Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 17

Musa Milih Nyembah Yéhuwah

Musa Milih Nyembah Yéhuwah

Ing Mesir, keluargané Yakub disebut bangsa Israèl. Sakwisé Yakub lan Yusuf mati, ana Firaun anyar sing mulai mréntah Mesir. Firaun wedi nèk bangsa Israèl dadi luwih kuwat ketimbang bangsa Mesir. Mula, bangsa Israèl didadèkké budhak. Bangsa Israèl dipeksa kerja ing ladhang. Bangsa Israèl ya dikon nggawé bata. Senajan dikon kerja abot, bangsa Israèl malah dadi tambah akèh. Firaun ora seneng. Mula, Firaun ngongkon bèn kabèh bayi lanangé bangsa Israèl dipatèni. Wong Israèl mesthi wedi banget. Apa kowé isa mbayangké kuwi?

Ana wong wédok Israèl sing jenengé Yokhèbèd. Yokhèbèd nduwé bayi lanang sing nggantheng. Yokhèbèd péngin nglindhungi bayiné. Mula, dhèwèké nglebokké bayiné ing kranjang. Terus, kranjangé diumpetké ing antarané tanduran sing ana ing Kali Nil. Mbakyuné bayi kuwi jenengé Miriam. Dhèwèké nunggu ing cedhak kono kanggo njaga adhiné.

Bar kuwi, putriné Firaun teka ing kali kanggo adus. Putriné Firaun ndelok kranjang kuwi. Dhèwèké ndelok ana bayi sing lagi nangis ing njeroné. Dhèwèké ngrasa mesakké. Miriam takon, ’Apa njenengan gelem tak golèkké wong wédok sing isa nyusoni bayi kuwi?’ Putriné Firaun setuju. Terus, Miriam ngejak ibuné bèn ketemu karo putriné Firaun. Putriné Firaun ngomong karo Yokhèbèd, ’Gawanen bayi iki. Kowé kudu nyusoni dhèwèké. Mengko kowé tak bayar.’

Bocah kuwi dadi tambah gedhé. Akhiré, Yokhèbèd masrahké bocah kuwi ing putriné Firaun. Bocah kuwi dijenengi Musa karo putriné Firaun. Musa dianggep dadi anaké dhéwé. Merga dadi pangéran, Musa bébas ngapa waé. Tapi, Musa tetep éling karo Yéhuwah. Musa ngerti nèk dhèwèké wong Israèl, dudu wong Mesir. Mula, Musa milih nyembah Yéhuwah.

Wektu umuré 40 taun, Musa péngin mbantu wong Israèl. Wektu ana wong Israèl sing digebugi karo wong Mesir, Musa nggebug wong Mesir kuwi nganti mati. Terus, Musa ngumpetké mayaté ing pasir. Firaun ngerti soal kuwi. Mula, dhèwèké arep matèni Musa. Tapi, Musa lunga ing Midian. Ing kana, Musa tetep dilindhungi Yéhuwah.

”Merga nduwé iman, Musa . . . ora gelem disebut anaké putri Firaun. Dhèwèké milih kanggo ditindhes bareng karo umaté Gusti Allah.”​—Ibrani 11:24, 25