Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 21

Hukuman sing Kesepuluh

Hukuman sing Kesepuluh

Musa janji karo Firaun nèk ora bakal nemoni dhèwèké manèh. Tapi, sakdurungé lunga saka ngarepé Firaun, Musa ngomong, ’Ing tengah wengi, kabèh anak lanang pertama ing Mesir bakal mati. Mulai anaké Firaun nganti anaké para budhak.’

Terus, Yéhuwah ngongkon bangsa Israèl nyiapké panganan sing istiméwa. Yéhuwah ngomong, ’Belèhen domba utawa kambing sing umuré setaun. Olèsna getihé ing pintu omahmu. Panggangen dagingé, terus panganen nganggo roti tanpa ragi. Kowé kudu siap-siap. Sandalmu enggonen. Bengi iki kowé kabèh bakal tak bébaské.’ Bangsa Israèl mesthi seneng banget.

Ing tengah wengi, malaékaté Yéhuwah nekani kabèh omah ing Mesir. Nèk ana omah sing pintuné ora ana getihé, anak lanang pertama ing omah kuwi bakal mati. Tapi, malaékat bakal ngliwati omah sing pintuné ana getihé. Akhiré, kabèh anak lanang pertamané wong Mesir mati. Tapi, anaké bangsa Israèl ora ana sing mati.

Anak lanangé Firaun ya mati. Firaun dadi nesu banget. Firaun ngomong karo Musa lan Harun, ’Lungaa! Lungaa saka kéné. Kana! Ngibadaha karo Gusti Allahmu. Gawanen kabèh kéwanmu!’

Pas kuwi lagi bulan purnama. Bangsa Israèl akhiré lunga saka Mesir. Wong-wong kuwi baris nurut keluarga lan sukuné. Ana 600.000 wong lanang Israèl. Terus, ya ana akèh wong wédok lan bocah-bocah. Tapi, ora mung kuwi. Ana wong-wong saka bangsa liya sing mèlu bangsa Israèl merga péngin nyembah Yéhuwah. Akhiré, bangsa Israèl bébas!

Kanggo ngéling-éling nèk wis dislametké Yéhuwah, saben taun bangsa Israèl mangan panganan sing istiméwa kuwi. Kegiatan kuwi disebut Paskah, sing artiné ”ngliwati”.

”Aku ngejarké kowé tetep urip supaya Aku isa nduduhké kuwasa-Ku, lan supaya asma-Ku diwartakké ing saklumahing bumi.”​—Roma 9:17