Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 42

Yonatan Kuwi Wong sing Kendel lan Setya

Yonatan Kuwi Wong sing Kendel lan Setya

Yonatan kuwi anak pertamané Raja Saul. Yonatan kuwi pejuang sing kendel. Daud ngomong nèk Yonatan kuwi luwih cepet ketimbang elang lan luwih kuwat ketimbang singa. Wektu kuwi, Yonatan ndelok ana prajurit Filistin ing bukit. Yonatan ngomong karo pembantu sing nggawa senjatané, ’Awaké dhéwé bakal nyerang wong Filistin nèk Yéhuwah mènèhi tandha. Nèk wong Filistin ngongkon awaké dhéwé munggah, kuwi berarti awaké dhéwé kudu nyerang.’ Bar kuwi, wong Filistin mbengok, ’Munggaha! Lawanen aku!’ Akhiré, wong loro kuwi munggah ing bukit lan ngalahké 20 prajurit.

Merga dadi anak pertamané Saul, Yonatan sing kuduné dadi raja sakwisé Saul. Tapi, Yonatan ora iri wektu ngerti nèk Daud sing dipilih Yéhuwah dadi raja Israèl sing anyar. Yonatan lan Daud malah isa dadi sahabat. Yonatan janji nèk bakal nglindhungi Daud. Daud ya janji kaya ngono. Yonatan mènèhi Daud jubah, pedhang, busur panah, lan sabuké. Kuwi dadi tandha nèk Daud kuwi sahabaté.

Wektu Daud mlayu saka Saul, Yonatan nemoni Daud. Yonatan ngomong, ’Kowé kudu kuwat lan kendel. Yéhuwah wis milih kowé dadi raja. Bapakku ya ngerti soal kuwi.’ Apa kowé péngin nduwé sahabat kaya Yonatan?

Senajan bahaya, Yonatan terus mbantu Daud. Dhèwèké ngerti nèk Raja Saul péngin matèni Daud. Dadi, Yonatan ngomong karo Saul, ’Pak, Daud kuwi ora salah. Nèk Bapak matèni Daud, Bapak bakal dosa.’ Saul nesu banget karo Yonatan. Pirang-pirang taun sakwisé kuwi, Saul lan Yonatan mati wektu perang.

Sakwisé Yonatan mati, Daud nggolèki anaké Yonatan sing jenengé Méfibosyèt. Wektu ketemu Méfibosyèt, Daud ngomong, ’Aku bakal terus ngopèni kowé merga Bapakmu kuwi sahabatku. Manggona ing istanaku. Kowé ya bakal mangan bareng aku.’ Daud ora lali karo Yonatan.

”Nresnani siji lan sijiné kaya aku wis nresnani kowé. Ora ana wong sing nduwé katresnan sing luwih gedhé ketimbang wong sing masrahké nyawané kanggo sahabat-sahabaté.”​—Yohanes 15:12, 13