Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 31

Yosua lan Wong Gibéon

Yosua lan Wong Gibéon

Bangsa liyané ing Kanaan krungu berita soal Yérikho. Rajané bangsa-bangsa kuwi mutuské kanggo nyerang bangsa Israèl. Tapi, wong Gibéon nduwé rencana sing béda. Wong-wong kuwi nganggo pakaian sing èlèk, terus lunga nemoni Yosua. Wong-wong kuwi ngomong, ’Aku iki saka negri sing adoh. Aku krungu soal Yéhuwah lan kabèh sing Dhèwèké tindakké kanggo kowé ing Mesir lan Moab. Aku lan bangsaku gelem dadi pelayanmu, tapi bangsaku aja mbok serang.’

Yosua percaya lan janji ora bakal nyerang wong-wong kuwi. Telung dina bar kuwi, Yosua lagi ngerti nèk wong-wong kuwi asalé dudu saka negri sing adoh. Wong-wong kuwi jebulé saka Kanaan. Yosua takon karo wong Gibéon, ’Kenapa kowé ngapusi aku?’ Wong-wong kuwi njawab, ’Aku wedi merga Yéhuwah sing perang kanggo kowé. Tulung, aku kabèh aja mbok patèni.’ Yosua nepati janjiné lan ora matèni wong Gibéon.

Bar kuwi, limang raja Kanaan lan pasukané ngancem arep nyerang wong Gibéon. Yosua lan pasukané lunga kanggo nylametké wong Gibéon. Yosua lan pasukané terus mlaku nganti ésuk. Ésuké, perangé dimulai. Hasilé, wong Kanaan padha mlayu mencar-mencar. Terus, ana udan watu sing gedhé-gedhé saka Yéhuwah. Yosua ya njaluk bèn matahariné mandheg. Kenapa Yosua njaluk kaya ngono padahal kuwi durung tau kelakon? Merga Yosua percaya karo Yéhuwah. Wektu kuwi, matahariné mandheg nganti bangsa Israèl isa ngalahké raja-raja Kanaan lan pasukané.

”Nèk kowé kandha ’Ya’, kuduné pancèn ya. Nèk kandha ’Ora’, kuduné pancèn ora. Merga nèk ora ngono, asalé saka si jahat.”​—Matius 5:37