Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB TELULAS

Ajènana Urip saka Gusti Allah

Ajènana Urip saka Gusti Allah

1. Sapa sing maringi urip kanggo awaké dhéwé?

YÉHUWAH ”iku Gusti Allah kang gesang.” (Yérémia 10:10) Yéhuwah sing nggawé lan maringi urip kanggo awaké dhéwé. Alkitab kandha, ”Paduka sampun nitahaken samukawis, sarta amargi saking karsa Paduka, samukawis punika wonten lan dumados.” (Wahyu 4:11) Yéhuwah péngin awaké dhéwé urip. Urip kuwi peparing sing aji saka Yéhuwah.​—Wacanen Jabur 36:10.

2. Apa sing kudu ditindakké bèn uripé awaké dhéwé kepénak?

2 Yéhuwah maringi apa waé sing awaké dhéwé butuhké bèn isa tetep urip, contoné pangan lan banyu. (Lelakoné Para Rasul 17:28) Ning sing luwih penting, Yéhuwah péngin uripé awaké dhéwé kepénak. (Lelakoné Para Rasul 14:15-17) Bèn isa urip kepénak, awaké dhéwé kudu manut préntahé Yéhuwah.​—Yésaya 48:17, 18.

URIP KUWI AJI KANGGO YÉHUWAH

3. Apa sing ditindakké Yéhuwah sakwisé Kain matèni Abèl?

3 Alkitab mulang nèk uripé awaké dhéwé lan kabèh manungsa aji banget kanggo Yéhuwah. Contoné, pas anaké Adam lan Kawa sing jenengé Kain nesu karo adhiné sing jenengé Abèl, Yéhuwah ngélingké Kain bèn aja nesu manèh. Ning Kain ora ngrungokké, dhèwèké nesu banget, terus ”ngepruk Abèl adhine sarta dipatèni”. (Purwaning Dumadi 4:3-8) Yéhuwah ngukum Kain merga matèni Abèl. (Purwaning Dumadi 4:9-11) Dadi, nèk awaké dhéwé sengit lan nesu karo wong liya, awaké dhéwé isa tumindak kasar lan jahat karo wong kuwi. Wong sing kaya ngono ora isa urip saklawasé. (Wacanen 1 Yokanan 3:15.) Bèn isa nyenengké Yéhuwah, awaké dhéwé kudu nresnani kabèh wong.​—1 Yokanan 3:11, 12.

4. Piyé salah siji hukum kanggo bangsa Israèl mbiyèn mulang nèk urip kuwi aji?

4 Suwé sakwisé kedadéan Kain matèni Abèl, Yéhuwah nduduhké nèk uripé manungsa kuwi aji, wektu Yéhuwah maringi Sepuluh Préntah kanggo Musa. Salah siji préntahé yaiku, ”Sira aja mematèni.” (Pangandharing Torèt 5:17) Nèk ana wong sing sengaja matèni wong liya, wong sing matèni kuwi ya kudu mati.

5. Piyé perasaané Yéhuwah bab aborsi?

5 Piyé perasaané Yéhuwah bab aborsi utawa nggugurké bakal bayi? Senajan bayi kuwi durung lair, ning Yéhuwah nganggep uripé bakal bayi kuwi aji. Wektu Yéhuwah maringi préntah kanggo bangsa Israèl, Yéhuwah ngendika nèk ana wong sing nyilakani ibu sing lagi mbobot lan bayiné dadi mati, wong kuwi kudu dipatèni. (Wacanen Pangentasan 21:22, 23; Jabur 127:3.) Saka ayat kuwi, awaké dhéwé isa ngerti nèk aborsi kuwi salah.​—Deloken Cathetan 28.

6, 7. Piyé carané nduduhké marang Yéhuwah nèk awaké dhéwé ngajèni urip?

6 Piyé carané nduduhké marang Yéhuwah, nèk awaké dhéwé ngajèni uripé awaké dhéwé lan wong liya? Aja nindakké apa sing mbebayani uripé awaké dhéwé utawa wong liya. Dadi, awaké dhéwé ora nginang, nggunakké tembako utawa narkoba, merga kuwi kabèh mbebayani lan isa nggawé awaké dhéwé mati.

7 Yéhuwah wis maringi urip kanggo awaké dhéwé, mula kudu digunakké kaya sing dikersakké Yéhuwah. Dadi, saben wong kudu njaga lan ngopèni awaké. Nèk kuwi ora ditindakké, awaké dhéwé ora suci ing ngarsané Gusti Allah. (Rum 6:19; 12:1; 2 Korinta 7:1) Awaké dhéwé ora isa dadi abdiné Yéhuwah, nèk awaké dhéwé ora ngajèni urip. Senajan angèl ninggalké kebiyasaan sing ora apik, ning nèk awaké dhéwé ngupaya lan nganggep urip kuwi aji, Yéhuwah bakal mbantu awaké dhéwé.

8. Apa sing awaké dhéwé tindakké bèn ora mbebayani uripé awaké dhéwé lan wong liya?

8 Awaké dhéwé wis sinau nèk urip kuwi peparingé Yéhuwah sing aji. Yéhuwah percaya nèk awaké dhéwé ora bakal nindakké apa waé sing isa mbebayani uripé awaké dhéwé utawa wong liya. Iki ditindakké wektu awaké dhéwé ngati-ati pas nyupir mobil, montor utawa kendharaan liya. Awaké dhéwé uga ora milih olahraga sing mbebayani utawa sing isa nglarani awaké dhéwé utawa wong liya. (Jabur 11:5) Awaké dhéwé uga ngupayakké bèn omahé awaké dhéwé aman. Yéhuwah maringi préntah kanggo bangsa Israèl, ”Manawa kowé ngadegaké omah anyar, payoné omahmu iku gawèkna pager, supaya omahmu iku aja nganti kapotangan getih, saupama ana wong tiba saka ing kono.”​—Pangandharing Torèt 22:8.

9. Piyé tumindaké awaké dhéwé karo kéwan?

9 Tumindaké awaké dhéwé karo kéwan uga penting kanggo Yéhuwah. Awaké dhéwé éntuk matèni kéwan kanggo didadèkké bahan klambi utawa dipangan. Uga, awaké dhéwé isa matèni kéwan nèk kuwi mbebayani uripé awaké dhéwé. (Purwaning Dumadi 3:21; 9:3; Pangentasan 21:28) Ning, awaké dhéwé ora éntuk nyiksa, utawa matèni kéwan mung kanggo seneng-seneng.​—Wulang Bebasan 12:10.

AJÈNANA URIP SING SUCI

10. Saka endi awaké dhéwé isa ngerti, nèk getih kuwi nggambarké nyawa?

10 Getih kuwi suci kanggo Yéhuwah merga getih nggambarké nyawa. Bar Kain matèni Abèl, Yéhuwah ngendika karo Kain, ”Getihé adinira Abèl sesambat marang Ingsun saka bumi.” (Purwaning Dumadi 4:10) Getihé Abèl nggambarké nyawané, lan Yéhuwah ngukum Kain merga wis matèni Abèl. Sakwisé banjir gedhé ing jaman Nuh, Yéhuwah nduduhké manèh nèk getih nggambarké nyawa. Nuh lan keluargané éntuk mangan daging. Yéhuwah ngendika, ”Sadhéngah kang mobah-mosik kang urip iku dadia panganira. Iku kabèh wus Sunparingaké marang sira; mangkono uga tetuwuhan kang ijo.” Ning mung siji sing ora éntuk dipangan, ”mung daging kang isih ana nyawané, iya iku getihé, iku aja sira pangan”.​—Purwaning Dumadi 1:29; 9:3, 4.

11. Apa préntahé Yéhuwah bab getih kanggo bangsa Israèl?

11 Kira-kira 800 taun sakwisé Yéhuwah maringi préntah marang Nuh nèk ora éntuk mangan getih, Yéhuwah uga maringi préntah manèh kanggo umaté, ”Saben wong Israèl utawa wong liya kang manggon ana ing tengahira, kang mbebedhag banjur olèh beburon utawa manuk kang kena dipangan, getihé kudu kawetokaké, banjur kaurugana lemah.” Yéhuwah banjur ngendika, ”Sira aja mangan getihé.” (Kaimaman 17:13, 14) Yéhuwah isih péngin umaté nganggep getih kuwi suci. Umaté éntuk mangan daging, ning ora karo getihé. Nèk awaké dhéwé matèni kéwan kanggo dipangan, getihé kudu diwutahké ing lemah.

12. Wong Kristen kudu nganggep getih kuwi piyé?

12 Sakwisé Yésus séda, para rasul lan pinituwa ing jemaat Kristen Yérusalèm, ngrembug préntahé Yéhuwah kanggo bangsa Israèl sing isih kudu ditindakké karo wong Kristen. (Wacanen Lelakoné Para Rasul 15:28, 29; 21:25.) Yéhuwah mbantu umaté bèn isa ngerti nèk getih kuwi isih aji kanggo Yéhuwah, lan umaté kudu nganggep getih kuwi suci. Wong Kristen abad sepisan, ora éntuk mangan utawa ngombé getih, lan ora mangan daging saka kéwan sing ora dibelèh. Nèk préntah kuwi dilanggar, kuwi dosané padha karo nèk nyembah brahala lan laku jina. Sakwisé ana préntah kuwi, wong Kristen sing sejati ora mangan utawa ngombé getih. Nèk jaman saiki piyé? Yéhuwah isih péngin awaké dhéwé nganggep getih kuwi suci.

13. Apa sebabé wong Kristen nampik tambah getih utawa tranfusi?

13 Apa iki tegesé wong Kristen kudu nampik tambah getih utawa tranfusi? Ya, mesthiné. Yéhuwah mréntahké awaké dhéwé ora éntuk mangan utawa ngombé getih. Nèk ana dhokter sing nglarang panjenengan ngombé alkohol, apa panjenengan bakal nyuntikké kuwi ing awaké panjenengan? Mesthine ora, ta? Mula, préntah ora éntuk mangan lan ngombé getih kuwi tegesé padha karo ora nampa tranfusi.​—Deloken Cathetan 29.

14, 15. Sepira pentingé ngajèni urip lan manut karo Yéhuwah kanggo wong Kristen?

14 Piyé nèk ana dhokter sing kandha panjenengan bakal mati nèk ora ditranfusi? Saben wong kudu mutuské dhéwé arep manut apa ora karo hukumé Gusti Allah bab getih. Merga wong Kristen ngajèni urip saka Gusti Allah, awaké dhéwé bakal nggolèk pengobatan liyané sing ora nganggo getih bèn isa tetep urip. Ning, awaké dhéwé tetep ora nampa tranfusi.

15 Awaké dhéwé ngupaya bèn tetep séhat, ning merga urip kuwi aji kanggoné Yéhuwah, awaké dhéwé ora nampa tranfusi. Luwih penting manut préntahé Yéhuwah ketimbang urip luwih suwé ning ora manut. Yésus ngendika, ”Amarga sing sapa kumudu-kudu nylametaké nyawané, iku bakal kélangan nyawané, nanging kang kélangan nyawané marga saka Aku, iku bakal nemu.” (Matéus 16:25) Awaké dhéwé péngin manut karo Yéhuwah merga tresna. Yéhuwah ngerti sing paling apik kanggo awaké dhéwé lan awaké dhéwé kudu nganggep getih kuwi aji lan suci kaya Yéhuwah.​—Ibrani 11:6.

16. Apa sebabé umaté Gusti Allah manut karo préntahé Gusti Allah?

16 Umaté Yéhuwah sing setya nindakké préntahé bab getih. Umaté ora mangan utawa ngombé getih, lan ora nampa pengobatan sing nganggo getih. * Ning, umaté Yéhuwah gelem nampa pengobatan liyané bèn isa tetep urip. Umaté Yéhuwah yakin nèk Yéhuwah ngerti apa sing paling apik kanggo umaté, merga Yéhuwah sing nggawé urip lan getih. Apa panjenengan yakin nèk Yéhuwah ngerti apa sing paling apik kanggo panjenengan?

CARA SING BENER NGGUNAKKÉ GETIH

17. Ing jamané bangsa Israèl, piyé cara sing bener nggunakké getih miturut Yéhuwah?

17 Ing préntah sing diparingké Yéhuwah kanggo Musa, Yéhuwah ngendika, ”Marga nyawané angger daging iku ana ing getihé, sarta anggoningSun maringaké getih marang sira ana ing misbyah iku supaya dadia sarananing pirukun tumrap nyawanira, awitdéné getih iku ngolèhaké pirukun sarana nyawa.” (Kaimaman 17:11) Wektu bangsa Israèl tumindak dosa, dhèwèké isa njaluk ngapura liwat kurban kéwan. Terus kandha karo imam supaya nyiramké getih saka kurban mau ing misbyah ing bait. Mung cara iki sing dikersakké Yéhuwah kanggo wong Israèl bab nggunakké getih.

18. Sakwisé Yésus ngurbanké nyawané, apa paédahé kanggo awaké dhéwé?

18 Wektu Yésus ana ing bumi, Yésus ngurbanké nyawané utawa getihé kanggo ngganti kurban kéwan. Saka kurbané Yésus kuwi, awaké dhéwé isa éntuk pangapura kanggo dosa-dosané awaké dhéwé. (Matéus 20:28; Ibrani 10:1) Nyawané Yésus aji banget merga sakwisé Yéhuwah nguripké Yésus ing swarga, Yéhuwah isa maringi kabèh manungsa kesempatan kanggo urip saklawasé.​—Yokanan 3:16; Ibrani 9:11, 12; 1 Pétrus 1:18, 19.

Piyé carané nduduhké nèk panjenengan ngajèni urip lan getih?

19. Apa sing kudu awaké dhéwé tindakké bèn ”resik, ora kaluputan marang sapa baé”?

19 Awaké dhéwé ngucap sokur marang Yéhuwah merga wis maringi urip. Awaké dhéwé péngin ngandhani wong-wong bèn nduwé iman marang Yésus, supaya isa urip saklawasé. Awaké dhéwé nresnani kabèh wong lan péngin mulang wong-wong carané éntuk urip saklawasé. (Yéheskièl 3:17-21) Bar kuwi, kaya rasul Paulus, awaké dhéwé isa ngomong, ”Aku resik, ora kaluputan marang sapa baé kang bakal nemu karusakan. Sabab aku ora nglirwakaké ing bab martakaké karsaning Allah kabèh marang kowé”. (Lelakoné Para Rasul 20:26, 27) Carané awaké dhéwé nduduhké nèk ngajèni urip lan getih yaiku, ngandhani wong liya bab Yéhuwah, lan sepira ajiné urip kanggo Yéhuwah.

^ par. 16 Kanggo katrangan luwih akèh bab tranfusi, deloken kaca 77-79 buku ”Tetaplah Berada dalam Kasih Allah”, sing diwetokké Seksi-Seksi Yéhuwah.