Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 18

Semak sing Kobong

Semak sing Kobong

Wis 40 taun Musa manggon ing Midian. Ing kono, dhèwèké nikah lan nduwé anak-anak. Pas lagi njaga domba ing cedhak Gunung Sinai, Musa ndelok ana sing luar biasa. Ana semak berduri sing kobong, tapi ora dadi gosong. Musa nyedhaki semak kuwi. Terus, ana swara saka semak kuwi, ’Musa! Aja nyedhak! Copoten sandalmu. Kowé lagi ngadeg ing tanah sing suci.’ Swara kuwi asalé saka Yéhuwah sing lagi ngomong liwat malaékat.

Musa nutupi wajahé merga wedi. Yéhuwah ngomong, ’Aku ndelok nèk bangsa Israèl susah banget uripé. Aku bakal nylametké bangsa Israèl saka bangsa Mesir. Bangsa kuwi bakal tak gawa ing negri sing subur. Aku milih kowé kanggo mimpin umatku metu saka Mesir.’ Musa mesthi kagèt banget.

Musa takon, ’Nèk ana sing takon sapa sing ngongkon aku, aku kudu njawab apa?’ Yéhuwah njawab, ’Ngomong waé karo bangsa Israèl nèk kowé dikon Yéhuwah, yaiku Allahé Abraham, Allahé Ishak, lan Allahé Yakub.’ Musa takon manèh, ’Piyé nèk padha ora ngrungokké aku?’ Yéhuwah mènèhi bukti nèk bakal mbantu Musa. Yéhuwah ngongkon Musa nguncalké tongkaté ing tanah. Tongkat kuwi berubah dadi ula. Wektu Musa nyekel buntuté ula kuwi, ulané berubah dadi tongkat manèh. Yéhuwah ngomong, ’Nèk kowé nindakké iki, iki bakal dadi bukti nèk aku sing ngongkon kowé.’

Musa ngomong, ’Aku ora pinter ngomong.’ Yéhuwah janji, ’Kowé bakal tak kandhani apa sing kudu mbok omongké. Aku ya bakal ngongkon Harun, kakangmu, kanggo mbantu kowé.’ Merga wis yakin nèk bakal dibantu Yéhuwah, Musa bali ing Mesir bareng karo bojo lan anak-anaké.

”Aja kuwatir bab apa sing kudu kok omongké utawa piyé carané ngomong. Merga ing wektu kuwi uga, kowé bakal ngerti apa sing kudu kok omongké.”​—Matius 10:19