Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 8

Abraham lan Sara Manut Yéhuwah

Abraham lan Sara Manut Yéhuwah

Ing cedhaké kutha Babèl, ana kutha sing jenengé Ur. Akèh wong ing kono ora nyembah Yéhuwah. Tapi, ana wong sing nyembah Yéhuwah. Wong kuwi jenengé Abraham.

Yéhuwah ngomong karo Abraham, ’Tinggalen omah lan sedulurmu, terus lungaa ing dhaérah sing bakal tak duduhké.’ Bar kuwi, Yéhuwah janji, ’Kowé bakal dadi bangsa sing gedhé, lan akèh wong bakal éntuk berkah merga kowé.’

Abraham ora ngerti bakal dikon lunga ngendi. Tapi, Abraham percaya karo Yéhuwah. Mula, Abraham, Sara, Térah, lan Lot siap-siap kanggo lunga. Térah kuwi bapaké Abraham, lan Lot kuwi ponakané.

Wektu tekan negri sing diduduhké Yéhuwah, umuré Abraham 75 taun. Negri kuwi jenengé Kanaan. Ing kono, Yéhuwah janji, ’Aku bakal mènèhké negri sing mbok delok iki kanggo anak-anakmu.’ Tapi, Abraham lan Sara wis tuwa. Wong loro kuwi ya ora nduwé anak. Dadi, piyé janjiné Yéhuwah isa kelakon?

”Merga nduwé iman, Abraham manut . . . lan dhèwèké mangkat menyang panggonan sing bakal ditampa dadi warisan. Dhèwèké mangkat senajan ora ngerti arep lunga menyang ngendi.”​—Ibrani 11:8