Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 4

Seneng Nesu Kuwi Ora Apik

Seneng Nesu Kuwi Ora Apik

Sakwisé diusir saka Taman Èden, Adam lan Hawa nduwé anak-anak. Anaké sing pertama jenengé Kain. Adhiné jenengé Habèl. Kain kuwi petani, lan Habèl kuwi gembala.

Kain lan Habèl mènèhi persembahan kanggo Yéhuwah. Kowé ngerti ora persembahan kuwi apa? Kuwi hadiah kanggo Yéhuwah. Yéhuwah seneng karo persembahané Habèl. Tapi, Yéhuwah ora seneng karo persembahané Kain. Kain dadi nesu banget. Yéhuwah ngandhani Kain nèk dhèwèké terus nesu, Kain isa waé nggawé dosa. Tapi, Kain ora gelem ngrungokké Yéhuwah.

Kain ngomong karo Habèl, ʼAyo ing lapangan.’ Ing lapangan ora ana sapa-sapa. Terus, Kain matèni Habèl. Apa sing ditindakké Yéhuwah? Yéhuwah ngukum Kain. Kain dikon lunga adoh saka keluargané lan ora éntuk bali manèh.

Apa sing isa dipelajari saka crita iki? Awaké dhéwé isa waé nesu nèk ora éntuk apa sing dikarepké. Nèk mulai nesu utawa ana sing mènèhi naséhat merga awaké dhéwé nesu, awaké dhéwé kudu ngupaya bèn ora tambah nesu.

Habèl sayang lan manut Yéhuwah. Mula, Yéhuwah bakal terus ngéling-éling Habèl. Yéhuwah bakal nguripké Habèl manèh ing bumi firdaus.

”Rukuna dhisik karo sedulurmu, banjur balia lan wènèhna kurbanmu.”​—Matius 5:24