Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 38

Yéhuwah Nggawé Simson Dadi Kuwat

Yéhuwah Nggawé Simson Dadi Kuwat

Akèh wong Israèl sing mulai nyembah brahala manèh. Mula, Yéhuwah ngijinké bangsa Filistin nguwasani Israèl. Tapi, isih ana wong-wong Israèl sing sayang karo Yéhuwah. Salah sijiné yaiku Manoah. Manoah lan bojoné ora nduwé anak. Terus, Yéhuwah ngongkon malaékaté nemoni bojoné Manoah. Malaékat kuwi ngomong, ’Kowé bakal nduwé anak. Anakmu bakal nylametké bangsa Israèl saka bangsa Filistin. Dhèwèké bakal dadi wong Nazir.’ Wong Nazir kuwi apa? Wong Nazir kuwi umaté Yéhuwah sing nduwé tugas khusus. Wong Nazir ora éntuk ngethok rambuté.

Akhiré, anaké Manoah lair. Bocah kuwi dijenengi Simson. Simson tambah gedhé, lan Yéhuwah nggawé Simson dadi kuwat. Simson isa matèni singa tanpa senjata. Simson ya tau matèni 30 wong Filistin dhèwèkan. Wong Filistin sengit karo Simson lan péngin matèni dhèwèké. Wektu Simson lagi turu ing kutha Gaza, wong Filistin teka ing gerbang kutha lan ngentèni Simson ing kono. Wong Filistin péngin matèni Simson sésuk ésuké. Tapi, pas tengah wengi, Simson tangi. Dhèwèké lunga ing gerbang kutha, terus nyopot gerbang kuwi saka témboké. Gerbang kuwi dipikul nganti puncak gunung cedhak Hébron.

Wong Filistin akhiré nemoni Délila. Délila kuwi pacaré Simson. Wong Filistin ngomong, ’Aku péngin nglebokké Simson ing penjara. Aku bakal mènèhi kowé dhuwit akèh nèk kowé ngandhani aku apa sing nggawé Simson kuwat banget.’ Merga péngin éntuk dhuwit, Délila setuju. Awalé, Simson ora gelem ngandhani Délila apa sing nggawé dhèwèké kuwat banget. Tapi, Délila ngrèngèk terus. Akhiré, Simson ngandhani rahasiané. Simson ngomong, ’Aku wong Nazir, dadi rambutku ora tau tak kethok. Nèk tak kethok, kekuwatanku bakal ilang.’ Sing ditindakké Simson kuwi salah banget.

Délila cepet-cepet ngandhani wong Filistin. Dhèwèké ngomong, ’Aku wis ngerti rahasiané!’ Bar kuwi, Simson turu ing pangkoné Délila. Délila ngongkon wong liya ngethok rambuté Simson. Terus, Délila mbengok, ’Simson, wong Filistin teka!’ Simson tangi, tapi kekuwatané wis ilang. Akhiré, wong Filistin nangkep Simson. Simson digawé wuta karo wong-wong kuwi, terus dilebokké penjara.

Wektu lagi padha ngumpul ing kuil Dagon, éwonan wong Filistin mbengok, ’Gusti Allahé awaké dhéwé wis masrahké Simson! Gawanen Simson metu bèn isa diécé.’ Simson dikon ngadeg ing antarané tiang loro, terus diécé. Simson ngomong karo Yéhuwah, ’Oh, Yéhuwah. Tulung wènèhana aku kekuwatan pisan iki waé.’ Pas kuwi, rambuté Simson wis mulai dawa manèh. Dhèwèké ndorong tiang-tiang kuwi sakuwat-kuwaté. Akhiré, bangunané ambruk. Kabèh wong sing ana ing kono mati. Simson ya mati.

”Aku nduwé kekuwatan kanggo ngadhepi apa waé merga Gusti Allah sing maringi aku kuwasa.”​—Filipi 4:13