Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 5

Bahtera Nuh

Bahtera Nuh

Manungsa dadi tambah akèh. Tapi, akèh-akèhé dadi wong jahat. Malah, ana malaékat-malaékat ing swarga sing dadi jahat. Malaékat-malaékat jahat kuwi ninggalké swarga, terus teka ing bumi. Kowé ngerti ora sebabé? Malaékat-malaékat jahat kuwi péngin dadi manungsa bèn isa nikah karo wong-wong wédok ing bumi.

Bar nikah, para malaékat jahat kuwi nduwé anak-anak lanang. Anak-anak kuwi dadi wong sing kuwat banget. Wong-wong kuwi seneng ngganggu lan njahati wong liya. Yéhuwah ora seneng karo tumindaké wong-wong kuwi. Mula, Yéhuwah mutuské kanggo ngukum wong-wong jahat nganggo banjir.

Tapi, ana wong sing ora jahat. Dhèwèké sayang karo Yéhuwah. Wong kuwi jenengé Nuh. Nuh lan bojoné nduwé anak telu. Anak-anaké jenengé Sèm, Ham, lan Yafèt. Telu-teluné wis nduwé bojo. Yéhuwah ngongkon Nuh nggawé bahtera bèn Nuh lan keluargané isa slamet saka banjir kuwi. Bahtera kuwi kothak kayu sing gedhé banget lan isa ngapung ing banyu. Yéhuwah ya ngongkon Nuh nglebokké kéwan-kéwan ing njero bahtera bèn padha slamet.

Nuh langsung nggawé bahtera. Kira-kira butuh 50 taun kanggo nggawé bahtera kuwi. Nuh lan keluargané nggawé bahtera persis kaya sing dikarepké Yéhuwah. Nuh ya ngandhani wong-wong nèk bakal ana Banjir Gedhé. Tapi, ora ana sing gelem ngrungokké Nuh.

Saiki wektuné Nuh lan keluargané mlebu bahtera. Piyé kelanjutané? Ayo diteruské critané.

”Kaya kahanan ing jamané Nuh, semono uga mbésuk pas rawuhé Putrané manungsa.”​—Matius 24:37