Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB NEMBELAS

Nindakké Ibadah sing Bener

Nindakké Ibadah sing Bener

1, 2. Pitakonan apa sing kudu panjenengan pikirké, lan apa sebabé pitakonan kuwi penting?

SAKA wulangané Alkitab, panjenengan wis sinau nèk ana akèh wong sing ngaku nyembah Gusti Allah, ning malah mulang utawa nindakké apa sing disengiti Gusti Allah. (2 Korinta 6:17) Kuwi sebabé Yéhuwah maringi préntah supaya metu saka agama palsu, sing disebut ”Babil gedhé”. (Wahyu 18:2, 4) Apa sing bakal panjenengan tindakké? Saben wong kudu nggawé keputusan lan mikirké tenanan pitakonan iki, ’Apa aku arep ngibadah marang Gusti Allah nganggo caraku dhéwé, utawa nganggo cara sing bener miturut Gusti Allah?’

2 Nèk panjenengan wis metu saka agama palsu, kuwi tumindak sing apik. Ning, isa waé panjenengan isih nindakké tradhisi lan kebiyasaané agama palsu. Bèn ngerti apa sebabé penting banget nduwé pikiran sing padha karo Yéhuwah bab kuwi, saiki awaké dhéwé bakal ngrembug apa waé tradhisi lan kebiyasaan kuwi.

NGANGGO PATUNG LAN NDONGA MARANG WONG MATI

3. (a) Apa sebabé ana wong sing angèl nèk ora nganggo patung wektu ngibadah? (b) Apa kandhané Alkitab bab nggunakké patung wektu ngibadah?

3 Ana akèh wong sing wis suwé nggunakké patung utawa panggonan sembahyang ing omahé kanggo ngibadah marang Gusti Allah. Nèk panjenengan ya kaya ngono, isa waé panjenengan rumangsa ora pénak nèk ora nganggo barang-barang kuwi. Ning, panjenengan kudu éling nèk Yéhuwah wis mulang carané ngibadah sing bener. Alkitab nduduhké, nèk Yéhuwah ora péngin awaké dhéwé nggunakké patung wektu ngibadah.​—Wacanen Pangentasan 20:4, 5; Jabur 115:4-8; Yésaya 42:8; 1 Yokanan 5:21.

4. (a) Apa sebabé ora éntuk nggawé sajèn kanggo wong sing wis mati? (b) Apa sebabé Yéhuwah mréntahké umaté supaya ora nyoba omong-omongan karo wong mati?

4 Ana wong-wong sing nggunakké akèh wektu lan tenaga kanggo nyenengké keluargané sing wis mati. Wong-wong kuwi uga isa waé nggawé sajèn. Ning, awaké dhéwé wis sinau nèk wong mati ora isa mbantu utawa nyilakani awaké dhéwé. Wong mati uga ora urip ing panggonan liya. Dadi, nèk nduwé hubungan karo wong mati kuwi mbebayani banget, merga apa sing diomongké wong mati sakjané saka dhemit. Kuwi sebabé Yéhuwah mréntahké bangsa Israèl, supaya aja nyoba omong-omongan karo wong mati utawa nindakké apa waé sing ana hubungané karo dhemit-dhemit.​—Pangandharing Torèt 18:10-12; deloken Cathetan 26 lan 31.

5. Piyé bèn panjenengan ora nggunakké patung wektu ngibadah, utawa ora ndonga marang wong mati?

5 Piyé bèn panjenengan ora nggunakké patung wektu ngibadah utawa ora ndonga marang wong mati? Panjenengan kudu maca Alkitab lan mikirké tenanan piyé perasaané Yéhuwah bab kuwi. Yéhuwah nganggep kuwi kabèh ”jejember” utawa njijiki banget. (Pangandharing Torèt 27:15) Panjenengan kudu ndonga marang Yéhuwah saben dina, bèn dibantu ngibadah nganggo cara sing bener lan nduwé pikiran sing padha karo Yéhuwah. (Yésaya 55:9) Panjenengan isa yakin nèk Yehuwah bakal maringi kekuwatan kanggo nyingkirké kabèh sing ana hubungané karo agama palsu.

APA AWAKÉ DHÉWÉ NGRAYAKKÉ NATAL?

6. Apa sebabé tanggal 25 Desember dipilih kanggo ngrayakké lairé Yésus?

6 Ing sakdonya, Natal kuwi salah sijiné riyaya sing akèh dirayakké, lan akèh wong sing nganggep kuwi dina lairé Yésus. Ning, Natal sakjané ana hubungané karo ibadah palsu. Salah siji ensiklopedia nerangké, nèk wong Roma sing nyembah brahala ngrayakké dina lairé srengéngé pas tanggal 25 Desember. Para pemimpin gréja péngin wong sing nyembah brahala kuwi dadi wong Kristen. Mula, senajan Yésus ora lair tanggal 25 Desember, para pemimpin agama mutuské tanggal kuwi dadi dina lairé Yésus. (Lukas 2:8-12) Murid-muridé Yésus ora ngrayakké Natal. Salah siji buku nerangké nèk 200 taun sakwisé Yésus lair, ”Ora ana wong sing ngerti, lan mung sithik sing perduli kapan persisé Yésus lair”. (Sacred Origin of Profound Things) Natalan sing sepisanan dirayakké atusan taun sakwisé Yésus urip ing donya.

7. Apa sebabé wong Kristen sing sejati ora ngrayakké Natal?

7 Akèh wong ngerti bab Natal lan tradhisiné, kaya pèsta gedhé lan ijol-ijolan kadho kuwi asalé saka wong-wong sing nyembah brahala. Contoné, ing negara Inggris lan sebagéan negara Amérika, Natal wis tau dilarang. Wong-wong sing ngrayakké Natal isa diukum. Ning, saiki wong-wong padha ngrayakké Natal manèh. Apa sebabé wong Kristen sing sejati ora ngrayakké Natal? Merga péngin terus nyenengké Gusti Allah ing kabèh tumindaké.

APA AWAKÉ DHÉWÉ NGRAYAKKÉ ULANG TAUN?

8, 9. Apa sebabé wong Kristen abad kapisan ora ngrayakké ulang taun?

8 Akèh wong ngrayakké ulang taun, ning apa wong Kristen ngrayakké kuwi? Ing Alkitab dicathet nèk ana wong sing ngrayakké ulang taun, ning wong kuwi ora nyembah Yéhuwah. (Purwaning Dumadi 40:20; Markus 6:21) Mbiyèn, ulang taun dirayakké kanggo ngurmati allah palsu. Kuwi alesané wong Kristen abad kapisan nganggep nèk ”riyaya ulang taun padha karo nyembah brahala”.​—The World Book Encyclopedia.

9 Wong Roma lan wong Yunani kuna percaya nèk ana roh sing ngayomi saben bayi sing lair lan bakal terus ngayomi ing uripé. Buku The Lore of Birthdays kandha, ”Roh iki nduwé hubungan gaib karo déwa sing tanggal lairé padha karo wong kuwi.”

10. Apa sebabé umaté Yéhuwah saiki ora ngrayakké ulang taun?

10 Miturut panjenengan, apa Yéhuwah seneng nèk awaké dhéwé ngrayakké riyaya sing ana hubungané karo agama palsu? (Yésaya 65:11, 12) Mesthiné Yéhuwah ora seneng. Kuwi sebabé awaké dhéwé ora ngrayakké ulang taun utawa riyaya liya sing ana hubungané karo agama palsu.

APA ASAL-USULÉ DINA RIYAYA KUWI PENTING?

11. Apa sebabé ana wong-wong sing ngrayakké dina riyaya? Apa sing kuduné paling penting kanggo panjenengan?

11 Akèh wong sing sakjané wis ngerti asal-usulé Natal lan dina riyaya liyané, ning wong-wong kuwi tetep padha ngrayakké. Akèh wong sing mikir nèk ora salah nggunakké wektu pas dina riyaya kanggo kumpul bareng keluargané. Apa kuwi sing panjenengan pikirké? Sakjané ora salah nèk péngin kumpul bareng keluarga. Yéhuwah kuwi sing nggawé keluarga lan péngin awaké dhéwé nduwé hubungan sing apik karo keluarga. (Éfesus 3:14, 15) Ning, nduwé hubungan sing apik karo Yéhuwah kuwi luwih penting, ketimbang ngrayakké dina riyaya agama palsu sing mung kanggo nyenengké keluargané awaké dhéwé. Rasul Paulus kandha, ”Lan titi-priksanen apa kang dadi keparenging Gusti.”—Éfesus 5:10.

12. Yéhuwah ora seneng dina riyaya sing kaya apa?

12 Akèh wong nganggep nèk asal-usulé dina riyaya kuwi ora penting, ning kanggoné Yéhuwah kuwi bab sing penting. Yéhuwah ora seneng nèk dina riyaya kuwi asalé saka ibadah palsu, utawa sing ngagung-agungké manungsa utawa lambang-lambang negara. Contoné, wong Mesir jaman mbiyèn nduwé akèh riyaya kanggo allah-allahé. Terus, sakwisé bangsa Israèl metu saka Mesir, bangsa Israèl ngrayakké salah siji dina riyayané wong Mesir lan nyebut kuwi ”riyaya sumaos marang Pangéran Yéhuwah”. Yéhuwah ngukum wong-wong sing ngrayakké riyaya kuwi. (Pangentasan 32:2-10) Mula, kaya sing dikandhakké Nabi Yésaya, awaké dhéwé ”aja nganti kagepok kang najis”.​—Wacanen Yésaya 52:11.

KUDU WICAKSANA WEKTU NJELASKÉ KARO WONG LIYA

13. Pitakonan apa sing isa waé panjenengan pikirké pas mutuské ora ngrayakké dina riyaya manèh?

13 Wektu panjenengan mutuské ora ngrayakké dina riyaya manèh, mbokmenawa panjenengan nduwé akèh pitakonan. Contoné, apa sing kudu tak omongké nèk ana kanca kerjaku sing takon alesanku ora Natalan? Aku kudu piyé nèk ana sing mènèhi aku hadiah Natal? Aku kudu piyé nèk bojoku kepéngin aku ngrayakké riyaya kuwi? Piyé aku isa mbantu anak-anakku bèn ora sedhih senajan ora ngrayakké riyaya lan ulang tauné?

14, 15. Apa sing isa ditindakké nèk ana wong sing nyalami lan ngucapké slamet, utawa mènèhi hadiah kanggo panjenengan?

14 Panjenengan kudu wicaksana wektu mutuské apa sing kudu diomongké lan tindakké ing saben kahanan. Contoné, nèk ana wong sing nyalami lan ngucapké slamet pas dina riyaya, aja ditolak. Panjenengan isa ngomong, ”Maturnuwun”. Ning, nèk ana wong sing péngin ngerti katrangan luwih akèh, panjenengan isa nerangké apa sebabé ora ngrayakké dina riyaya kuwi. Élinga nèk panjenengan kudu tetep apikan, wicaksana, lan ngajèni wong liya. Alkitab kandha, ”Calathumu sing tansah kebak katresnan, aja cemplang, satemah kowé sumurup, kapriyé anggonmu bakal mangsuli pitakoné saben wong.” (Kolosé 4:6) Mbokmenawa panjenengan isa nerangké nèk panjenengan uga isa seneng-seneng karo wong liya lan mènèhi hadiah, ning nèk ora ana hubungané karo dina riyaya kuwi.

15 Apa sing kudu ditindakké nèk ana wong sing mènèhi hadiah? Alkitab pancèn ora nulis akèh aturan, ning Alkitab kandha aja nganti tumindaké awaké dhéwé nggawé awaké dhéwé ngrasa salah ing ngarsané Yéhuwah. (1 Timotéus 1:18, 19) Mbokmenawa wong sing mènèhi hadiah ora ngerti nèk panjenengan ora ngrayakké dina riyaya. Wong kuwi isa waé kandha, ”Aku ngerti kowé ora ngrayakké dina riyaya, ning aku mung arep ngekèki hadiah iki.” Ing kahanan kaya ngono, panjenengan isa milih arep nampa hadiah kuwi apa ora. Ning, apa waé keputusané panjenengan, sing penting aja nganti keputusan kuwi nggawé panjenengan dadi ngrasa salah ing ngarsané Yéhuwah. Awaké dhéwé ora péngin nindakké apa waé sing nggawé hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah dadi rusak.

NGAJÈNI KELUARGANÉ PANJENENGAN

Sapa waé sing ngabdi marang Yéhuwah bakal seneng

16. Apa sing kudu ditindakké nèk keluargané panjenengan péngin panjenengan ngrayakké dina riyaya?

16 Apa sing kudu ditindakké nèk keluargané panjenengan péngin panjenengan ngrayakké dina riyaya? Panjenengan ora perlu padu. Élinga nèk saben wong éntuk mutuské dhéwé apa sing bakal ditindakké. Tetepa apikan lan ajènana keputusané keluarga panjenengan, padha kaya panjenengan ya péngin diajèni. (Wacanen Matéus 7:12.) Ning, nèk keluargané panjenengan péngin panjenengan mèlu seneng-seneng pas dina riyaya, apa sing kudu ditindakké? Sakdurungé nggawé keputusan, panjenengan isa ndonga marang Yéhuwah bèn isa nggawé keputusan sing bener. Pikirna kahanané, lan golèka katrangan luwih akèh. Panjenengan kudu éling nèk sing paling penting yaiku nyenengké Yéhuwah.

17. Piyé carané mbantu anaké panjenengan bèn ora mèri pas ndelok kancané ngrayakké dina riyaya?

17 Apa sing isa ditindakké bèn anaké panjenengan ora mèri pas ndelok kancané ngrayakké dina riyaya? Panjenengan isa sakwayah-wayah nggawé acara sing nyenengké, lan mènèhi hadiah kanggo anaké panjenengan. Ning, hadiah sing paling apik kanggo bocah-bocah, yaiku wektu lan katresnané panjenengan.

NINDAKKÉ IBADAH SING BENER

18. Apa sebabé awaké dhéwé kudu teka ing pakumpulan ibadah?

18 Kanggo nyenengké Yéhuwah, awaké dhéwé kudu ninggalké agama palsu lan kabèh kebiyasaan uga riyayané. Ning, panjenengan ya kudu nindakké ibadah sing bener. Piyé carané? Panjenengan kudu ajeg teka ing pakumpulan ibadah. (Wacanen Ibrani 10:24, 25.) Pakumpulan ibadah kuwi bagéan penting saka ibadah sing bener. (Jabur 22:23; 122:1) Awaké dhéwé isa nguwatké iman siji lan sijiné wektu teka ing pakumpulan ibadah.​—Rum 1:12.

19. Apa sebabé crita bab wulangan sing bener saka Alkitab kuwi penting?

19 Cara liya nindakké ibadah sing bener yaiku, crita karo wong liya bab apa sing wis disinaoni saka Alkitab. Donya iki ana akèh masalah sing nyebabké wong-wong dadi urip sengsara. Mbokmenawa panjenengan ngerti sapa waé sing lagi ngalami sengsara. Critakna berkah-berkah sing nyenengké sukmbèn. Nèk ajeg teka ing pakumpulan ibadah lan nyritakké wulangan sing bener saka Alkitab, panjenengan ora bakal kepéngin manèh dadi bagéan saka agama palsu lan kebiyasaané. Panjenengan bakal seneng lan Yéhuwah bakal mberkahi upayané panjenengan merga wis nindakké ibadah sing bener miturut Yéhuwah.​—Maléakhi 3:10.