Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 28

Keledainé Biléam Isa Ngomong

Keledainé Biléam Isa Ngomong

Wis mèh 40 taun bangsa Israèl ana ing padhang belantara. Bangsa Israèl wis ngrebut akèh kutha. Saiki, bangsa Israèl kémah ing dhaérah Moab. Moab kuwi ana ing sebelah timuré Kali Yordan. Ora suwé manèh, bangsa Israèl bakal mlebu ing Tanah Perjanjian. Raja Moab sing jenengé Balak wedi nèk dhaérahé direbut bangsa Israèl. Dadi, Balak ngundang Biléam kanggo teka ing Moab. Biléam dikon nyumpahi bangsa Israèl. Nyumpahi kuwi maksudé ndongakké sing èlèk kanggo wong liya.

Tapi, Yéhuwah ngomong karo Biléam, ’Kowé ora éntuk nyumpahi bangsa Israèl.’ Dadi, Biléam ora gelem lunga. Raja Balak ngundang Biléam manèh. Dhèwèké janji nèk bakal mènèhi apa waé sing dipéngini Biléam. Tapi, Biléam tetep ora gelem. Terus, Yéhuwah ngomong, ’Kowé éntuk lunga. Tapi, kowé mung éntuk ngomong apa sing tak omongké.’

Biléam nunggangi keledainé, terus lunga ing Moab. Biléam nduwé rencana kanggo nyumpahi bangsa Israèl senajan wis dilarang Yéhuwah. Ing perjalanan, malaékaté Yéhuwah muncul ping telu. Biléam ora isa ndelok malaékat kuwi, tapi keledainé isa. Pertama, keledai kuwi ménggok ing ladhang. Terus, keledai kuwi mlakuné mèpèt-mèpèt témbok nganti sikilé Biléam kejepit. Akhiré, keledai kuwi ndlosor ing tengah dalan. Saben kelakuané anèh, keledai kuwi digebugi Biléam nganggo tongkat.

Sakwisé keledai kuwi digebugi nganti ping telu, Yéhuwah nggawé keledai kuwi isa ngomong. Keledai kuwi ngomong karo Biléam, ’Ngapa kowé nggebugi aku terus?’ Biléam njawab, ’Kowé kuwi ora nggenah. Nèk ana pedhang, kowé mesthi wis tak patèni.’ Keledainé ngomong, ’Kowé wis nunggangi aku pirang-pirang taun. Apa aku tau kaya ngéné sakdurungé?’

Terus, Yéhuwah nggawé Biléam isa ndelok malaékat kuwi. Malaékat kuwi ngomong, ’Yéhuwah wis ngongkon kowé bèn ora nyumpahi bangsa Israèl.’ Biléam ngomong, ’Iya, aku salah. Ya wis tak mulih waé.’ Tapi, malaékat kuwi ngomong, ’Kowé éntuk lunga ing Moab. Tapi, kowé mung éntuk ngomong apa sing Yéhuwah omongké.’

Apa bar kuwi Biléam manut? Ora. Biléam malah nyoba nyumpahi bangsa Israèl nganti ping telu. Tapi, Yéhuwah nggawé Biléam mberkahi bangsa Israèl. Bar kuwi, bangsa Israèl nyerang Moab, lan Biléam dipatèni. Nèk Biléam manut karo Yéhuwah, mesthi dhèwèké ora bakal ngalami kuwi, ta?

”Edohana saben jenis keserakahan, merga senajan wong nduwé bandha akèh, nanging bandha kuwi ora mènèhi dhèwèké urip.”​—Lukas 12:15