Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 6

Ana Wong Wolu sing Slamet

Ana Wong Wolu sing Slamet

Nuh, keluargané, lan kéwan-kéwan mlebu bahtera. Yéhuwah nutup pintu bahtera. Bar kuwi, mulai udan. Udané deres banget. Terus, bahterané mulai ngapung. Akhiré, buminé dadi kelelep banyu. Wong-wong sing ora mlebu bahtera mati kabèh. Tapi, Nuh lan keluargané isa slamet. Nuh lan keluargané mesthi seneng banget merga manut karo Yéhuwah.

Sakwisé 40 dina lan 40 wengi, udané mandheg. Terus, banyuné ya mulai surut. Akhiré, bahterané tekan pegunungan. Tapi, isih akèh daratan sing kelelep banyu. Mula, Nuh lan keluargané durung isa metu saka bahtera.

Akhiré, banyuné wis asat. Nuh lan keluargané wis ana ing bahtera luwih saka setaun. Bar kuwi, Yéhuwah ngongkon Nuh lan keluargané metu saka bahtera. Terus, Nuh lan keluargané mènèhké persembahan kanggo Yéhuwah. Kuwi dadi bukti nèk wong-wong kuwi bersyukur banget merga wis dislametké Yéhuwah.

Yéhuwah seneng banget. Yéhuwah janji ora bakal ngukum kabèh sing ana ing bumi nganggo banjir. Terus, ana pelangi sing pertama ing langit. Kuwi dadi jaminan kanggo janjiné Yéhuwah. Apa kowé tau ndelok pelangi?

Yéhuwah ya ngongkon Nuh lan keluargané kanggo nduwé anak lan ngebaki bumi.

”Nuh mlebu ing bahtera. Wong-wong kuwi ora nggatèkké nganti Banjir Gedhé kuwi teka lan nyirnakké wong-wong kuwi kabèh.”​—Matius 24:38, 39