Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB SEPULUH

Wulangané Alkitab bab Malaékat

Wulangané Alkitab bab Malaékat

1. Apa sebabé awaké dhéwé kudu sinau bab malaékat?

YÉHUWAH péngin awaké dhéwé ngerti keluargané. Para malaékat kuwi anggota keluargané Gusti Allah. Ing Alkitab, malaékat diarani ”Putraning Allah”. (Ayub 38:7) Apa tugasé para malaékat? Piyé carané para malaékat mbantu abdiné Allah ing jaman mbiyèn? Apa malaékat isa mbantu awaké dhéwé saiki?​—Deloken Cathetan 8.

2. Malaékat asalé saka endi? Pira cacahé malaékat?

2 Awaké dhéwé kudu ngerti saka endi asalé malaékat. Kolosé 1:16 kandha, sakwisé Yéhuwah nggawé Yésus, ”samubarang kabèh . . . iya kang ana ing swarga, iya kang ana ing bumi” uga digawé. Kuwi klebu para malaékat. Pira cacahé malaékat? Alkitab kandha nèk ana atusan yuta malaékat.​—Jabur 103:20; Wahyu 5:11.

3. Apa sing dikandhakké Ayub 38:4-7 bab para malaékat?

3 Alkitab uga mulang nèk Yéhuwah nggawé malaékat sakdurungé nggawé bumi. Piyé perasaané malaékat wektu ndelok bumi? Buku Ayub kandha nèk para malaékat seneng banget. Para malaékat iki dadi keluarga sing akrab lan bebarengan ngabdi marang Yéhuwah.​—Ayub 38:4-7.

MALAÉKAT MBANTU UMATÉ GUSTI ALLAH

4. Apa buktiné nèk para malaékat péngin ngerti bab manungsa?

4 Para malaékat péngin ngerti bab manungsa, lan kersané Yéhuwah kanggo bumi lan manungsa. (Wulang Bebasan 8:30, 31; 1 Pétrus 1:11, 12) Para malaékat sedhih banget pas ngerti Adam lan Kawa mbrontak. Para malaékat luwih sedhih manèh pas ndelok manungsa saiki ora manut karo Yéhuwah. Ning, nèk ana wong sing mertobat lan ngabdi marang Yéhuwah manèh, para malaékat seneng banget. (Lukas 15:10) Para malaékat seneng ndelok wong-wong sing ngabdi marang Yéhuwah. Yéhuwah nggunakké para malaékat kanggo mbantu lan ngayomi umaté ing bumi. (Ibrani 1:7, 14) Ayo digatèkké conto-contoné.

”Allah kawula sampun ngutus malaékatipun mbungkem cangkemipun singa-singa punika.”​—Dhanièl 6:23

5. Piyé malaékat mbantu umaté Gusti Allah jaman mbiyèn?

5 Yéhuwah ngutus malaékat cacahé loro kanggo mbantu Lut lan keluargané bèn isa slamet wektu Sodom lan Gomora disirnakké. (Purwaning Dumadi 19:15, 16) Atusan taun sakwisé kuwi, nabi Dhanièl dilebokké ing kandhang singa, ning dhèwèké isa slamet, ora dipangan singa. Dhanièl kandha, ”Allah kawula sampun ngutus malaékatipun mbungkem cangkemipun singa-singa punika.” (Dhanièl 6:23) Gusti Allah ngutus malaékaté kanggo mbébaské rasul Pétrus saka penjara. (Lelakoné Para Rasul 12:6-11) Malaékat uga mbantu pas Yésus ing bumi. Contoné, sakwisé dibaptis, Yésus ”diladosi déning para malaékat”. (Markus 1:13) Sakdurungé Yésus diukum mati, ana malaékat sing ”nyantosakaké Panjenengané”.​—Lukas 22:43.

6. (a) Apa buktiné para malaékat mbantu umaté Gusti Allah saiki? (b) Pitakonan apa sing arep dirembug?

6 Saiki, manungsa ora isa ndelok para malaékat manèh, ning Allah isih nggunakké para malaékat kanggo mbantu umaté. Alkitab kandha, ”Malaékaté Pangéran Yéhuwah ngamping-ampingi wong kang ngabekti marang Panjenengané, sarta padha kaluwaran.” (Jabur 34:8) Apa sebabé awaké dhéwé perlu diayomi? Merga awaké dhéwé nduwé mungsuh sing kuwat banget, sing arep nyilakani awaké dhéwé. Sapa mungsuh kuwi? Saka endi asalé? Piyé carané nyilakani awaké dhéwé? Bèn isa njawab pitakonan kuwi, ayo dirembug bab kedadéan sakwisé Adam lan Kawa digawé.

MUNGSUH SING ORA KÉTOK

7. Apa tujuané Iblis ngapusi akèh wong?

7 Awaké dhéwé wis sinau ing bab 3 buku iki, nèk ana malaékat sing mbrontak nglawan Gusti Allah lan péngin mréntah liyané. Alkitab nyebut malaékat kuwi Sétan utawa Iblis. (Wahyu 12:9) Iblis wis ngapusi Kawa, lan Iblis péngin ngapusi liyané klebu akèh wong, bèn mbrontak nglawan Gusti Allah. Ning, ana sing tetep setya marang Yéhuwah contoné Habèl, Hénokh, lan Nuh.​—Ibrani 11:4, 5, 7.

8. (a) Piyé critané malaékat isa dadi dhemit? (b) Apa sing ditindakké para dhemit bèn isa slamet saka banjir gedhé?

8 Pas jamané Nuh, ana malaékat-malaékat sing mbrontak lan lunga saka swarga, terus urip dadi manungsa ing bumi. Apa sebabé? Alkitab kandha nèk para malaékat kuwi péngin nduwé bojo. (Wacanen Purwaning Dumadi 6:2.) Ning, sing ditindakké para malaékat kuwi salah. (Yudas 6) Terus, akèh wong pas kuwi ya tumindak jahat kaya malaékat sing mbrontak. Yéhuwah banjur mutuské kanggo nyingkirké kabèh wong jahat nganggo banjir gedhé sakdonya. Ning, Yéhuwah nylametké abdiné sing setya. (Purwaning Dumadi 7:17, 23) Alkitab nyebut para malaékat sing mbrontak kuwi para dhemit. Bèn isa slamet saka banjir gedhé, para dhemit bali ing swarga, dhèwèké milih mèlu Iblis mbrontak nglawan Yéhuwah, lan Iblis dadi pemimpiné.​—Matéus 9:34.

9. (a) Apa sing kelakon wektu para dhemit bali ing swarga? (b) Apa sing arep awaké dhéwé rembug sakbanjuré?

9 Merga mbrontak nglawan Gusti Allah, para dhemit ora ditampa manèh dadi keluargané Gusti Allah. (2 Pétrus 2:4) Para dhemit ora isa dadi manungsa manèh, ning dhèwèké terus ”nasaraké saisining jagad”. (Wahyu 12:9; 1 Yokanan 5:19) Saiki, awaké dhéwé bakal ngrembug carané para dhemit ngapusi utawa mblasukké akèh wong.​—Wacanen 2 Korinta 2:11.

CARANÉ PARA DHEMIT NGAPUSI WONG

10. Nganggo cara apa para dhemit ngapusi wong-wong?

10 Para dhemit ngapusi wong-wong nganggo akèh cara. Pas wong-wong ngupaya bèn isa nduwé hubungan karo para dhemit, carané isa langsung utawa liwat wong liya, contoné dhukun lan wong pinter. Nduwé hubungan karo para dhemit kuwi disebut spiritisme. Ning Alkitab kandha, awaké dhéwé aja nindakké apa waé sing nyebabké isa nduwé hubungan karo para dhemit. (Galati 5:19-21) Apa sebabé? Padha kaya wong sing mburu kéwan nggunakké kalajiret, para dhemit nggunakké apus-apus kanggo njiret wong.​—Deloken Cathetan 26.

11. Ilmu ramal kuwi apa, lan apa sebabé awaké dhéwé kudu ngedohi kuwi?

11 Salah sijiné cara para dhemit ngapusi, yaiku nganggo ilmu ramal. Kuwi tegesé nggunakké kekuwatané dhemit bèn isa ngerti piyé uripé mbésuk. Mbokmenawa ana wong sing maca kitab primbon, ngramal nganggo kertu, ngramal nganggo tlapak tangan, lan maca ramalan bintang. Akèh wong ngira kuwi ora mbebayani, ning wong-wong kuwi salah. Sakjané, tumindak-tumindak kuwi mau mbebayani banget. Contoné, Alkitab nduduhké nèk tukang ramal kuwi éntuk kekuwatan saka para dhemit. Ing Lelakoné Para Rasul 16:16-18 kandha ana ”roh” sing mbantu wong wadon kuwi isa ngramal. Ning, sakwisé rasul Paulus ngongkon metu dhemit saka wong kuwi, wong wadon kuwi ora isa ngramal manèh.

12. (a) Apa sebabé njaluk tulung karo wong sing wis mati kuwi mbebayani? (b) Apa sebabé abdiné Gusti Allah ora éntuk mèlu-mèlu kagiyatan sing isa nggawé awaké dhéwé nduwé hubungan karo dhemit-dhemit?

12 Para dhemit ya nganggo cara liya kanggo ngapusi wong-wong. Para dhemit nggawé manungsa percaya nèk awaké dhéwé isih isa omong-omongan karo wong sing wis mati, lan wong sing wis mati kuwi sakjané isih urip ing panggonan liya, mula isa mbantu utawa nyilakani awaké dhéwé. Contoné, ana wong sing njaluk tulung dhukun bèn isa omong-omongan karo kanca utawa seduluré sing wis mati. Dhukun kuwi mbokmenawa mènèhi katrangan bab wong sing wis mati utawa niru swarané. (1 Samuèl 28:3-19) Akèh upacara layatan uga dhasaré saka kapercayan nèk wong mati isih urip ing panggonan liya. Kuwi klebu, nggawé sajèn kanggo sing wis mati, slametan telung dina nganti sèwu dina, lan upacara liyané. Nèk awaké dhéwé ora mèlu-mèlu ing acara kuwi, mbokmenawa bakal disengiti lan diécé karo keluarga lan wong-wong liya. Ning, para abdiné Gusti Allah wis ngerti nèk wong mati kuwi ora urip ing panggonan liya, ora isa dijak omong-omongan, lan ora isa mbantu utawa nyilakani awaké dhéwé. (Jabur 115:17) Mula, panjenengan kudu ngati-ati aja nganti nyoba omong-omongan karo wong mati, utawa mèlu-mèlu kagiyatan sing isa nggawé awaké dhéwé nduwé hubungan karo dhemit-dhemit.​—Wacanen Pangandharing Torèt 18:10, 11; Yésaya 8:19.

13. Apa sing saiki dirasakke wong-wong sing mbiyèn wedi karo para dhemit?

13 Para dhemit ora mung ngapusi wong-wong, ning uga medèn-medèni. Saiki, Iblis lan para dhemité ngerti nèk ”wektuné mung kari sathitik” sakdurungé disingkirké Gusti Allah. Mula, Iblis lan para dhemité dadi saya kejem lan ngupaya luwih tenanan ketimbang sakdurungé. (Wahyu 12:12, 17) Ning, akèh wong sing mbiyèn wedi karo dhemit, saiki dadi ora wedi manèh. Piyé carané wong-wong kuwi dadi ora wedi manèh?

CARANÉ NOLAK LAN BÉBAS SAKA PENGARUHÉ PARA DHEMIT

14. Kaya wong-wong Kristen abad kapisan, piyé awaké dhéwé isa bébas saka pengaruhé para dhemit?

14 Alkitab ngandhani awaké dhéwé bèn isa nolak lan bébas saka pengaruhé para dhemit. Contoné, sakdurungé wong-wong ing kutha Éfesus ngerti wulangan sing bener saka Gusti Allah, wong-wong kuwi nduwé hubungan karo para dhemit. Piyé carané wong-wong kuwi isa bébas saka pengaruhé para dhemit? Alkitab kandha, ”Uga akèh wong panunggalané kang wis tau nindakaké sikir [utawa, sihir], kang banjur nglumpukaké buku-bukuné lan diobong ana ing ngarepé wong akèh.” (Lelakoné Para Rasul 19:19) Merga péngin dadi wong Kristen, wong-wong kuwi ngobong buku-buku ilmu sihiré. Awaké dhéwé isa niru wong-wong kuwi. Kabèh wong sing péngin ngabdi marang Yéhuwah kudu nyingkirké apa waé sing ana hubungané karo para dhemit. Kuwi klebu majalah, buku, film, musik, dolanan, lan gambar. Iki uga klebu nyingkirké jimat sing dianggep isa njaga saka bebaya.​—1 Korinta 10:21.

15. Apa manèh sing awaké dhéwé kudu tindakké bèn bébas saka pengaruhé para dhemit?

15 Pirang-pirang taun sakwisé wong-wong Éfesus ngobong buku-buku ilmu sihiré, rasul Paulus kandha nèk wong-wong kuwi isih kudu nglawan lan nolak ”rohing kadursilan kang ana ing langit”.(Éfesus 6:12) Senajan wong-wong kuwi wis ngobong buku-buku ilmu sihiré, para dhemit isih nyilakani wong-wong kuwi. Dadi, apa sing kudu ditindakké manèh? Paulus ngandhani wong-wong kuwi, ”Padha nganggoa tamènging pracaya, margané kowé bakal bisa nyirep sakèhing panah geni saka si pangawak dursila.” (Éfesus 6:16) Iman kuwi kaya tamèng sing isa ngayomi prajurit ing perang. Nèk nduwé iman sing kuwat, awaké dhéwé isa diayomi saka pengaruhé Iblis lan para dhemité.​—Matéus 17:20.

16. Piyé carané bèn imané awaké dhéwé marang Yéhuwah saya kuwat?

16 Piyé carané bèn imané awaké dhéwé marang Yéhuwah saya kuwat? Awaké dhéwé kudu maca Alkitab saben dina, lan percaya nèk Yéhuwah isa ngayomi awaké dhéwé. Nèk imané awaké dhéwé marang Yéhuwah kuwi kuwat, Iblis lan para dhemité ora bakal isa nyilakani awaké dhéwé.​—1 Yokanan 5:5.

17. Apa manèh sing kudu ditindakké bèn awaké dhéwé isa diayomi saka dhemit?

17 Apa manèh sing kudu ditindakké wong Kristen ing kutha Éfesus? Wong-wong kuwi urip ing kutha sing akèh dipengaruhi kekuwatané dhemit. Dadi, Paulus kandha, ”Padha tansah ndedongaa.” (Éfesus 6:18) Wong-wong kuwi kudu ndonga saben dina nyuwun pangayomané Yéhuwah. Nèk awaké dhéwé saiki piyé? Saiki, awaké dhéwé uga urip ing donya sing akèh dipengaruhi kekuwatané dhemit. Dadi, awaké dhéwé kudu njaluk tulung bèn diayomi Yéhuwah, lan kudu nyebut asmané Yéhuwah pas ndonga. (Wacanen Wulang Bebasan 18:10.) Nèk awaké dhéwé terus njaluk tulung Yéhuwah bèn bébas saka pengaruhé Iblis, dongané awaké dhéwé bakal dijawab.​—Jabur 145:19; Matéus 6:13.

18, 19. (a) Piyé carané bèn isa menang nglawan Iblis lan para dhemité? (b) Apa sing bakal dirembug ing bab 11 buku iki?

18 Nèk awaké dhéwé wis nyingkirké apa waé sing ana hubungané karo para dhemit, lan percaya karo pangayomané Yéhuwah, awaké dhéwé isa ngadhepi Iblis lan para dhemité. Awaké dhéwé ora perlu wedi. (Wacanen Yakobus 4:7, 8.) Yéhuwah luwih kuwat tinimbang Iblis lan para dhemité. Pas jamané Nuh, para dhemit wis diukum Yéhuwah, lan mbésuk bakal disingkirké. (Yudas 6) Awaké dhéwé ora dhèwèkan. Yéhuwah bakal nggunakké para malaékaté kanggo ngayomi awaké dhéwé. (2 Para Raja 6:15-17) Awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah mesthi mbantu bèn menang nglawan Iblis lan para dhemité.​—1 Pétrus 5:6, 7; 2 Pétrus 2:9.

19 Iblis lan para dhemité wis nyebabké manungsa sengsara, ning apa sebabé Gusti Allah durung nyingkirké Iblis? Pitakonan iki bakal dijawab ing bab 11.