Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 35

Hana Ndonga Bèn Nduwé Anak

Hana Ndonga Bèn Nduwé Anak

Ana wong Israèl sing jenengé Élkana. Élkana nduwé bojo loro. Bojoné kuwi jenengé Hana lan Pènina. Anaké Pènina akèh. Mula, dhèwèké terus-terusan ngécé Hana merga Hana ora nduwé anak. Tapi, Élkana luwih sayang karo Hana. Saben taun, Élkana lan keluargané lunga ing Syilo kanggo ngibadah ing tabernakel. Pas kuwi, Élkana tau ndelok Hana lagi sedhih banget. Élkana ngomong, ’Aja nangis, sayang. Kowé kan isih nduwé aku. Aku sayang karo kowé.’

Bar kuwi, Hana lunga dhèwèkan kanggo ndonga. Dhèwèké ndonga karo nangis. Terus, Hana janji, ’Yéhuwah, nèk Njenengan mènèhi aku anak lanang, bocah kuwi bakal tak wènèhké kanggo nglayani Njenengan saklawasé.’

Imam Agung Èli ndelok Hana lagi nangis. Èli mikir nèk Hana lagi mabuk. Hana ngomong karo Èli, ’Aku ora mabuk, Pak. Aku nduwé masalah sing abot. Mula, aku crita karo Yéhuwah.’ Merga ngerti nèk salah, Èli ngomong, ’Muga-muga Yéhuwah mènèhi apa sing mbok jaluk.’ Hana dadi ora sedhih manèh. Bar kuwi, dhèwèké mulih. Ora nganti setaun, Hana nglairké anak lanang. Bocah kuwi dijenengi Samuèl. Hana mesthi seneng banget. Apa kowé isa mbayangké kuwi?

Hana ora lali karo janjiné. Wektu Samuèl wis ora disusoni manèh, Hana ngejak Samuèl lunga ing tabernakel. Hana ngomong karo Èli, ’Bocah iki jawaban saka dongaku. Aku péngin dhèwèké nglayani Yéhuwah saklawasé.’ Saben taun, Èlkana lan Hana nemoni Samuèl lan nggawakké jubah tanpa lengen sing anyar kanggo Samuèl. Yéhuwah mènèhi Hana anak-anak manèh, lanang telu lan wédok loro.

”Terusa njaluk, lan kowé bakal diwènèhi. Terusa nggolèk, lan kowé bakal nemokké.”​—Matius 7:7