Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PITAKONAN 5

Piyé Nèk Aku Dinakali nèng Sekolah?

Piyé Nèk Aku Dinakali nèng Sekolah?

NGAPA PENTING?

Carané kowé nanggepi isa nggawé kahanan dadi luwih apik utawa malah luwih èlèk.

KOWÉ KUDU PIYÉ?

Bayangna cerita iki: Tomas ora gelem sekolah dina iki, sésuk, lan sakterusé. Kabèh kuwi merga telung sasi sakdurungé, ana kanca sekolahé sing nyebarké berita sing èlèk bab dhèwèké. Dhèwèké dadi nduwé julukan. Kadhang ana kancané sing nibakké bukuné, ning éthok-éthok ora sengaja. Utawa ana wong-wong sing lagi mlaku bareng nèng mburiné terus nyurung dhèwèké nganti tiba, pas Tomas nolèh, ora ana sing ngaku nèk wis nyurung dhèwèké. Wingi, wong sing nakal kuwi ngancem Tomas liwat internèt . . .

Nèk kowé dadi Tomas, piyé tanggepanmu?

PIKIREN DHISIK!

Sakjané kowé isa nglawan wektu dinakali, utawa di-bully. Ning carané ora perlu kasar. Terus piyé?

  • TETEP TENANG. Alkitab kandha, ”Wong tanpa pikir ngumbar nepsuné sakatogé, nanging wong wicaksana sabar lan ngendhalèni rasaning atiné [utawa, tetep tenang].” (Wulang Bebasan 29:11, BJP) Nèk kowé kétok tenang, kancamu sing nakali bakal kesel dhéwé.

  • AJA MBALES. Alkitab kandha, ”Aja males ala marang wong kang gawé piala.” (Rum 12:17) Ngupaya mbales mung bakal nggawé kahanan dadi luwih èlèk.

  • AJA NYEDHAKI MASALAH. Alkitab kandha, ”Wong wicaksana manawa nyumurupi anané bilai [utawa, cilaka], banjur ndhelik.” (Wulang Bebasan 22:3) Sak isa-isané, ngedohana wong sing marahi masalah, lan kahanan sing nggawé kowé dinakali.

  • NGEKÈKI TANGGEPAN SING ORA DIDUGA-DUGA. Alkitab kandha, ”Wangsulan kang sarèh nglejaraké nepsu.” (Wulang Bebasan 15:1) Kowé isa nanggepi nganggo guyonan. Contoné, nèk kowé diécé merga gendhut, kowé isa njawab karo guyon, ”Iya mengko awakku tak kurokké sithik”.

  • LUNGAA. Nora, umur 19 taun, ngomong, ”Meneng mbuktèkké kowé diwasa lan luwih kuwat timbang wong sing ngganggu kowé. Uga nduduhké kowé isa ngendhalèni dhiri, kuwi sipat sing ora diduwèni wong sing seneng nakali.”2 Timotéus 2:24.

  • TETEPA PERCAYA DHIRI. Wong sing seneng nakali isa ngerti sapa sing mindheran lan sing ora bakal nglawan nèk dinakali. Nèk kowé ora mènèhi kesempatan kanggo ngganggu, wong sing seneng nakali ora bakal ngganggu manèh.

  • KANDHA KARO WONG LIYA. Wong sing mbiyèn dadi guru ngomong, ”Kabèh wong sing tau dinakali, kudu cerita. Kuwi tumindak sing bener, lan isa nyegah wong sing seneng nakali bèn ora ngganggu wong liya manèh.”

Percaya dhiri bakal mènèhi kowé kekuwatan sing ora diduwèni wong sing seneng nakali