nèk ”mungsuh kang pungkasan, kang disirnakaké iku pati”.​—1 Korinta 15:26.

3 Bayangna nèk panjenengan ora perlu kuwatir mengko bakal mati. Yéhuwah ora mung arep nyingkirké pati, malah arep nguripké manèh wong-wong sing wis mati. Pikirna apa pengaruhé kanggo panjenengan. Yéhuwah janji bakal ”nangèkaken malih tiyang-tiyang ingkang sampun dangu pejahipun”. (Yésaya 26:19, BJP) Kuwi kandhané Alkitab bab wong-wong mati sing bakal diuripké manèh.

WEKTU WONG SING DITRESNANI MATI

4. (a) Apa sing isa nggawé lega atiné awaké dhéwé pas ditinggal mati keluarga utawa kanca? (b) Sapa waé kanca akrabé Yésus?

4 Pas ana keluarga utawa kanca sing mati, mesthiné sedhih banget, ta? Merga, awaké dhéwé ora isa ngapa-ngapa, apa manèh nguripké wong kuwi. Ning, katrangan saka Alkitab isa nggawé lega atiné awaké dhéwé. (Wacanen 2 Korinta 1:3, 4.) Ana conto ing Alkitab, nèk Yéhuwah lan Yésus péngin banget nguripké manèh wong-wong sing ditresnani, sing wis mati. Wektu ing bumi, Yésus kerep dolan ing omahé Lazarus lan seduluré wadon, yaiku Marta lan Maryam. Wong telu kuwi kanca akrabé Yésus. Alkitab kandha, ”Marta lan mbakyuné tuwin Lazarus iku, pancèn padha ditresnani déning Gusti Yésus.” Ning ndilalahé, Lazarus mati.​—Yokanan 11:3-5.

5, 6. (a) Wektu ndelok keluarga lan kancané Lazarus sedhih, piyé perasaané Yésus? (b) Apa sebabé perasaané Yésus bab wong mati isa nentremké atiné awaké dhéwé?

5 Yésus mara kanggo nentremké atiné Marta lan Maryam. Wektu ngerti nèk Yésus arep teka, Marta lunga methuk Yésus. Dhèwèké seneng ketemu Yésus, ning banjur ngomong, ”Gusti, manawi Paduka wonten ing ngriki, sadhèrèk kawula mesthi boten pejah.” Marta rumangsa nèk Yésus tekané kesuwèn. Bar kuwi, Yésus ndelok Maryam nangis, kuwi nggawé Yésus trenyuh lan mèlu nangis. (Yokanan 11:21, 33, 35) Yésus ngerti rasané ditinggal mati wong sing ditresnani.

6 Awaké dhéwé isa tentrem atiné, merga ngerti nèk Yésus sedhih banget nèk ana wong sing mati. Apa sing dirasakké Yésus kaya sing dirasakké Bapaké. (Yokanan 14:9) Yéhuwah nduwé kuwasa kanggo nguripké wong-wong mati, lan ora suwé manèh kuwi sing bakal ditindakké.

”LAZARUS, METUA!”

7, 8. Apa sebabé Marta ngomong nèk watu gedhé sing nutupi kuburané Lazarus ora éntuk disingkirké, ning apa sing ditindakké Yésus?

7 Wektu Yésus teka ing kuburané Lazarus, kuburan kuwi ditutupi watu gedhé. Yésus ngendika, ”Watuné singkirna!” Ning ora éntuk karo Marta, merga Lazarus wis mati patang dina. (Yokanan 11:39) Marta ora ngerti sing bakal ditindakké Yésus.

Bayangna senengé keluarga lan kancané Lazarus wektu dhèwèké diuripké manèh —Yokanan 11:38-44

8 Yésus ngundang Lazarus, ”Metua! Kang mati banjur metu, tangan lan sikilé isih kablebed ing ules.” (Yokanan 11:43, 44) Lazarus urip manèh. Dhèwèké isa ketemu karo keluarga lan kanca-kancané. Wong-wong isa ketemu, ngrangkul, lan omong-omongan karo Lazarus. Yésus nguripké manèh Lazarus. Kuwi mukjijat sing nggumunké.

”HÉ, NGGÈR, KOWÉ DAKKANDHANI, TANGIA!”

9, 10. (a) Sapa sing maringi kuwasa marang Yésus kanggo nguripké manèh wong sing wis mati? (b) Apa gunané maca critané wong-wong sing diuripké manèh?

9 Apa Yésus nguripké wong mati nganggo kekuwatané dhéwé? Mesthine ora, ta? Sakdurungé nguripké Lazarus, Yésus ndonga dhisik marang Yéhuwah, banjur Yéhuwah maringi kuwasa kanggo nguripké Lazarus. (Wacanen Yokanan 11:41, 42.) Ora mung Lazarus thok sing diuripké. Alkitab nyritakké bab bocah wadon sing umuré 12 taun sing lara parah. Bapaké sing jenengé Yairus, sedhih banget lan nyuwun bèn Yésus gelem nambani anaké. Anaké mung siji kuwi. Pas Yairus omong-omongan karo Yésus, ana wong sing teka banjur ngomong, ”Ingkang putra sampun tilar, punapa prelunipun taksih ngribedi Sang Guru?” Ning, Yésus ngendika marang Yairus, ”Aja wedi, kumandela baé, anakmu bakal slamet.” Yésus banjur dijak Yairus ing omahé. Pas wis cedhak omahé, Yésus ndelok lan krungu wong-wong nangis. Yésus ngendika, ”Aja padha nangis, bocahé ora mati, mung turu.” Wong tuwané ora ngerti apa maksudé ngendikané Yésus. Yésus ngongkon wong-wong metu saka kamaré bocah kuwi. Ning, bapak ibuné dijak mlebu kamar. Yésus nyekel tangané bocah wadon kuwi banjur ngendika, ”Hé, nggèr, kowé Dakkandhani, tangia!” Bayangna senengé wong tuwané pas anaké urip manèh. Yésus nguripké manèh bocah wadon kuwi. (Markus 5:22-24, 35-42; Lukas 8:49-56) Sakwisé kuwi, saben wong sing ndelok bocah wadon kuwi mesthi kèlingan sing ditindakké Yéhuwah lantaran Yésus. *

10 Wong-wong sing diuripké Yésus pancèn mati manèh. Ning, nèk maca critané wong-wong mau, kuwi isa nentremké atiné awaké dhéwé. Yéhuwah péngin, lan bakal nguripké manèh wong-wong sing wis mati.

SINAU SAKA KATRANGAN ALKITAB BAB WONG MATI SING DIURIPKÉ MANÈH

Rasul Pétrus nguripké manèh wong wadon sing jenengé Dorkas.​—Lelakoné Para Rasul 9:36-42

Élia nguripké manèh anaké randha.​—1 Para Raja 17:17-24

11. Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni saka Kohèlèt 9:5 bab Lazarus?

11 Alkitab kandha, ”Wong mati ora mangreti apa-apa.” Lazarus ya kaya ngono. (Kohèlèt 9:5) Kaya sing dingendikakké Yésus, Lazarus kaya wong lagi turu. (Yokanan 11:11) Pas mati, Lazarus pancèn ”ora mangreti apa-apa”.

12. Apa buktiné nèk Lazarus pancèn urip manèh?

12 Wektu Yésus nguripké Lazarus, akèh wong sing weruh. Malah para mungsuhé Yésus uga ngakoni mukjijaté. Lazarus urip manèh lan kuwi bukti nèk wong mati bener-bener isa urip manèh. (Yokanan 11:47) Akèh wong sing marani Lazarus, lan dadi percaya nèk Yésus kuwi utusané Gusti Allah. Para mungsuhé Yésus ora seneng, mula péngin matèni Yésus lan Lazarus.​—Yokanan 11:53; 12:9-11.

13. Apa sebabé awaké dhéwé isa percaya nèk Yéhuwah bakal nguripké wong mati?

13 Yésus ngendika nèk ”sakèhé wong kang ana ing kubur” bakal diuripké. (Yokanan 5:28) Kuwi maksudé, wong-wong sing ditresnani Yéhuwah bakal diuripké manèh. Ning, kanggo nguripké wong-wong kuwi, Yéhuwah kudu kèlingan kabèh bab wong mau. Apa Yéhuwah isa kèlingan kabèh? Ana akèh banget lintang ing langit. Alkitab kandha nèk Yéhuwah apal jenengé saben lintang. (Wacanen Yésaya 40:26.) Nèk jenengé saben lintang waé apal, apa manèh mung manungsa. Yéhuwah mesthi isa éling kabèh bab wong sing arep diuripké. Yéhuwah sing nggawé manungsa, mula Yéhuwah nduwé kuwasa kanggo nguripké manèh.

14, 15. Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni saka kandhané Ayub bab wong mati sing bakal diuripké manèh?

14 Ayub percaya nèk wong mati bakal diuripké manèh. Ayub takon, ”Manungsa manawi sampun pejah, punapa saged gesang malih?  . . . Paduka lajeng badhé nimbali kawula, saha kawula badhé ngunjuki wangsulan; Paduka badhé kangen dhateng pakaryaning asta Paduka.” Ayub ngerti nèk Yéhuwah péngin banget nguripké manèh wong mati.​—Ayub 14:13-15.

15 Piyé perasaané panjenengan sakwisé ngerti nèk wong mati bakal diuripké manèh? Mbokmenawa panjenengan péngin ngerti, ’Apa keluarga lan kancaku sing wis mati ya bakal diuripké manèh?’ Awaké dhéwé isa lega merga ngerti nèk Yéhuwah péngin banget nguripké wong mati. Saiki, awaké dhéwé bakal sinau wulangané Alkitab bab sapa waé sing bakal diuripké lan urip ing endi.

SAKÈHÉ WONG ”PADHA KRUNGU SWARANÉ, BANJUR METU”

16. Piyé uripé wong-wong sing bakal diuripké manèh ing bumi?

16 Mbiyèn, wong-wong sing diuripké isa ketemu manèh karo keluarga lan kancané ing bumi. Iki uga bakal kelakon mbésuk, ning kahanané luwih apik. Apa sebabé? Merga wong-wong sing diuripké manèh bakal nduwé kesempatan urip saklawasé, lan ora bakal mati manèh. Wong-wong kuwi bakal urip ing bumi sing kahanané béda banget karo saiki. Ora ana perang, wong sing jahat, lan wong sing lara.

17. Sapa sing bakal diuripké manèh?

17 Sapa sing bakal diuripké manèh? Yésus ngendika, ”Sakèhé wong kang ana ing kubur padha krungu swarané, banjur metu.” (Yokanan 5:28, 29) Wahyu 20:13 uga kandha, ”Sagara masrahaké wong-wong mati kang ana ing jeroné.” Rasul Paulus kandha, nèk ”tiyang ingkang mursid utawi tiyang mursal” bakal diuripké manèh. (Wacanen Lelakoné Para Rasul 24:15.) Apa maksudé?

Wong mati bakal diuripké lan ketemu manèh karo wong-wong sing ditresnani ing Pirdus

18. Sapa sing klebu ”wong mursid” sing bakal diuripké manèh?

18 ’Wong mursid’ kuwi klebu abdiné Yéhuwah sing setya lan urip sakdurungé Yésus teka ing bumi. Wong-wong kaya Nuh, Abraham, Sara, Musa, Rut, lan Èster bakal diuripké manèh ing bumi. Critané wong-wong kuwi isa diwaca ing Ibrani bab 11. ’Wong mursid’ uga klebu para abdiné Yéhuwah sing setya lan mati ing jaman saiki. Dadi, wong-wong kuwi ya bakal diuripké manèh.

19. Sapa sing klebu ”wong mursal”? Wong-wong kuwi bakal éntuk kesempatan apa?

19 ’Wong mursal’ kuwi klebu wong sing durung tau nduwé kesempatan sinau bab Yéhuwah. Senajan wis mati, ning Yéhuwah ora bakal lali. Yéhuwah bakal nguripké manèh wong-wong kuwi, bèn nduwé kesempatan kanggo sinau lan ngabdi marang Yéhuwah.

20. Apa sebabé ana wong sing ora bakal diuripké manèh?

20 Apa kabèh wong sing mati bakal diuripké manèh? Ora. Yésus ngendika nèk ana wong sing ora bakal diuripké manèh. (Lukas 12:5, NW) Sapa sing nduwé wewenang nemtokké nèk wong kuwi bakal urip manèh apa ora? Yéhuwah sing dadi Hakim. Ning, Yéhuwah uga maringi wewenang marang Yésus dadi ”Hakim tumrap tiyang ingkang gesang saha ingkang pejah”. (Lelakoné Para Rasul 10:42) Wong sing kebukti ora manut karo Yéhuwah lan ora gelem ngowahi tumindaké, ora bakal diuripké manèh.​—Deloken Cathetan 19.

WONG-WONG SING DIURIPKÉ MANÈH ING SWARGA

21, 22. (a) Kaya apa wong sing diuripké manèh ing swarga? (b) Sapa sing sepisanan diuripké manèh ing swarga?

21 Alkitab kandha nèk ana wong-wong sing bakal diuripké manèh ing swarga. Wektu diuripké ing swarga, wong-wong kuwi ora nganggo badan manungsa, ning nganggo badan roh.

22 Yésus sing sepisanan diuripké manèh ing swarga. (Yokanan 3:13) Telung dina sakwisé Yésus dipatèni mungsuhé, Yéhuwah nguripké Yésus manèh. (Jabur 16:10; Lelakoné Para Rasul 13:34, 35) Yésus ora diuripké nganggo badan manungsa. Rasul Pétrus nerangké nèk Yésus ”kasédanan mungguh ing kadagingan, nanging kagesangaké mungguh ing Roh”. (1 Pétrus 3:18) Yésus diuripké manèh lan diparingi badan roh sing prakosa. (1 Korinta 15:3-6) Ning, ora mung Yésus thok. Alkitab kandha nèk ana wong-wong liyané sing bakal diuripké manèh ing swarga.

23, 24.Sapa sing disebut Yésus ”kelompok wong sithik”, lan pira cacahé?

23 Sakdurungé séda, Yésus ngendika marang para muridé, ”Awit Aku mrana prelu nyawisaké papan marang kowé.” (Yokanan 14:2) Kuwi maksudé, para muridé ana sing bakal diuripké manèh ing swarga. Cacahé pira? Yésus nyebut wong-wong kuwi ”pepanthan cilik [utawa, kelompok wong sithik]”. (Lukas 12:32) Rasul Yokanan ngandhani cacahé, wektu dhèwèké weruh Yésus ”jumeneng ana ing gunung Sion [utawa, swarga], kaayap déning wong satus patang puluh papat éwu”.​—Wahyu 14:1.

24 Kapan wong 144.000 bakal diuripké? Alkitab kandha nèk kuwi bakal kelakon sakwisé Yésus mulai mréntah ing swarga. (1 Korinta 15:23) Saiki awaké dhéwé urip ing jaman kuwi, lan akèh-akèhé wong saka 144.000 kuwi wis diuripké ing swarga. Sing isih ana ing bumi lan mati ing jaman saiki, bakal langsung diuripké manèh ing swarga. Ning, sakliyané wong 144.000 kuwi, bakal diuripké ing Pirdus ing bumi.

25. Apa sing bakal dirembug ing bab 8 buku iki?

25 Ora suwé manèh, Yéhuwah bakal mbébaské kabèh manungsa saka pati, lan bakal ngilangi pati sakterusé. (Wacanen Yésaya 25:8.) Ning, apa sing bakal ditindakké wong-wong sing diuripké ing swarga? Alkitab kandha nèk wong-wong kuwi bakal mréntah bareng Yésus ing Kratoné. Awaké dhéwé bakal ngrembug bab Kratoné Gusti Allah ing bab 8 buku iki.

^ par. 9 Alkitab uga nyritakké wong-wong liya sing diuripké manèh. Enom lan tuwa, lanang lan wadon, wong Israèl lan bangsa liyané. Kuwi isa diwaca ing 1 Para Raja 17:17-24; 2 Para Raja 4:32-37; 13:20, 21; Matéus 28:5-7; Lukas 7:11-17; 8:40-56; Lelakoné Para Rasul 9:36-42; 20:7-12.