Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 10

Élinga Bojoné Lot

Élinga Bojoné Lot

Abraham manggon ing Kanaan bareng ponakané sing jenengé Lot. Ternaké Abraham lan Lot tambah akèh. Mula, Abraham ngomong karo Lot, ’Dhaérah iki kétoké wis ora cukup manèh nèk dienggoni keluargamu lan keluargaku. Saiki kowé miliha dhisik arep lunga ngendi. Mengko aku bakal lunga ing dhaérah liyané.’ Abraham apikan banget, ta?

Lot ndelok ana dhaérah sing subur ing cedhaké kutha Sodom. Dadi, Lot milih dhaérah kuwi lan manggon ing kono bareng keluargané. Tapi, Lot lan keluargané akhiré pindhah ing kutha Sodom.

Ing cedhak kutha Sodom, ana kutha sing jenengé Gomora. Wong-wong ing Sodom lan Gomora jahat banget. Mula, Yéhuwah arep ngukum wong-wong kuwi. Tapi, Yéhuwah péngin nylametké Lot lan keluargané. Yéhuwah ngongkon loro malaékat kanggo ngandhani Lot lan keluargané. Para malaékat kuwi ngomong, ’Cepet! Metua saka kutha iki. Yéhuwah bakal ngukum wong-wong ing kéné!’

Lot ora gelem cepet-cepet lunga saka kono. Mula, para malaékat kuwi nggèrèd Lot, bojoné, lan anaké wédok loro bèn metu saka kutha kuwi. Para malaékat kuwi ngomong, ’Mlayua! Lungaa bèn slamet! Aja nolèh mburi. Nèk nolèh mburi, kowé bakal mati.’

Wektu Lot lan keluargané wis tekan kutha Zoar, Yéhuwah ngukum wong-wong ing Sodom lan Gomora nganggo udan geni lan belérang. Kutha loro kuwi hancur. Merga manut Yéhuwah, Lot lan anak-anaké slamet. Tapi, bojoné Lot ora manut Yéhuwah. Dhèwèké nolèh mburi, terus dadi patung uyah. Lot lan anak-anaké mesthi sedhih banget. Awaké dhéwé sinau nèk manut préntahé Yéhuwah kuwi penting banget.

”Élinga bojoné Lot.”​—Lukas 17:32