Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 26

Rolas Mata-Mata

Rolas Mata-Mata

Saka Gunung Sinai, bangsa Israèl lunga ing Kadès ngliwati Padhang Gurun Paran. Ing kono, Yéhuwah ngomong karo Musa, ’Kanaan bakal tak wènèhké bangsa Israèl. Miliha wong siji saka saben suku Israèl. Kongkonen wong 12 kuwi lunga ing Kanaan kanggo dadi mata-mata.’ Dadi, Musa milih 12 wong. Terus, Musa ngomong, ’Lungaa ing Kanaan. Coba deloken, apa tanahé subur lan apa wongé kuwat-kuwat. Terus, apa wong Kanaan manggon ing kutha utawa ing téndha.’ Rolas mata-mata kuwi, klebu Yosua lan Kalèb, lunga ing Kanaan.

Sakwisé 40 dina, mata-mata kuwi mulih. Wong-wong kuwi nggawa buah ara, buah delima, lan buah anggur. Mata-mata kuwi ngomong, ’Dhaérahé apik. Tapi, wongé kuwat-kuwat lan témbok kuthané dhuwur.’ Terus, Kalèb ngomong, ’Awaké dhéwé mesthi menang. Ayo mrana.’ Apa kowé ngerti kenapa Kalèb ngomong ngono? Merga Kalèb lan Yosua percaya karo Yéhuwah. Tapi, sepuluh mata-mata liyané ngomong, ’Aja! Wong-wong ing kana kaya raksasa! Dibandhingké wong-wong kuwi, awaké dhéwé mung kaya walang!’

Bangsa Israèl dadi wedi. Wong-wong kuwi ngomong, ’Ayo milih pemimpin sing anyar. Terus, awaké dhéwé mulih waé ing Mesir. Nèk lunga Kanaan, awaké dhéwé mesthi bakal mati.’ Yosua lan Kalèb ngomong, ’Aja wedi. Awaké dhéwé kudu manut Yéhuwah. Yéhuwah mesthi nglindhungi awaké dhéwé.’ Tapi, bangsa Israèl ora gelem manut. Wong-wong kuwi malah péngin matèni Yosua lan Kalèb.

Apa sing ditindakké Yéhuwah? Yéhuwah ngomong karo Musa, ’Bangsa Israèl wis lali karo kabèh sing wis tak tindakké. Bangsa iki malah ora manut. Dadi, bangsa Israèl bakal terus urip ing padhang belantara nganti 40 taun lan mati ing kana. Tapi, anak-anaké, Yosua, lan Kalèb bakal urip ing negri sing wis tak janjèkké.’

”Apa sebabé kok kowé wedi? Kowé kuwi kurang iman.”​—Matius 8:26