Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 7

Menara Babèl

Menara Babèl

Sakwisé Banjir Gedhé, anak-anaké Nuh nduwé akèh anak. Mula, wong-wong ing bumi dadi tambah akèh. Wong-wong kuwi padha nyebar ing dhaérah-dhaérah liya. Kuwi cocog karo préntahé Yéhuwah.

Tapi, ana sing ora manut Yéhuwah. Wong-wong kuwi ngomong, ’Ayo mbangun kutha ing kéné, terus dienggoni. Bar kuwi, awaké dhéwé mbangun menara sing dhuwuré tekan langit bèn awaké dhéwé isa dadi terkenal.’

Yéhuwah ora seneng. Mula, Yéhuwah péngin nggagalké rencana kuwi. Apa kowé ngerti piyé carané? Yéhuwah nggawé basané wong-wong kuwi dadi béda-béda. Merga omongané wis ora nyambung, wong-wong kuwi mandheg mbangun kutha. Kutha kuwi disebut Babèl, sing artiné ”Kacau”. Wong-wong kuwi akhiré mulai pindhah ing dhaérah-dhaérah liya. Tapi, wong-wong kuwi tetep jahat. Isih ana ora ya sing sayang karo Yéhuwah? Ayo diteruské critané.

”Saben wong sing ngunggulké dhèwèké dhéwé bakal diisin-isinké, nanging sapa waé sing ngasorké dhèwèké dhéwé bakal diunggulké.”​—Lukas 18:14