Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 44

Bait kanggo Yéhuwah

Bait kanggo Yéhuwah

Sakwisé dadi raja Israèl, Salomo ditakoni karo Yéhuwah. Yéhuwah takon, ’Kowé arep njaluk apa?’ Salomo njawab, ’Aku isih enom. Aku ora ngerti apa-apa. Tulung, wènèhana aku kawicaksanan bèn isa mimpin umatmu.’ Yéhuwah ngomong, ’Merga kowé njaluk kawicaksanan, kowé bakal dadi wong sing paling wicaksana sakdonya. Kowé ya bakal dadi wong sing sugih banget. Nèk terus manut aku, umurmu bakal dawa.’

Salomo mulai mbangun bait. Salomo nggunakké emas, pérak, kayu, lan watu-watu berharga. Éwonan tukang sing trampil padha mèlu mbangun bait. Pitung taun bar kuwi, baité rampung lan akhiré diresmèkké. Ing kono, ana mézbah sing wis ana persembahan ing ndhuwuré. Salomo sujud ing ngarepé mézbah kuwi, terus ndonga, ’Yéhuwah, bait iki pancèn ora pati gedhé utawa megah kanggo Njenengan. Tapi, muga-muga Njenengan gelem nampa ibadah lan dongané bangsa iki.’ Piyé tanggepané Yéhuwah soal bait lan dongané Salomo? Bar Salomo ndonga, Yéhuwah nggawé ana geni saka langit sing ngobong kabèh persembahan sing ana ing mézbah. Kuwi nduduhké nèk Yéhuwah seneng banget karo bait sing wis digawé. Wektu ndelok kuwi, bangsa Israèl seneng banget.

Kabèh wong Israèl lan wong-wong saka bangsa liya ngerti soal kawicaksanané Raja Salomo. Wektu nduwé masalah, akèh wong teka njaluk bantuané Salomo. Ratu saka Syéba ya teka kanggo mènèhi pitakonan-pitakonan sing angèl. Sakwisé krungu jawabané Salomo, dhèwèké ngomong, ’Mauné aku ora percaya omongané wong-wong soal njenengan. Tapi, saiki aku ngerti nèk njenengan luwih wicaksana ketimbang sing diomongké wong-wong kuwi. Njenengan pancèn diberkahi karo Yéhuwah.’ Wektu kuwi, bangsa Israèl uripé kepénak lan bahagia. Tapi, keadaané bakal berubah.

”Ing kéné, ana wong sing luwih penting ketimbang Salomo.”​—Matius 12:42