Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB PITULAS

Kaurmatan Gedhé kanggo Donga

Kaurmatan Gedhé kanggo Donga

”Kang nitahaké langit lan bumi” gelem mirengké dongané awaké dhéwé.​—Jabur 115:15

1, 2. Apa sebabé donga kuwi hadiah sing paling aji, lan apa alesané awaké dhéwé kudu sinau wulangané Alkitab bab donga?

NÈK dibandhingké karo jagad raya iki, bumi kuwi cilik banget. Wektu Yéhuwah mirsani bumi, bangsa-bangsa mung kaya banyu saktètès sing ana ing timba. (Jabur 115:15; Yésaya 40:15) Senajan awaké dhéwé iki cilik banget nèk dibandhingké karo jagad raya, Jabur 145:18, 19 kandha, ”Pangéran Yéhuwah celak karo saben wong kang nyebut marang asmané, lan karo wong kang sesambat marang Panjenengané kalawan setya. Para wong kang ngabekti marang Gusti Allah padha dijurungi kekarepané, dipiyarsakaké pasambaté banjur padha diluwari.” Bener-bener kaurmatan sing gedhé. Yéhuwah sing nggawé jagad raya iki péngin cedhak lan gelem mirengké dongané awaké dhéwé. Dadi, donga kuwi kaurmatan sing gedhé, hadiah sing paling aji saka Yéhuwah kanggo awaké dhéwé.

2 Ning, Yéhuwah bakal mirengké dongané awaké dhéwé nèk ndonga mung nganggo cara sing bener miturut Yéhuwah. Piyé carané? Ayo dirembug apa sing diwulangké Alkitab bab donga.

ALESANÉ NDONGA MARANG YÉHUWAH

3. Apa alesané panjenengan kudu ndonga marang Yéhuwah?

3 Yéhuwah ngundang panjenengan kanggo ndonga, utawa omong-omongan karo Yéhuwah. Kok isa? Wacanen Filipi 4:6, 7. Pikirna bab iki. Sing nduwé jagad iki nggatèkké tenanan panjenengan, lan péngin panjenengan crita bab apa waé sing panjenengan rasakké, uga masalah sing panjenengan adhepi.

4. Piyé ajeg ndonga marang Yéhuwah isa nggawé panjenengan saya cedhak karo Yéhuwah?

4 Donga mbantu awaké dhéwé isa cedhak karo Yéhuwah. Nèk wong kekancan ajeg crita bab apa sing dipikirké, perasaané lan masalahé karo kancané, mesthi hubungané isa saya cedhak. Kuwi padha wektu ndonga marang Yéhuwah. Liwat Alkitab, Gusti Allah ngendika karo panjenengan bab apa sing dipikirké, piyé perasaané lan apa sing bakal ditindakké mbésuk. Panjenengan isa ajeg crita bab apa waé sing panjenengan rasakké karo Yéhuwah. Nèk nindakké kuwi, panjenengan isa saya cedhak karo Yéhuwah.​—Yakobus 4:8.

DONGA SING DIMIRENGKÉ YÉHUWAH

5. Apa buktiné nèk ora kabèh donga dimirengké Yéhuwah?

5 Apa Yéhuwah mirengké kabèh donga? Ora. Wektu jamané Nabi Yésaya, Yéhuwah ngendika karo bangsa Israèl, ”Sanadyan sira ndedonga mawali-wali, Ingsun ora bakal midhangetaké awit tanganira kebak getih.” (Yésaya 1:15) Dadi, nèk ora ngati-ati, awaké dhéwé isa nindakké apa sing nggawé awaké dhéwé adoh saka Yéhuwah, lan kuwi nyebabké Yéhuwah ora mirengké dongané awaké dhéwé.

6. Apa sebabé nduwé iman kuwi penting? Piyé carané nduduhké nèk panjenengan nduwé iman?

6 Nèk péngin dongané awaké dhéwé dimirengké Yéhuwah, awaké dhéwé kudu nduwé iman marang Yéhuwah. (Markus 11:24) Rasul Paulus kandha, ”Nanging manawa tanpa pracaya mokal yèn ndadekaké keparenging Allah. Jalaran sing sapa sowan marang ngarsané Gusti Allah iku kudu pracaya manawa Gusti Allah iku ana, sarta maringi ganjaran marang wong kang padha temen-temen ngupaya marang Panjenengané.” (Ibrani 11:6) Ning, nèk mung kandha nduwé iman, kuwi ora cukup. Awaké dhéwé kudu mbuktèkké iman kuwi nganggo cara manut karo Yéhuwah saben dina.​—Wacanen Yakobus 2:26.

7. (a) Apa sebabé awaké dhéwé kudu ngajèni lan andhap asor pas ndonga marang Yéhuwah? (b) Piyé carané nduduhké nèk dongané awaké dhéwé saka ati?

7 Awaké dhéwé kudu ngajèni lan andhap asor pas ndonga marang Yéhuwah. Apa sebabé? Nèk awaké dhéwé arep ngomong karo raja utawa présidhèn waé, awaké dhéwé mesthi ngajèni. Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing Mahakuwasa, dadi awaké dhéwé kudu luwih ngajèni lan andhap asor wektu ndonga marang Yéhuwah. (Purwaning Dumadi 17:1; Jabur 138:6) Awaké dhéwé kudu ndonga marang Yéhuwah saka ati, ora mung mbolan-balèni nganggo tembung-tembung sing padha.​—Mateus 6:7, 8.

8. Wektu ndonga, apa sing kudu awaké dhéwé tindakké?

8 Pas ndonga marang Yéhuwah, awaké dhéwé kudu ngupaya apa sing wis didongakké. Contoné, nèk ndonga bèn isa nyukupi kebutuhan saben dina, aja males lan mung njagakké Yéhuwah. Ning, awaké dhéwé kudu sregep nyambut gawé lan gelem nampa kabèh gawéan sing isa dilakoni. (Matéus 6:11; 2 Tésalonika 3:10) Utawa nèk ndonga bèn ora nglakoni tumindak sing salah, awaké dhéwé kudu ngedohi kahanan apa waé sing isa nggawé awaké dhéwé tumindak salah. (Kolosé 3:5) Saiki, ayo dirembug pitakonan sing kerep ditakokké bab donga.

PITAKONAN SING KEREP DITAKOKKÉ BAB DONGA

9. Awaké dhéwé kudu ndonga marang sapa? Yokanan 14:6 mulang apa bab donga?

9 Awaké dhéwé kudu ndonga marang sapa? Yésus mulang muridé supaya ndonga marang ”Rama kawula ingkang wonten ing swarga”. (Matéus 6:9) Yésus uga ngendika, ”Aku iki dalané, sarta jatiné kayektèn lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, manawa ora metu ing Aku.” (Yokanan 14:6) Dadi, awaké dhéwé kudu ndonga marang Yéhuwah liwat Yésus. Apa tegesé ndonga liwat Yésus? Bèn dongané awaké dhéwé ditampa Yéhuwah, awaké dhéwé kudu ngajèni tugas sing wis diparingké Yéhuwah kanggo Yésus. Kaya sing wis disinaoni, Yésus teka ing bumi kanggo nylametké manungsa saka dosa lan pati. (Yokanan 3:16; Rum 5:12) Yéhuwah uga wis ndadèkké Yésus dadi Imam Agung lan Hakim.​—Yokanan 5:22; Ibrani 6:20.

Panjenengan isa ndonga sak wektu-wektu

10. Wektu ndonga, posisiné kudu piyé? Terangna.

10 Wektu ndonga, posisiné kudu piyé? Yéhuwah ora mréntahké awaké dhéwé sujud, lungguh utawa ngadeg wektu ndonga. Alkitab mulang nèk awaké dhéwé isa ndonga marang Yéhuwah nganggo posisi apa waé, sing penting ngajèni. (1 Babad 17:16; Néhémya 8:7; Dhanièl 6:11; Markus 11:25) Sing paling penting kanggo Yéhuwah dudu posisiné, ning ati sing tulus wektu ndonga. Awaké dhéwé isa ndonga nganggo swara utawa dibatin, ing ngendi waé, lan kapan waé, isa awan utawa bengi. Wektu ndonga, awaké dhéwé percaya nèk Yéhuwah bakal mirengké, senajan wong liya ora ngerti nèk awaké dhéwé lagi ndonga.​—Néhémya 2:1-6.

11. Apa waé sing isa awaké dhéwé dongakké?

11 Apa waé sing isa awaké dhéwé dongakké? Awaké dhéwé isa ndongakké apa waé sing cocog karo kersané Yéhuwah. Alkitab kandha, ”Manawa kita padha nyuwun apa-apa marang Panjenengané, kang nyondhongi ing karsané, mesthi disembadani.” (1 Yokanan 5:14) Apa awaké dhéwé isa ndonga bab-bab sing ora isa dicritakké karo wong liya? Isa. Ndonga marang Yéhuwah kuwi kuduné kaya omong-omongan karo kanca sing cedhak. Awaké dhéwé isa crita bab apa waé sing lagi dipikirké lan dirasakké. (Jabur 62:9) Awaké dhéwé isa nyuwun roh suciné Yéhuwah kanggo mbantu nindakké sing bener. (Lukas 11:13) Awaké dhéwé uga isa nyuwun kawicaksanan kanggo nggawé keputusan sing apik, lan ndonga bèn nduwé kekuwatan ngadhepi masalah. (Yakobus 1:5) Merga nduwé dosa, awaké dhéwé kudu nyuwun pangapurané Gusti Allah. (Éfesus 1:3, 7) Awaké dhéwé uga kudu ndongakké wong-wong liya, klebu keluarga lan sedulur-sedulur seiman.​—Lelakoné Para Rasul 12:5; Kolosé 4:12.

12. Bab paling penting apa sing kudu didongakké?

12 Bab paling penting apa sing kudu didongakké? Yéhuwah lan kersané. Awaké dhéwé uga kudu ngucap sokur kanggo apa waé sing wis Yéhuwah tindakké. (1 Babad 29:10-13) Awaké dhéwé isa ngerti saka endi? Wektu Yésus ing bumi, Yésus mulang muridé carané ndonga. (Wacanen Matéus 6:9-13.) Yésus ngendika nèk sing sepisanan kudu didongakké yaiku asmané Gusti Allah bèn dadi suci. Bar kuwi, ndongakké Kratoné Gusti Allah bèn teka, lan kersané kelakon ing bumi. Sakwisé ndongakké bab-bab sing penting mau, lagi isa ndongakké kebutuhané awaké dhéwé. Nèk ndhisikké Yéhuwah lan kersané wektu ndonga, kuwi nduduhké apa sing paling penting kanggo awaké dhéwé.

13. Sepira suwéné awaké dhéwé ndonga?

13 Sepira suwéné awaké dhéwé ndonga? Alkitab ora ngandhani sepira suwéné. Dongané awaké dhéwé isa sedhéla utawa suwé, miturut kahanané. Contoné, pas arep maem, dongané awaké dhéwé isa waé sedhéla, ning pas ngucap sokur utawa ndonga bab apa sing dikuwatirké, dongané isa luwih suwé. (1 Samuèl 1:12, 15) Ning, aja nganti dongané awaké dhéwé suwé merga péngin diajèni wong liya, kaya wong-wong pas jamané Yésus. (Lukas 20:46, 47) Yéhuwah ora seneng karo donga sing kaya ngono. Sing penting kanggo Yéhuwah kuwi donga saka ati.

14. Ping pira awaké dhéwé kudu ndonga, lan iki mulang apa bab Yéhuwah?

14 Ping pira awaké dhéwé kudu ndonga? Yéhuwah péngin awaké dhéwé ajeg ndonga. Alkitab kandha nèk awaké dhéwé kudu terus ndedonga, setya ndedonga, lan ora mandheg ndedonga. (Matéus 26:41; Rum 12:12; 1 Tésalonika 5:17) Yéhuwah siap mirengké dongané awaké dhéwé. Awaké dhéwé isa ngucap sokur saben dina, merga Yéhuwah wis maringi kabèh sing dibutuhké. Awaké dhéwé uga isa njaluk tuntunan, kekuwatan, lan katentreman. Nèk ngajèni kaurmatan sing gedhé kanggo ndonga, awaké dhéwé bakal nggunakké saben kesempatan kanggo ndedonga.

15. Apa alesané awaké dhéwé kudu kandha ”amin” wektu pungkasané donga?

15 Apa alesané awaké dhéwé kudu kandha ”amin” wektu pungkasané donga? Tembung ”amin” tegesé ”mesthi kelakon” utawa ”dadia kaya sing dikarepké”. Kuwi carané nduduhké nèk dongané awaké dhéwé tulus saka ati. (Jabur 41:14) Alkitab mulang, awaké dhéwé uga isa kandha ”amin” nganggo swara utawa dibatin. Wektu ndonga bareng-bareng, awaké dhéwé uga kandha ”amin” kanggo nduduhké nèk awaké dhéwé setuju karo apa sing didongakké.​—1 Babad 16:36; 1 Korinta 14:16.

CARANÉ GUSTI ALLAH NJAWAB DONGA

16. Apa Yéhuwah bener-bener njawab dongané awaké dhéwé? Terangna.

16 Apa Yéhuwah bener-bener njawab dongané awaké dhéwé? Iya. Alkitab nyebut Yéhuwah kuwi sing ”midhangetaken pandonga”. (Jabur 65:3) Yéhuwah mirengké lan njawab dongané wong-wong sing tulus saka ati. Yéhuwah njawab dongané saben wong nganggo cara sing werna-werna.

17. Piyé carané Yéhuwah nggunakké para malaékat lan umaté ing bumi kanggo njawab dongané awaké dhéwé?

17 Yéhuwah nggunakké para malaékat lan umaté ing bumi, kanggo njawab dongané awaké dhéwé. (Ibrani 1:13, 14) Ana akèh conto wong-wong sing ndonga bèn isa ngerti wulangané Alkitab, bar kuwi ujug-ujug ana Seksi-Seksi Yéhuwah sing teka. Alkitab nduduhké, nèk para malaékat mèlu martakké ”Injil” ing saklumahing bumi. (Wacanen Wahyu 14:6.) Ana akèh sedulur sing wis ngrasakké bantuané Yéhuwah, liwat sedulur-sedulur seiman pas ndonga bab apa sing dibutuhké.​—Wulang Bebasan 12:25; Yakobus 2:16.

Yéhuwah njawab dongané awaké dhéwé liwat bantuan saka sedulur seiman

18. Piyé carané Yéhuwah nggunakké roh suci lan Alkitab kanggo njawab donga?

18 Yéhuwah nggunakké roh suci kanggo njawab donga. Pas ndonga bèn isa ngadhepi masalah, Gusti Allah nggunakké roh suciné kanggo nguwatké lan nuntun awaké dhéwé. (2 Korinta 4:7) Yéhuwah uga isa nggunakké Alkitab, kanggo njawab dongané awaké dhéwé lan mbantu bèn isa nggawé keputusan sing bener. Contoné, pas maca Alkitab, isa waé awaké dhéwé nemokké ayat sing cocog. Yéhuwah uga isa nggawé sedulur-sedulur ing pakumpulan ibadah bèn mènèhi urun rembug sing migunani kanggo awaké dhéwé, utawa pas ana pinituwa sing nerangké wulangan saka Alkitab.​—Galati 6:1.

19. Apa sebabé dongané awaké dhéwé kétoké durung dijawab Yéhuwah?

19 Kadhang kala, awaké dhéwé isa waé mikir ’Kok dongaku durung dijawab karo Yéhuwah?’ Élinga nèk Yéhuwah ngerti cara lan wektu sing pas kanggo njawab dongané awaké dhéwé. Sakjané, Yéhuwah wis ngerti apa waé sing awaké dhéwé butuhké. Ning, nèk terus ndonga, kuwi mbuktèkké nèk awaké dhéwé bener-bener mbutuhké apa sing didongakké lan nduduhké nèk awaké dhéwé percaya marang Yéhuwah. (Lukas 11:5-10) Isa waé, Yéhuwah njawab donga nganggo cara sing ora awaké dhéwé karepké. Contoné, Yéhuwah ora langsung nyingkirké masalah sing lagi diadhepi, ning Gusti Allah maringi kekuwatan kanggo ngadhepi masalah kuwi.​—Wacanen Filipi 4:13.

20. Apa sebabé awaké dhéwé kudu kerep ndonga marang Yéhuwah?

20 Kaurmatan sing gedhé banget isa ndonga marang Yéhuwah. Awaké dhéwé isa yakin nèk Gusti Allah bakal mirengké dongané awaké dhéwé. (Jabur 145:18) Nèk kerep ndonga marang Yéhuwah, hubungané awaké dhéwé karo Gusti Allah isa saya cedhak.