Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 41

Daud lan Saul

Daud lan Saul

Sakwisé matèni Goliat, Daud didadèkké kepala pasukané Raja Saul. Daud kerep menang perang. Daud akhiré dadi terkenal. Saben mulih saka perang, Daud bakal disambut karo wong-wong wédok sing njogèd lan nyanyi. Wong-wong wédok kuwi ngomong, ’Saul matèni éwonan, tapi Daud matèni puluhan éwu.’ Saul dadi iri karo Daud lan péngin matèni dhèwèké.

Daud pinter main harpa. Wektu lagi mainké harpa kanggo Saul, Daud dibalang tombak karo Saul. Tapi, Daud langsung nyingkir, lan tombaké nancep ing témbok. Saul terus ngupaya matèni Daud. Daud akhiré lunga, terus ngumpet ing padhang gurun.

Saul lan 3.000 prajurité lunga nggolèki Daud. Wong-wong kuwi akhiré mlebu ing salah siji guwa. Padahal Daud lan pengikuté lagi ngumpet ing kono. Salah siji pengikuté Daud mbisiki Daud, ’Iki kesempatanmu matèni Saul.’ Daud alon-alon nyedhaki Saul, terus ngethok pucuk jubahé Saul. Tapi, Saul ora krasa. Bar kuwi, Daud rumangsa salah merga ora ngajèni raja sing dipilih Yéhuwah. Daud ora ngijinké para pengikuté matèni Saul. Pas Saul wis metu saka guwa, Daud mbengok ngundang Saul. Daud ngomong nèk sakjané dhèwèké mau isa matèni Saul. Apa kuwi nggawé Saul dadi apikan karo Daud?

Ora. Saul tetep péngin matèni Daud. Bar kuwi, Daud lan sepupuné sing jenengé Abisyai isa mlebu ing perkémahané Saul. Pas kuwi, pengawalé Saul sing jenengé Abnèr lagi turu. Abisyai ngomong, ’Iki kesempatané awaké dhéwé. Ijinké aku matèni Saul.’ Daud njawab, ’Yéhuwah sing bakal mbales Saul. Jupuk waé tombak lan wadhah ombéné, terus awaké dhéwé lunga.’

Daud munggah ing gunung sing ana ing cedhak kono. Ing kono, Daud isa ndelok perkémahané Saul. Daud mbengok, ’Abnèr, kowé kok ora nglindhungi rajamu? Endi tombak lan wadhah ombéné Saul?’ Saul ngerti nèk kuwi swarané Daud. Saul ngomong, ’Sakjané kowé isa matèni aku. Tapi, kuwi ora mbok tindakké. Aku ngerti nèk kowé bakal dadi raja Israèl sing anyar.’ Saul mulih ing istanané. Tapi, ana anggota keluargané Saul sing ora sengit karo Daud.

”Ngupayaa sak isa-isané kanggo urip rukun karo kabèh wong. Sedulur-sedulurku, aja balas dendam. Nanging ejarna Gusti Allah waé sing nduduhké murkané.”​—Roma 12:18, 19