Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PITAKONAN 8

Apa sing Kudu Tak Ngertèni bab Pelècèhan Sèksual?

Apa sing Kudu Tak Ngertèni bab Pelècèhan Sèksual?

NGAPA PENTING?

Saben taun jutaan wong diperkosa utawa ngalami pelècèhan sèksual liyané, lan cah enom sing dadi sasaran utamané.

KOWÉ KUDU PIYÉ?

Annette diserang wong, ngerti-ngerti dhèwèké dibanting. Annette ngomong, ”Aku ngupaya sakisa-isané kanggo nglawan dhèwèké. Aku nyoba mbengok, ning swaraku ora metu. Aku nyurung, nendhang, njotos, lan nyakar dhèwèké. Ngerti-ngerti aku ngrasa ana péso sing manceb nèng kulitku. Aku ora isa apa-apa manèh.”

Nèk kowé ngadhepi kahanan kaya ngono, kowé bakal tumindak apa?

PIKIREN DHISIK!

Senajan kowé wis jaga-jaga, mbokmenawa wis ngati-ati pas lunga ing wayah bengi, kowé isa waé ngalami kedadéan sing èlèk. Alkitab kandha, ”Kowé padha ora sumurup apa kang bakal kalakon ing dina sésuk.”Yakobus 4:14.

Ana cah enom sing kaya Annette, diserang karo wong sing ora dikenal. Sing liyané diserang karo wong sing wis dikenal utawa malah anggota keluargané dhéwé. Pas umur sepuluh taun, Natalie ngalami pelècèhan sèksual, pelakuné cah lanang sing manggon ing cedhak omahé. ”Aku wedi lan isin banget, dadi awalé aku ora crita karo sapa-sapa,” jaré Natalie.

KOWÉ ORA SALAH

Annette isih terus ngrasa salah bar kedadéan kuwi. Dhèwèké ngomong, ”Aku kèlingan terus karo kedadéan ing bengi kuwi. Aku kuduné ngupaya luwih kuwat kanggo nglawan dhèwèké. Bar ditusuk, aku dadi kewedèn lan ora isa ngapa-ngapa manèh, ning aku ngrasa kuduné aku isa.”

Natalie uga terus-terusan ngrasa salah. Dhèwèké cerita, ”Aku kuduné ora gampang percaya karo wong. Wong tuwaku wis nggawé aturan supaya aku ora adoh-adoh saka mbakyuku wektu dolan nèng njaba, ning aku ora ngrungokké. Dadi aku ngrasa nèk gara-gara kuwi akiré tanggaku nduwé kesempatan nggo nyerang aku. Kedadéan kuwi nggawé susah keluargaku lan aku ngrasa kabèh kuwi salahku, kuwi sing paling abot nggo aku.”

Nèk kowé ya ngrasa padha kaya Annette utawa Natalie, sing paling penting kowé kudu éling nèk kowé diperkosa, dudu kowé sing gelem. Ana sing ngrèmèhké masalah iki, alesané kuwi biyasa kanggoné cah lanang, utawa wong sing diperkosa kuwi sing mancing. Ning ora ana wong sing pantes diperkosa. Nèk kowé dadi korban tumindak bejat kaya ngono, kowé ora salah.

Pancèn nèk maca ”kowé ora salah” kuwi gampang. Sing angèl yaiku percaya nèk kowé pancèn ora salah. Ana sing ora gelem crita kedadéané, akiré terus ngrasa salah lan nduwé perasaan èlèk liyané. Ning sapa sing rugi nèk kowé meneng waé, kowé utawa wong sing merkosa? Dadi, kanggo kepentinganmu dhéwé, kowé perlu mikirké pilihan liyané.

NYRITAKKÉ KEDADÉANÉ

Alkitab nyritakké pas Ayub lagi susah banget, dhèwèké kandha, ”Aku arep ngucap sajroning prihatiné nyawaku kang pait.” (Ayub 10:1) Kowé uga isa éntuk paédah nèk nindakké sing padha kaya Ayub. Atimu isa luwih tenang lan ayem, nèk kowé gelem crita sing mbok alami karo wong sing isa mbok percaya.

Isa waé iki abot banget kanggo kowé. Ngapa ora njaluk bantuan wong liya?

Annette wis mbuktèkké beneré naséhat kuwi. Dhèwèké ngomong, ”Aku crita karo kancaku, lan aku dikon crita karo rong pinituwa ing jemaat. Aku seneng wis nuruti sarané. Para pinituwa omongan karo aku ing kesempatan sing béda-béda, ngekèki naséhat sing bener-bener tak butuhké, yaiku kabèh sing wis tak alami dudu salahku. Kuwi babar blas dudu salahku.”

Natalie crita karo wong tuwané bab sing dialami. Dhèwèké ngomong, ”Wong tuwaku ndhukung lan nguwatké aku, bèn aku gelem crita bab kuwi. Dadi aku ora terus-terusan sedhih lan nyimpen rasa jèngkèl.”

Natalie uga ngrasa ayem nèk ndonga. ”Omong-omongan karo Gusti Allah isa mbantu aku. Kususé pas aku ngrasa ora isa ngomongké isi atiku karo wong liya. Wektu ndonga, aku isa bébas omong-omongan. Aku dadi isa ngrasa ayem lan tenang,” jaréné.

Kowé ya bakal ngrasakké nèk pancèn ana ”wayahé marasaké [utawa, marèkké]”. (Kohèlèt 3:3) Gatèkna keséhatanmu lan perasaanmu. Turu sing cukup uga penting. Ning sing paling penting, terus ngendelké Yéhuwah, Gusti Allah sing dadi sumberé panglipuran.2 Korinta 1:3, 4.

NÈK KOWÉ WIS CUKUP UMUR KANGGO PACARAN

Nèk kowé cah wédok lan digodha kanggo tumindak saru, kowé isa langsung kandha sing tegas, ”Aja ngono!” utawa ”Aja ndemok-ndemok!” Aja wedi kélangan pacarmu. Nèk dhèwèké tumindak saru, dhèwèké ora pantes mbok dadèkké pacar. Kowé pantes éntuk pacar sing ngajèni awakmu lan pathokanmu.

KUIS BAB PELÈCÈHAN SÈKSUAL

”Wektu SMP, cah lanang seneng narik tali BH-ku lan ngomong sing ora sopan, contoné, wah énak banget nèk isa hubungan sèks karo cah-cah wédok kuwi.”—Coretta.

Menurutmu, cah-cah lanang kuwi lagi

  1. Guyon?

  2. Nggodha?

  3. Nindakké pelècèhan sèksual?

”Nèng bis, ana cah lanang ngomong sing saru-saru karo aku lan ndemok-ndemok aku. Tangané tak gebug lan tak kon ngedohi aku. Dhèwèké ndeloki aku lan nganggep aku iki anèh.”—Candice.

Menurutmu, apa sing lagi ditindakké cah lanang kuwi?

  1. Guyon?

  2. Nggodha?

  3. Nindakké pelècèhan sèksual?

”Taun wingi, ana cah lanang sing terus ngomong nèk dhèwèké seneng karo aku lan péngin aku dadi pacaré, senajan aku wis ngomong ora gelem. Kadhang dhèwèké ngelus-elus tanganku, aku wis nglarang, ning dhèwèké ora ngrungokké. Terus pas aku lagi nali sepatu, bokongku dicablèk.”—Bethany.

Menurutmu, cah lanang kuwi lagi:

  1. Guyon?

  2. Nggodha?

  3. Nindakké pelècèhan sèksual?

Pilihan sing bener kanggo kabèh kuis iki yaiku C.

Apa bédané pelècèhan sèksual karo guyon utawa nggodha?

Pelècèhan sèksual kuwi sing seneng mung wong sing nindakké thok. Kuwi ditindakké terus senajan korbané wis nglarang.

Pelècèhan kuwi perkara sing serius. Malah kuwi isa dadi kekerasan sèksual.