Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 29

Yéhuwah Milih Yosua

Yéhuwah Milih Yosua

Musa wis suwé banget dadi pemimpiné bangsa Israèl. Ora suwé manèh dhèwèké bakal mati. Yéhuwah ngomong, ’Kowé ora bakal mimpin bangsa Israèl mlebu Tanah Perjanjian. Tapi, kowé éntuk ndelok negri kuwi.’ Bar kuwi, Musa njaluk Yéhuwah milih pemimpin sing anyar kanggo bangsa Israèl. Yéhuwah ngomong, ’Ngomonga karo Yosua nèk dhèwèké sing tak pilih.’

Musa ngandhani bangsa Israèl nèk ora suwé manèh dhèwèké bakal mati. Musa ya ngomong nèk Yéhuwah wis milih Yosua kanggo mimpin bangsa kuwi mlebu ing Tanah Perjanjian. Terus, Musa ngomong karo Yosua, ’Aja wedi. Yéhuwah bakal mbantu kowé.’ Bar kuwi, Musa munggah ing puncak Gunung Nébo. Ing kono, Yéhuwah nduduhké negri sing wis dijanjèkké kanggo Abraham, Ishak, lan Yakub. Akhiré, Musa mati pas umuré 120 taun.

Yéhuwah ngomong karo Yosua, ’Nyabranga Kali Yordan. Terus, lungaa ing Kanaan. Aku bakal mbantu kowé kaya Aku mbantu Musa. Kowé kudu maca hukum-Ku saben dina. Aja wedi. Dadia kendel. Mangkata, lan terusa manut préntahku.’

Yosua ngongkon mata-mata loro lunga ing kutha Yérikho. Ing crita sakterusé, awaké dhéwé bakal ngrembug apa sing kelakon ing kutha kuwi. Wektu bali, mata-mata kuwi ngomong nèk saiki wektuné lunga ing Kanaan. Sésuké, Yosua ngongkon bangsa Israèl siap-siap. Terus, Yosua ngongkon para imam sing nggawa pethi perjanjian mangkat luwih dhisik ing Kali Yordan. Pas tekan kono, kaliné lagi lubèr. Tapi, wektu para imam ngidak banyuné, aliran banyuné mandheg, terus kaliné dadi asat. Para imam mlaku ing dhasar kali. Para imam mandheg ing tengah-tengah kali nganti bangsa Israèl tekan ing sabrang Kali Yordan. Nurutmu, apa kuwi bakal ngélingké bangsa Israèl karo mukjijat ing Laut Merah?

Akhiré, bangsa Israèl tekan Tanah Perjanjian. Bangsa kuwi isa mbangun omah lan kutha. Bangsa kuwi ya isa nduwé ladhang, kebon anggur, lan kebon buah liyané. Ana akèh sing isa dipangan lan diombé ing Tanah Perjanjian. Mula, dhaérah kuwi disebut negri sing kebak susu lan madu.

”Yéhuwah bakal terus nuntun kowé lan nggawé kowé ngrasa puas senajan kowé ana ing dhaérah sing garing.”​—Yésaya 58:11