Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB SANGALAS

Tetep Cedhak karo Yéhuwah

Tetep Cedhak karo Yéhuwah

1, 2. Ing endi awaké dhéwé nemokké panggonan sing aman saiki?

BAYANGNA panjenengan lagi ana ing njaba pas mendhung. Langité saya peteng, ana swara gludhug lan bledhèg. Sakwisé kuwi udan deres. Panjenengan mesthi nggolèki panggonan kanggo ngéyub. Seneng banget rasané nèk wis nemokké panggonan sing aman.

2 Padha kaya kahanan donya saiki sing saya kebak masalah. Panjenengan isa waé mikir, ’Nèng endi aku isa nemokké panggonan sing aman?’ Alkitab kandha, ”Iku bakal nyebut marang Yéhuwah mangkéné: ’Pangungsèn saha bètèng kawula, Gusti Allah kawula ingkang kawula andelaken.’” (Jabur 91:2) Yéhuwah bakal mbébaské awaké dhéwé saka masalah sing diadhepi, lan Yéhuwah maringi pangarep-arep sing apik kanggo uripé awaké dhéwé mbésuk.

3. Apa sing kudu ditindakké bèn Yéhuwah mbantu pas ngadhepi masalah?

3 Piyé carané Yéhuwah njaga awaké dhéwé saiki? Yéhuwah isa mbantu awaké dhéwé ngadhepi masalah apa waé, merga Yéhuwah luwih kuwat ketimbang sapa waé sing arep nyilakani awaké dhéwé. Senajan saiki lagi ngadhepi masalah, awaké dhéwé isa yakin nèk mbésuk Yéhuwah bakal nyingkirké masalah kuwi. Alkitab kandha, ”Padha rumeksaa [utawa, njaga] marang awakmu dhéwé mangkono, ana ing sajroning sihé Gusti Allah.” (Yudas 21) Awaké dhéwé kudu cedhak karo Yéhuwah bèn isa éntuk bantuan pas ngadhepi masalah. Ning, piyé carané?

NDUDUHKÉ KATRESNAN MARANG YÉHUWAH

4, 5. Piyé carané Yéhuwah nduduhké katresnané kanggo awaké dhéwé?

4 Bèn isa tetep cedhak karo Yéhuwah, awaké dhéwé kudu ngerti nèk Yéhuwah tresna banget karo awaké dhéwé. Pikirna apa sing wis Yéhuwah tindakké kanggo awaké dhéwé. Yéhuwah wis maringi bumi lan isiné klebu tanduran uga kéwan sing werna-werna. Yéhuwah uga maringi pangan sing énak-énak lan banyu kanggo diombé. Liwat Alkitab, Yéhuwah wis mulang bab asmané lan sipat-sipaté sing nggumunké. Sing paling penting, Yéhuwah nduduhké katresnané wektu ngutus Yésus ing bumi, lan nebus awaké dhéwé saka dosa lan pati. (Yokanan 3:16) Lan merga tebusané Yésus, awaké dhéwé isa éntuk pengarep-arep sing nyenengké mbésuk.

5 Yéhuwah wis nyedhiyakké Kratoné, yaiku pamréntahan ing swarga sing ora suwé manèh bakal nyingkirké kasusahané manungsa. Kratoné kuwi bakal nggawé bumi dadi pirdus lan kabèh wong bakal urip ayem tentrem saklawasé. (Jabur 37:29) Cara liyané Yéhuwah nduduhké katresnané yaiku mulang awaké dhéwé carané urip ayem tentrem saiki. Yéhuwah uga péngin awaké dhéwé ndonga marang Yéhuwah, lan Yéhuwah mesthi mirengké dongané awaké dhéwé kapan waé. Kuwi kabèh carané Yéhuwah nduduhké katresnané kanggo saben wong.

6. Piyé panjenengan nanggepi katresnané Yéhuwah?

6 Piyé panjenengan nanggepi katresnané Yéhuwah? Duduhna rasa sokur kanggo kabèh sing wis Yéhuwah tindakké. Ning, akèh wong saiki ora tau ngucap sokur, padha kaya wektu Yésus ing bumi. Sakwisé Yésus nambani wong sepuluh sing lara lépra, mung siji sing maturnuwun marang Yésus. (Lukas 17:12-17) Awaké dhéwé péngin dadi kaya wong sing kandha maturnuwun marang Yésus. Awaké dhéwé péngin terus ngucap sokur marang Yéhuwah.

7. Kudu sepira gedhéné katresnané awaké dhéwé marang Yéhuwah?

7 Awaké dhéwé uga isa nduduhké katresnan marang Yéhuwah. Yésus ngendika karo murid-muridé, nèk kudu nresnani Yéhuwah saktulusing ati, nyawa, lan budi. (Wacanen Matéus 22:37.) Apa kuwi tegesé?

8, 9. Piyé carané awaké dhéwé nduduhké nèk tresna karo Yéhuwah?

8 Apa cukup nèk mung kandha awaké dhéwé tresna karo Yéhuwah? Ora. Nèk tresna saktulusing ati, nyawa, lan budi, awaké dhéwé bakal nduduhké kuwi liwat tumindaké awaké dhéwé. (Matéus 7:16-20) Alkitab mulang nèk tresna marang Gusti Allah tegesé manut kabèh préntah-préntahé. Kuwi ora angèl merga ”pepakon-pepakoné iku ora abot”.​—Wacanen 1 Yokanan 5:3.

9 Nèk manut préntahé Yéhuwah, uripé awaké dhéwé bakal ayem tentrem. (Yésaya 48:17, 18) Ning, piyé carané awaké dhéwé isa tetep cedhak karo Yéhuwah? Ayo dirembug carané.

TERUS NGUPAYA CEDHAK KARO YÉHUWAH

10. Apa sebabé panjenengan kudu terus sinau bab Yéhuwah?

10 Piyé carané bèn panjenengan isa dadi kancané Yéhuwah? Wektu sinau Alkitab, panjenengan dadi kenal tenan lan nduwé hubungan sing cedhak karo Yéhuwah. Hubungan sing cedhak iki kaya geni sing kudu dijaga bèn tetep murub. Carané yaiku kudu ditambahi kayu. Kaya geni sing butuh kayu bèn tetep murub, panjenengan kudu terus sinau bab Yéhuwah bèn saya cedhak karo Yéhuwah.​—Wulang Bebasan 2:1-5.

Kaya geni, katresnané awaké dhéwé marang Yéhuwah kudu dijaga bèn tetep murub

11. Piyé perasaané panjenengan sakwisé sinau Alkitab?

11 Nèk terus sinau Alkitab, panjenengan bakal sinau akèh wulangan sing mlebu ing ati. Gatèkna piyé perasaané loro muridé Yésus, wektu Yésus nerangké ramalané Alkitab. Murid-murid kuwi kandha, ”Wah krasa tenan atiku dhèk mau, nalika ngrungokaké Panjenengané nerangaké isining Kitab-kitabé Musa lan Para Nabi. Pangandikané ngyakinaké temenan.”​—Lukas 24:32, BJP.

12, 13. (a) Nèk ora terus ngupaya, katresnané awaké dhéwé marang Yéhuwah isa dadi piyé? (b) Piyé carané bèn awaké dhéwé tetep cedhak karo Gusti Allah?

12 Padha kaya muridé Yésus sing atiné seneng banget wektu ngerti isiné Kitab Suci, panjenengan mesthi ya seneng banget wektu sepisanan ngerti wulangané Alkitab. Kuwi nggawé panjenengan saya cedhak lan tresna marang Yéhuwah, lan mesthiné panjenengan ora gelem katresnan kuwi dadi ilang.​—Matéus 24:12.

13 Wektu panjenengan dadi kancané Gusti Allah, panjenengan kudu ngupaya bèn tetep cedhak karo Gusti Allah. Panjenengan kudu terus sinau bab Yéhuwah lan Yésus, lan mikirké tenanan apa sing wis disinaoni, banjur ditindakké ing urip saben dina. (Yokanan 17:3) Pas panjenengan maca utawa sinau Alkitab, pikirna tenanan pitakonan iki, ’Saka apa sing takwaca, aku sinau apa bab Yéhuwah? Kena apa kok aku kudu nresnani Yéhuwah saktulusing ati lan nyawa?’​—1 Timotéus 4:15.

14. Apa sebabé donga isa nggawé katresnané awaké dhéwé karo Yéhuwah saya kuwat?

14 Nèk nduwé kanca akrab, panjenengan mesthi kerep omong-omongan karo dhèwèké, kuwi isa nggawé kekancan tetep raket. Padha nèk awaké dhéwé ajeg omong-omongan karo Yéhuwah liwat donga, awaké dhéwé bakal saya tresna karo Yéhuwah. (Wacanen 1 Tésalonika 5:17.) Donga kuwi hadiah sing paling aji saka Gusti Allah. Awaké dhéwé kuduné ndonga saka ati. (Jabur 62:9) Awaké dhéwé ora mung mbolan-balèni donga nganggo tembung sing padha, ning dongané kudu tulus. Mula, nèk terus sinau Alkitab lan ndonga saka ati, rasa tresnané awaké dhéwé karo Yéhuwah bakal tetep kuwat.

CRITA KARO WONG LIYA BAB YÉHUWAH

15, 16. Piyé perasaané panjenengan bab gawéan nginjil?

15 Cara liya bèn isa tetep cedhak karo Yéhuwah yaiku, crita karo wong liya bab sing wis awaké dhéwé sinaoni. Kuwi kaurmatan sing gedhé. (Lukas 1:74) Iki tanggung jawab sing Yésus paringké kanggo murid-muridé. Awaké dhéwé kudu martakké kabar apik bab Kratoné Gusti Allah. Apa panjenengan wis nindakké iki?​—Matéus 24:14; 28:19, 20.

16 Rasul Paulus nganggep nèk martakké kabar apik kuwi aji banget, Paulus nyebut kuwi kaya ”rajabrana”. (2 Korinta 4:7) Cara kanggo ngabdi marang Yéhuwah yaiku crita karo wong liya bab Yéhuwah lan kersané, kuwi gawéan sing paling penting sing isa awaké dhéwé tindakké. Yéhuwah ngajèni apa sing wis panjenengan tindakké. (Ibrani 6:10) Martakké kabar apik uga ana paédahé kanggo panjenengan lan wong sing ngrungokké. Panjenengan lan wong sing ngrungokké isa cedhak karo Gusti Allah lan isa urip saklawasé. (Wacanen 1 Korinta 15:58.) Apa ana gawéan liya sing luwih nyenengké?

17. Apa sebabé martakké kabar apik kuwi kudu cepet ditindakké?

17 Martakké kabar apik kuwi gawéan paling penting lan kudu cepet ditindakké. (2 Timotéus 4:2) Wong-wong kudu krungu bab Kratoné Gusti Allah. Alkitab kandha, ”Wus cedhak dinané Sang Yéhuwah kang ngédab-édabi iku, wus cedhak lan énggal banget tekané.” Dadi, pungkasané ndonya iki ”ora bakal sumené [utawa, telat]”. (Zéfanya 1:14; Habakuk 2:3) Ora suwé manèh, Yéhuwah bakal nyingkirké donya sing dikuwasani Iblis iki. Sakdurungé kuwi, wong-wong kudu diélingké bèn isa milih kanggo ngabdi marang Yéhuwah.

18. Apa sebabé awaké dhéwé kudu ngibadah bebarengan karo umaté Gusti Allah?

18 Yéhuwah péngin awaké dhéwé ngibadah bebarengan karo umaté. Alkitab kandha, ”Sarta mara padha engon-ingengon, supaya padha atag-ingatag ing katresnan lan ing panggawé utama. Kita aja ngedohi pakumpulan-pakumpulan pangibadah kita, kaya pakulinané sawènèhing wong, ananging payo padha éling-ingélingaké, sarta ngarepaké dinaning Gusti kang saya cedhak iki disaya mempeng anggon kita tumindak ing gawé.” (Ibrani 10:24, 25) Dadi, awaké dhéwé kudu ngupaya bèn isa ajeg teka ing pakumpulan ibadah. Pakumpulan ibadah kuwi kesempatan kanggo nguwatké siji lan sijiné.

19. Piyé carané bèn isa tresna karo sedulur-sedulur ing pakumpulan ibadah?

19 Wektu teka ing pakumpulan ibadah, panjenengan bakal ketemu karo sedulur-sedulur sing isa mbantu panjenengan ngabdi marang Yéhuwah. Senajan wongé béda-béda, ning kabèh ngupaya bèn isa terus ngabdi marang Yéhuwah. Sedulur-sedulur kuwi padha kaya panjenengan, ora sampurna lan isa waé nggawé salah. Panjenengan isa ngapurani sedulur-sedulur nèk tumindak salah. (Wacanen Kolosé 3:13.) Nèk terus ndelok sipat apiké sedulur-sedulur, panjenengan isa saya tresna karo sedulur-sedulur kuwi, lan saya cedhak karo Yéhuwah.

URIP SING SANYATA

20, 21. Apa kuwi ”urip kang sanyata”?

20 Yéhuwah péngin kabèh kanca-kancané nduwé urip sing nyenengké. Alkitab mulang nèk uripé awaké dhéwé mbésuk luwih nyenengké ketimbang jaman saiki.

Yéhuwah péngin panjenengan isa ”urip kang sanyata”. Apa panjenengan péngin?

21 Mbésuk, awaké dhéwé bakal urip saklawasé, ora mung 70 utawa 80 taun. Awaké dhewé bakal ”urip langgeng” lan terus séhat, urip ayem tentrem ing pirdus sing éndah. Iki sing dikandhakké Alkitab bab ”urip kang sanyata”. Yéhuwah janji bakal maringi awaké dhéwé urip sing sanyata kuwi, ning awaké dhéwé kudu tumindak saiki bèn ora kélangan urip sanyata sing wis dijanjèkké kuwi.​—1 Timotéus 6:12, 19.

22. (a) Piyé carané bèn ora kélangan urip sanyata sing wis dijanjèkké kuwi? (b) Apa sebabé urip langgeng ora merga upayané awaké dhéwé?

22 Piyé carané bèn ora kélangan urip sanyata sing wis dijanjèkké kuwi? Awaké dhéwé kudu ”nglakoni panggawé becik” lan ”dadi sugih ing bab kabecikan”. (1 Timotéus 6:18) Kuwi tegesé awaké dhéwé kudu nglakoni apa sing wis disinaoni saka Alkitab. Ning, urip sing sanyata kuwi ora merga upayané awaké dhéwé. Sakjané, awaké dhéwé ora isa urip langgeng. Urip langgeng kuwi wujud ”sih-rahmaté Gusti Allah”. (Rum 5:15) Gusti Allah péngin banget maringi hadiah iki kanggo umaté sing setya.

23. Apa sebabé panjenengan kudu nggawé keputusan sing bener saiki?

23 Pikirna tenanan, ’Apa aku ngabdi marang Gusti Allah nganggo cara sing bener miturut Gusti Allah?’ Nèk panjenengan ngrasa ana sing kudu diowahi, panjenengan kudu langsung nindakké kuwi. Pas awaké dhéwé ngendelké Yéhuwah lan tumindak apa waé supaya tetep manut karo Yéhuwah, Yéhuwah bakal ngayomi awaké dhéwé. Yéhuwah bakal ngayomi umaté saksuwéné dina pungkasan saka donya sing dikuwasani Iblis. Banjur, umaté bakal urip ing Pirdus saklawasé, kaya sing dijanjèkké. Mula, nèk panjenengan nggawé keputusan sing bener saiki, panjenengan bakal isa urip ing Pirdus saklawasé.