Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 1

Yéhuwah Nggawé Swarga lan Bumi

Yéhuwah Nggawé Swarga lan Bumi

Yéhuwah kuwi Pencipta. Yéhuwah nggawé kabèh sing kétok lan sing ora kétok. Sakdurungé nggawé kabèh sing kétok, Yéhuwah nggawé akèh malaékat. Kowé ngerti ora malaékat kuwi apa? Malaékat kuwi ciptaané Yéhuwah sing digawé mirip kaya Yéhuwah. Kaya Yéhuwah, malaékat kuwi ora kétok. Malaékat pertama sing diciptakké Yéhuwah mbantu Yéhuwah nggawé bintang, planèt, lan liya-liyané. Salah siji planèt sing digawé yaiku Bumi. Bumi digawé kanggo dadi tempat tinggalé manungsa.

Terus, Yéhuwah nyiapké bumi bèn kéwan lan manungsa isa urip ing kono. Yéhuwah nggawé sinar matahari isa tekan bumi. Yéhuwah ya nggawé gunung, laut, lan kali.

Apa manèh sing digawé Yéhuwah? Yéhuwah ngomong, ’Aku bakal nggawé suket, tanduran, lan wit-witan.’ Ana akèh jenis buah, sayuran, lan kembang sing digawé Yéhuwah. Terus, Yéhuwah nggawé kéwan-kéwan. Ana kéwan sing isa mabur, ana sing urip ing banyu, lan ana sing merayap. Yéhuwah nggawé kéwan sing cilik, contoné kelinci. Yéhuwah ya nggawé kéwan sing gedhé, contoné gajah. Kowé paling seneng kéwan apa?

Terus, Yéhuwah ngomong karo malaékat sing pertama, ”Ayo awaké dhéwé nggawé manungsa.” Manungsa kuwi béda karo kéwan. Manungsa isa nggawé barang, ngomong, ngguyu, lan ndonga. Manungsa bakal diwènèhi tugas kanggo ngurus bumi lan kéwan. Apa kowé ngerti sapa manungsa sing pertama? Ayo dilanjutké critané.

”Awalé Gusti Allah nyiptakké langit lan bumi.”​—Kejadian 1:1