Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 40

Daud lan Goliat

Daud lan Goliat

Yéhuwah ngomong karo Samuèl, ’Lungaa ing omahé Isai. Salah siji anaké lanang bakal dadi raja Israèl sing anyar.’ Bar kuwi, Samuèl lunga ing omahé Isai. Pas ndelok anaké Isai sing pertama, Samuèl mikir, ’Mesthi iki sing dipilih Yéhuwah.’ Tapi, Yéhuwah ngandhani Samuèl nèk dudu kuwi wong sing dipilih. Yéhuwah ngomong, ’Aku ndelok atiné, ora mung penampilané waé.’

Isai nduduhké nem anak-anaké sing liyané ing ngarepé Samuèl. Tapi, Samuèl ngomong, ’Dudu iki sing dipilih Yéhuwah. Apa isih ana sing liyané?’ Isai njawab, ’Isih ana siji manèh yaiku anakku sing terakhir. Jenengé Daud. Dhèwèké lagi njaga domba.’ Wektu Daud teka, Yéhuwah ngandhani Samuèl, ’Iki sing tak pilih!’ Samuèl nuangké minyak ing sirahé Daud. Kuwi tandha nèk Daud dipilih dadi raja Israèl.

Bar kuwi, bangsa Israèl arep perang nglawan bangsa Filistin. Bangsa Filistin nduwé prajurit raksasa sing jenengé Goliat. Goliat terus-terusan ngécé bangsa Israèl. Dhèwèké mbengok, ’Pilihen wong siji kanggo nglawan aku. Nèk dhèwèké menang, aku kabèh bakal dadi budhakmu. Tapi, nèk aku sing menang, kowé kabèh bakal dadi budhakku.’

Daud teka ing perkémahané pasukan Israèl. Dhèwèké nggawa panganan kanggo kakang-kakangé sing dadi prajurit. Merga krungu omongané Goliat, Daud ngomong, ’Kéné, tak lawané.’ Raja Saul ngomong, ’Kowé kan isih bocah.’ Daud njawab, ’Yéhuwah bakal mbantu aku.’

Saul mènèhi Daud perlengkapan perangé. Tapi, Daud ngomong, ’Aku ora biasa nganggo iki.’ Daud njupuk bandhil. Bandhil kuwi alat kanggo mbalangké watu. Terus, Daud lunga ing kali lan nggolèk limang watu sing alus. Watu-watu kuwi dilebokké ing kanthong. Bar kuwi, Daud marani Goliat. Goliat mbengok, ’Mrénéa, Cah. Kowé bakal tak dadèkké panganané manuk lan kéwan buas.’ Daud ora wedi. Daud ya mbengok, ’Kowé nglawan aku nganggo pedhang lan tombak. Tapi, aku nglawan kowé nganggo jenengé Yéhuwah. Sing mbok lawan kuwi dudu bangsa Israèl, tapi Yéhuwah. Kabèh wong ing kéné bakal ndelok nèk Yéhuwah luwih kuwat ketimbang pedhang lan tombak. Yéhuwah sing bakal ngalahké kowé kabèh.’

Daud masang watu ing bandhilé. Terus, bandhil kuwi diayunké sak banter-banteré. Merga Yéhuwah mbantu Daud, watu kuwi nancep ing bathuké Goliat. Goliat ambruk lan akhiré mati. Apa kowé percaya karo Yéhuwah kaya Daud?

”Kanggoné manungsa iki mustahil, nanging kanggoné Gusti Allah ora, merga ora ana sing mustahil kanggoné Gusti Allah.”​—Markus 10:27