Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 33

Rut lan Naomi

Rut lan Naomi

Naomi, bojoné, lan loro anaké pindhah ing Moab pas ana kurang pangan ing Israèl. Bar kuwi, bojoné Naomi mati. Anak-anaké Naomi nikah karo wong Moab sing jenengé Rut lan Orpa. Tapi, anak-anaké Naomi ya akhiré mati.

Wektu ngerti nèk ing Israèl wis ora ana kurang pangan, Naomi mutuské kanggo bali ing Israèl. Rut lan Orpa ya mèlu. Tapi pas perjalanan, Naomi ngomong karo wong loro kuwi, ʼKowé kabèh wis dadi bojo sing apik kanggo anak-anakku. Kowé ya wis dadi mantu sing apik. Aku péngin kowé isa nikah manèh. Muliha waé ing Moab.’ Wong loro kuwi njawab, ’Aku sayang karo Ibu. Aku ora gelem ninggalké Ibu.’ Naomi tetep ngongkon wong loro kuwi mulih. Akhiré, Orpa mulih, tapi Rut ora. Naomi ngomong karo Rut, ’Orpa wis mulih ing bangsa lan allahé. Kowé ya muliha waé.’ Tapi, Rut ngomong, ’Aku ora bakal ninggalké Ibu. Bangsamu bakal dadi bangsaku. Allahmu ya bakal dadi Allahku, Bu.’ Nurutmu, piyé perasaané Naomi pas Rut ngomong ngono?

Rut lan Naomi tekan ing Israèl pas panèn barli dimulai. Rut njupuki sisa panènan ing ladhangé Boaz. Boaz kuwi anaké Rahab. Boaz krungu nèk Rut kuwi wong Moab sing setya karo Naomi. Mula, Boaz ngongkon pegawéné nyisakké luwih akèh panènan bèn isa dijupuk Rut.

Benginé, Naomi takon karo Rut, ’Dina iki kowé kerja ing ladhangé sapa?’ Rut njawab, ’Ing ladhangé Boaz, Bu.’ Naomi ngomong, ’Boaz kuwi isih seduluré bojoku. Kowé kerja ing kono waé ya bareng karo wong wédok liyané. Kowé bakal aman ing kono.’

Rut kerja ing ladhangé Boaz nganti panèné rampung. Boaz ngamati nèk Rut kuwi wong wédok sing rajin lan apikan. Ing jaman kuwi, nèk ana wong lanang sing mati lan ora nduwé anak lanang, seduluré wong lanang mau bakal nikah karo bojoné wong lanang sing mati kuwi. Dadi, Boaz nikah karo Rut. Anaké Boaz lan Rut jenengé Obèd. Obèd bakal dadi mbahé Raja Daud. Kanca-kancané Naomi seneng banget, terus ngomong, ’Mauné, Yéhuwah mènèhi kowé Rut sing apikan banget karo kowé. Saiki kowé ya nduwé putu. Muga Yéhuwah terus dipuji.’

”Ana kanca sing luwih akrab ketimbang sedulur.”​—Amsal 18:24