Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 13

Yakub lan Ésau Rukun Manèh

Yakub lan Ésau Rukun Manèh

Yéhuwah janji karo Yakub nèk bakal nglindhungi Yakub kaya Dhèwèké nglindhungi Abraham lan Ishak. Yakub manggon ing Haran. Ing kono, Yakub nikah, nduwé akèh anak, lan dadi sugih banget.

Bar kuwi, Yéhuwah ngongkon Yakub, ’Balia ing negri asalmu.’ Yakub lan keluargané manut. Ing perjalanan, ana pelayané Yakub sing teka, terus ngomong, ’Kakangmu lagi perjalanan mréné. Dhèwèké mréné karo 400 wong.’ Yakub wedi banget. Yakub mikir nèk Ésau bakal nyerang dhèwèké lan keluargané. Mula, Yakub ndonga, ’Yéhuwah, tulung slametké aku saka kakangku.’ Sésuké, Yakub ngirimké domba, kambing, sapi, unta, lan keledai kanggo Ésau.

Benginé, Yakub ketemu karo malaékat. Pas kuwi, Yakub lagi dhèwèkan. Yakub gelut karo malaékat kuwi nganti ésuk. Senajan awaké lara kabèh, Yakub ora nyerah. Malaékat kuwi ngomong, ’Eculna aku.’ Yakub njawab, ’Wegah. Njenengan kudu mberkahi aku dhisik.’

Yakub akhiré diberkahi karo malaékat kuwi. Saiki Yakub yakin nèk Yéhuwah bakal nglindhungi dhèwèké saka Ésau.

Ésuké, Yakub ndelok Ésau lan 400 wong saka kadohan. Yakub marani Ésau, terus sujud ing ngarepé Ésau nganti ping pitu. Ésau ya marani Yakub, terus meluk dhèwèké. Wong loro kuwi nangis, lan akhiré padha rukun manèh. Nurutmu, apa Yéhuwah seneng karo sing ditindakké Yakub?

Bar kuwi, Ésau mulih ing omahé. Yakub ya nglanjutké perjalanané. Yakub nduwé anak lanang sing jumlahé 12. Anak-anaké jenengé Rubèn, Siméon, Lèwi, Yéhuda, Dan, Naftali, Gad, Asyèr, Isakhar, Zébulon, Yusuf, lan Bényamin. Salah siji anaké Yakub sing jenengé Yusuf digunakké Yéhuwah kanggo nglindhungi umaté. Apa kowé ngerti piyé carané? Ayo diteruské critané.

”Terus tresnaa marang mungsuh-mungsuhmu lan dongakna wong-wong sing nganiaya kowé, supaya kowé isa kebukti dadi putra-putrané Bapakmu ing swarga.”​—Matius 5:44, 45