Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 11

Apa Abraham Nduwé Iman sing Kuwat?

Apa Abraham Nduwé Iman sing Kuwat?

Abraham mulang Ishak bèn sayang karo Yéhuwah lan percaya kabèh janjiné. Wektu umuré Ishak kira-kira 25 taun, Yéhuwah mènèhi Abraham préntah sing ora gampang dilakoni. Apa préntahé?

Yéhuwah ngongkon Abraham, ’Ajaken anakmu munggah gunung ing Moria. Terus, korbanké anakmu ing kana.’ Abraham ora ngerti kenapa Yéhuwah ngongkon dhèwèké ngorbanké Ishak. Tapi, Abraham tetep manut Yéhuwah.

Sésuké, Abraham ngejak Ishak lan pelayané loro lunga ing Moria wektu isih ésuk. Sakwisé telung dina, gunungé wis mulai kétok saka kadohan. Abraham ngongkon pelayané ngentèni ing kono. Terus, Abraham lan Ishak lunga kanggo mènèhké korban ing gunung. Abraham nggawa pisau, lan Ishak dikon nggawa kayu bakar. Ishak takon, ’Endi domba sing arep dikorbanké, Pak?’ Abraham njawab, ’Mengko bakal diwènèhi Yéhuwah, Lé.’

Wektu wis tekan gunung, Abraham lan Ishak nggawé mézbah. Bar kuwi, Abraham nalèni sikil lan tangané Ishak. Terus, Ishak diturokké ing mézbah.

Abraham njupuk pisauné. Wektu kuwi, malaékaté Yéhuwah ngomong saka swarga, ’Abraham, anakmu aja mbok apak-apakké. Saiki aku ngerti nèk kowé nduwé iman karo Yéhuwah. Buktiné kowé gelem ngorbanké anakmu.’ Bar kuwi, Abraham ndelok ana domba sing tandhuké nyangkut ing semak. Abraham langsung nguculi tali ing tangan lan sikilé Ishak. Terus, dhèwèké ngorbanké domba kuwi.

Mulai dina kuwi, Yéhuwah nyebut Abraham sahabaté. Kowé ngerti ora kenapa? Abraham tetep manut senajan ora mudheng karepé Yéhuwah.

Yéhuwah mbalèni manèh janjiné karo Abraham, ’Aku bakal mberkahi kowé. Aku ya bakal nggawé keturunanmu dadi akèh banget.’ Yéhuwah ya janji nèk liwat keturunané Abraham, kabèh wong sing manut bakal éntuk berkah.

”Gusti Allah tresna banget marang donya iki nganti maringké Putra siji-sijiné, supaya saben wong sing nduduhké iman marang Putrané ora disirnakké nanging éntuk urip saklawasé.”​—Yohanes 3:16