Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 15

Yéhuwah Ora Ninggalké Yusuf

Yéhuwah Ora Ninggalké Yusuf

Yusuf dipenjara ing Mesir. Pas kuwi, raja Mesir sing jenengé Firaun ngimpi. Tapi, ora ana sing isa njelaské arti mimpiné. Salah siji pelayané Firaun ngomong nèk Yusuf isa ngandhani arti mimpiné Firaun. Mula, Yusuf langsung dikon nemoni Firaun.

Firaun ngomong, ’Jelasna arti mimpiku.’ Yusuf njawab, ’Bakal ana akèh bahan pangan ing Mesir saksuwéné pitung taun. Bar kuwi, bakal ana kurang pangan saksuwéné pitung taun. Pilihen wong sing pinter kanggo nyimpen bahan pangan bèn rakyatmu ora kurang pangan.’ Terus, Firaun njawab, ’Kowé sing tak pilih! Kowé bakal dadi wong nomer loro sing kuwasané paling gedhé ing Mesir.’ Kok Yusuf isa ngerti arti mimpiné Firaun? Kuwi merga Yusuf dibantu Yéhuwah.

Yusuf ngumpulké bahan pangan saksuwéné pitung taun. Bar kuwi, ana kurang pangan ing sakdonya, kaya sing wis diomongké Yusuf. Akèh wong teka saka dhaérah-dhaérah liya kanggo tuku bahan pangan saka Yusuf. Yakub ya krungu nèk ana akèh bahan pangan ing Mesir. Mula, Yakub ngongkon sepuluh anaké tuku bahan pangan ing kana.

Anak-anaké Yakub teka ing Mesir. Yusuf langsung ngerti nèk kuwi kakang-kakangé. Tapi, kakang-kakangé ora ngerti nèk kuwi Yusuf. Kakang-kakangé sujud karo Yusuf. Kuwi kaya mimpiné Yusuf pas isih enom. Yusuf péngin ngerti apa kakang-kakangé wis berubah. Yusuf ngomong, ’Kowé kabèh mata-mata! Kowé péngin ngerti kelemahané Mesir, ta?’ Kakang-kakangé njawab, ’Ora. Aku iki saka Kanaan. Aku kabèh sakjané ana 12 wong. Tapi, sing siji wis mati. Terus, sing paling cilik ana ing omah karo bapakku.’ Yusuf njawab, ’Gawanen mréné adhimu sing paling cilik. Bar kuwi, aku lagi  percaya.’ Terus, kakang-kakangé mulih.

Pas panganané wis entèk, Yakub ngongkon anak-anaké lunga manèh ing Mesir. Anak-anaké Yakub ya nggawa adhiné sing paling cilik, yaiku Bényamin. Kanggo nguji kakang-kakangé, Yusuf ngumpetké gelas pérak ing karungé Bényamin. Terus, Yusuf nudhuh nèk kakang-kakangé sing nyolong. Pas pelayané Yusuf nemokké gelas kuwi ing karungé Bényamin, kakang-kakangé kagèt. Kakang-kakangé gelem dihukum bèn Bényamin isa bébas.

Saiki Yusuf ngerti nèk kakang-kakangé wis berubah. Yusuf wis ora isa nahan perasaané. Yusuf nangis, terus ngomong, ’Aku Yusuf, sedulurmu. Apa bapak isih urip?’ Kakang-kakangé kagèt. Yusuf ngomong, ’Aja ngrasa salah manèh. Yéhuwah sing ngirim aku bèn isa nylametké kowé kabèh. Saiki ajaken bapak mréné.’

Kakang-kakangé mulih, terus ngandhani bapaké nèk Yusuf isih urip. Bar kuwi, bapaké dijak ing Mesir. Akhiré, Yusuf lan bapaké isa ketemu manèh sakwisé pirang-pirang taun.

”Nèk kowé ora ngapurani salahé wong liya, Bapakmu uga ora bakal ngapurani salahmu.”​—Matius 6:15