Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB SANGA

Apa Pungkasané Donya Wis Cedhak?

Apa Pungkasané Donya Wis Cedhak?

1. Saka endi awaké dhéwé isa ngerti bab uripé awaké dhéwé mbésuk?

NÈK panjenengan ndelok TV utawa maca berita, mbokmenawa panjenengan mikir, ’Ngapa kok kahanan donya kaya ngéné?’ Merga akèh banget wong jahat lan masalah liyané, wong-wong dadi mikir nèk donya iki wis arep kiamat. Apa kuwi bener? Apa awaké dhéwé isa ngerti apa sing bakal kedadéan mbésuk? Isa. Senajan manungsa ora isa ngramal apa sing bakal kelakon, ning Yéhuwah isa. Yéhuwah ngandhani awaké dhéwé liwat Alkitab bab donya lan uripé awaké dhéwé mbésuk.​—Yésaya 46:10; Yakobus 4:14.

2, 3. Murid-muridé Yésus péngin ngerti bab apa, lan apa jawabané Yésus?

2 Wektu awaké dhéwé maca ing Alkitab bab donya sing arep disingkirké, kuwi tegesé dudu buminé, ning wong jahat sing arep disingkirké. Yésus mulang wong-wong nèk Kratoné Gusti Allah bakal mréntah bumi. (Lukas 4:43) Murid-muridé Yésus péngin ngerti kapan Kratoné Gusti Allah bakal mréntah bumi. Dadi, murid-muridé takon karo Yésus, ”Bénjing punapa badhé kalampahanipun punika, sarta punapa tandha-tandhanipun rawuh Paduka saha dinten wekasan?” (Matèus 24:3) Yésus ora ngandhani kapan persisé tanggalé, ning ngandhani apa sing bakal kelakon sakdurungé donya iki disingkirké. Apa sing dingendikakké Yésus kuwi wis kelakon saiki.

3 Bab iki bakal ngrembug bukti-bukti nèk awaké dhéwé saiki urip persis sakdurungé donya iki disingkirké. Sing kapisan, awaké dhéwé bakal sinau bab perang ing swarga, sing nggawé awaké dhéwé isa ngerti sebabé akèh wong dadi jahat lan akèh masalah ing donya saiki.

PERANG ING SWARGA

4, 5. (a) Ana kedadéan apa ing swarga sakwisé Yésus dadi Raja? (b) Miturut Wahyu 12:12, sakwisé Iblis diuncalké ing bumi, apa sing bakal diadhepi manungsa?

4 Ing bab 8 buku iki, awaké dhéwé wis sinau nèk Yésus wis dadi Raja ing swarga taun 1914. (Dhanièl 7:13, 14) Buku Wahyu nyritakké apa sing kelakon, ”Ing swarga tumuli ana paperangan. Sang Mikhaèl [yaiku, Yésus] lan para malaékaté padha perang nglawan naga [Iblis] mau, sarta si naga iku kabantu déning para malaékaté.” * Iblis lan para malaékaté kalah ing perang iku, terus diuncalké ing bumi. Mesthiné para malaékat ing swarga seneng banget, ta? Ning, manungsa ing bumi piyé? Alkitab kandha nèk bakal akèh masalah sing diadhepi manungsa, sebabé Iblis nesu banget, ”merga weruh, yèn wektuné mung kari sathithik”.​—Wahyu 12:7, 9, 12.

5 Iblis nyebabké akèh kasusahan ing bumi. Dhèwèké nesu banget, merga ora suwé manèh bakal disingkirké karo Gusti Allah. Saiki awaké dhéwé arep sinau apa ngendikané Yésus bab kedadéan ing dina pungkasan.​—Deloken Cathetan 24.

DINA PUNGKASAN

6, 7. Piyé ramalan bab perang lan kurang pangan kelakon saiki?

6 Perang. Yésus ngendika, ”Sabab bangsa bakal nglawan bangsa, krajan nglawan krajan.” (Matéus 24:7) Wong sing mati merga perang jaman saiki luwih akèh tinimbang mbiyèn. Ana laporan saka Worldwatch Institute (Lembaga sing nliti kahanan donya) nèk saka taun 1914, wong sing mati merga perang luwih saka 100 yuta wong. Jumlah wong sing mati ing antarané taun 1900 nganti 2000 kuwi, ping teluné sing mati merga perang saka abad kapisan tekan taun 1900. Coba bayangna, kaya apa kasusahan sing dialami wong-wong merga perang.

7 Kurang pangan. Yésus ngendika, ”Bakal ana pailan.” (Matéus 24:7) Senajan akèh pangan, ning tetep waé ana wong-wong sing kurang pangan. Apa sebabé? Merga wong-wong ora nduwé dhuwit dinggo tuku pangan, utawa lemah sing isa ditanduri. Akèh banget wong mung nduwé dhuwit ora nganti sak dolar (kira-kira sepuluh éwu) kanggo nyukupi kebutuhané sedina. Organisasi Kesehatan Dunia (WHO) kandha nèk akèh bocah sing mati saben taun merga kurang pangan.

8, 9. Apa buktiné nèk ramalané Yésus bab lindhu lan penyakit sing werna-werna wis kelakon saiki?

8 Lindhu. Yésus ngendika, ”Bakal ana lindhu kang nggegirisi.” (Lukas 21:11) Bakal ana akèh lindhu gedhé saben taun. Saka taun 1900, luwih saka wong rong yuta mati merga lindhu. Senajan saiki ana alat sing isa ngandhani nèk bakal ana lindhu, tetep waé ana akèh wong sing mati.

9 Penyakit. Yésus wis tau ngendika nèk bakal ana ”pageblug pès”, utawa penyakit sing nular. Penyakit sing mbebayani iki isa cepet nular lan matèni akèh wong. (Lukas 21:11) Senajan akèh dhokter wis ngerti carané nambani akèh penyakit, ning tetep waé ana penyakit sing ora isa ditambani. Ana laporan sing kandha nèk saben taun akèh wong mati merga penyakit, contoné TBC, malaria, lan koléra. Ora mung kuwi, dhokter-dhokter nemokké ana 30 penyakit anyar, ing antarané kuwi durung ana tambané.

SIPATÉ WONG-WONG ING DINA PUNGKASAN

10. Piyé ramalan ing 2 Timotéus 3:1-5 wis kelakon saiki?

10 Alkitab kandha ing 2 Timotéus 3:1-5, ”yèn ing dina-dina wekasan bakal ana mangsa kang rekasa.” Rasul Paulus ngandhani piyé sipaté wong-wong ing dina pungkasan. Rasul Paulus kandha nèk wong-wong

  • mentingké awaké dhéwé

  • mata dhuwiten

  • ora manut karo wong tuwa

  • ora setya

  • ora nresnani keluargané

  • ora isa ngendhalèni awaké dhéwé

  • kasar lan brangasan

  • urip kanggo seneng-seneng tinimbang kanggo ngibadah

  • ngaku nresnani Gusti Allah, ning ora manut préntahé

11. Miturut Jabur 92:8, apa sing bakal dialami karo wong-wong sing jahat?

11 Apa wong-wong saiki nduwé sipat-sipat kaya ngono? Akèh-akèhé wong nduwé sipat kaya ngono, ning ora suwé manèh Gusti Allah bakal tumindak. Gusti Allah janji, ”Manawi tiyang duraka anggènipun gesang sami kados tetuwuhan, sarta tiyang ingkang nglampahi piawon sami ngrembaka punika supados sami katumpesa ing salami-laminipun.”​—Jabur 92:8.

KABAR APIK ING DINA PUNGKASAN

12, 13. Ing dina pungkasan iki, Yéhuwah wis mulang apa waé?

12 Alkitab ngramal nèk ing dina pungkasan, donya iki bakal kebak masalah lan kasusahan. Ning, Alkitab uga kandha nèk bakal ana bab-bab apik sing bakal kelakon.

”Sarta Injiling Kraton iki bakal kawartakaké ing saindenging jagad.”​—Matéus 24:14

13 Isa ngerti isiné Alkitab. Nabi Dhanièl nulis nèk ing dina pungkasan, ”Kawruh bakal saya wuwuh.” (Dhanièl 12:4) Umaté Gusti Allah isa ngerti isiné Alkitab luwih cetha merga Gusti Allah sing maringi pangertèn kuwi. Yéhuwah nindakké iki utamané saka taun 1914. Contoné, Yéhuwah mulang umaté bab asmané, kersané kanggo bumi, bab tebusan, bab kahanané wong mati lan bab wong mati isa diuripké manèh. Awaké dhéwé wis sinau nèk Kratoné Gusti Allah sing isa nyingkirké kabèh kasusahan, uga piyé carané urip ayem tentrem saiki, lan carané nyenengké Gusti Allah. Merga wis ngerti kuwi kabèh, apa sing ditindakké umaté Gusti Allah? Jawabané ana ing ramalan sakbanjuré.​—Deloken Cathetan 21 lan 25.

14. Kabar apik bab Kratoné Gusti Allah wis diwartakké ing endi waé? Sapa sing martakké kabar apik kuwi?

14 Gawéan nginjil sakdonya. Yésus ngendika bab dina pungkasan, ”Injiling Kraton iki bakal kawartakaké ing saindenging jagad.” (Matéus 24:3, 14) Kabar apik bab Kratoné Gusti Allah iki wis diwartakké ing luwih saka 230 negara lan nganggo luwih saka 700 basa. Seksi-Seksi Yéhuwah saka ”sakèhing bangsa lan taler”, lagi mbantu wong-wong bèn ngerti apa Kratoné Gusti Allah kuwi lan apa sing bakal ditindakké kanggo manungsa. (Wahyu 7:9) Seksi-Seksi Yéhuwah ora njaluk bayaran pas nindakké kuwi. Senajan Seksi-Seksi Yéhuwah disengiti lan dianiaya, ning ora ana sing isa ngalang-alangi gawéan nginjil iki, kaya sing Yésus ramalké.​—Lukas 21:17.

APA SING KUDU PANJENENGAN TINDAKKÉ?

15. (a) Apa panjenengan percaya nèk awaké dhéwé urip ing dina pungkasan, lan apa sebabé? (b) Wong sing manut lan sing ora manut karo Yéhuwah bakal ngalami apa?

15 Apa panjenengan percaya nèk saiki urip ing dina pungkasan? Akèh ramalané Alkitab sing wis kedadéan saiki. Ora suwé manèh Yéhuwah bakal ngendika nèk gawéan nginjil iki wis rampung, lan ”dina wekasan” utawa pungkasané donya bakal teka. (Matéus 24:14) Apa pungkasané donya kuwi? Kuwi Harmagédhon. Wektu kuwi Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh sing jahat. Yéhuwah nggunakké Yésus lan para malaékaté kanggo nyirnakké kabèh wong sing ora gelem manut karo Gusti Allah lan Putrané. (2 Tésalonika 1:6-9) Bar kuwi, Iblis lan para dhemité ora bakal mblasukké manungsa manèh. Kabèh wong sing manut karo Gusti Allah lan sing ndhukung Kratoné Gusti Allah, bakal éntuk berkah wektu janji-janjiné Gusti Allah kelakon.​—Wahyu 20:1-3; 21:3-5.

16. Apa sing kudu ditindakké merga ngerti nèk donya sing dikuwasani Iblis bakal disingkirké?

16 Donya sing dikuwasani Iblis iki bakal disingkirké, dadi penting banget nèk awaké dhéwé mikirké tenanan, ’Aku kudu piyé saiki?’ Panjenengan kudu sinau sing tenanan merga Yéhuwah péngin panjenengan éntuk pangertèn sing saya akèh saka Alkitab. (Yokanan 17:3) Pakumpulan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah saben minggu mbantu wong-wong ngerti isiné Alkitab. Panjenengan isa ngupaya ajeg teka ing pakumpulan ibadah kuwi. (Wacanen Ibrani 10:24, 25.) Nèk panjenengan krasa ana sing kudu diowahi, aja wedi ngupayakké kuwi. Hasilé, panjenengan bakal saya cedhak karo Gusti Allah.​—Yakobus 4:8.

17. Apa sebabé wong-wong bakal ora nyangka wektu pungkasané donya wis teka?

17 Rasul Paulus kandha nèk donya iki bakal disingkirké ing wektu sing ora disangka-sangka manungsa, ”kaya maling ing wayah bengi”.(1 Tésalonika 5:2) Yésus ngramal nèk akèh wong bakal ora perduli karo bukti-bukti nèk awaké dhéwé urip ing dina pungkasan. Yésus ngendika, ”Sabab kayadéné nalika jamané Nabi Nuh, iya mangkono bésuk bakal rawuhé Putraning Manungsa [utawa, dina pungkasan]. Marga padha kaya dhèk jaman sadurungé banjir patopan, wong-wong padha mangan lan ngombé, omah-omah lan ngomah-omahaké, nganti dina anggoné Nabi Nuh lumebet ing prau, lan padha ora nglegéwa nganti tekané banjir kang nyirnakaké wong-wong mau kabèh, mangkono uga bésuk ing dina rawuhé Putraning Manungsa.”​—Matéus 24:37-39.

18. Yésus ngélingké apa kanggo awaké dhéwé?

18 Yésus ngélingké bèn awaké dhéwé ora keslimur karo ”pista gedhèn lan mendem, tuwin déning kasusahaning ngaurip”. Yésus ngendika nèk pungkasané donya bakal ujug-ujug teka ”kayadéné kalajiret”. Yésus uga ngendika nèk kuwi ”bakal nungkebi marang sakabèhing wong kang dumunung ing bumi iki”. Bar kuwi, Yésus ngélingké, ”Padha tansah jumagaa lan ndedongaa, supaya kowé diparingana kakuwatan kang njalari kowé padha ora bakal katempuh déning apa kang bakal kalakon iku lan supaya kowé padha bisa tahan anggonmu ana ing ngarsané Putraning Manungsa.” (Lukas 21:34-36) Apa sebabé awaké dhéwé kudu nggatèkké pangandikané Yésus kuwi? Merga ora suwé manèh donya sing dikuwasani Iblis bakal disingkirké. Mung wong-wong sing manut lan nyenengké Yéhuwah uga Yésus, sing bakal slamet lan isa urip saklawasé ing pirdus ing bumi.​—Yokanan 3:16; 2 Pétrus 3:13.

^ par. 4 Mikhaèl iku jeneng liyané Yésus. Kanggo katrangan luwih akèh, deloken Cathetan 23.