Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 47

Yéhuwah Nguwatké Èlia

Yéhuwah Nguwatké Èlia

Wektu ngerti nèk nabi-nabiné Baal wis mati, Izebèl nesu banget. Dhèwèké ngongkon wong kanggo ngandhani Èlia, ’Sésuk, kowé bakal tak patèni kaya nabi-nabi Baal kuwi.’ Èlia wedi banget. Terus, dhèwèké lunga ing padhang gurun. Èlia ndonga, ’Yéhuwah, aku wis ora kuwat manèh. Aku tak mati waé.’ Merga kekeselen, Èlia keturon ing ngisor wit.

Ana malaékat sing nggugah Èlia, terus ngomong, ’Tangia, panganen kuwi.’ Èlia tangi, terus ndelok ana roti bunder ing ndhuwuré watu panas lan kendhi isi banyu. Èlia mangan, ngombé, terus turu manèh. Malaékat kuwi nggugah Èlia manèh, terus ngomong, ’Mangana manèh bèn kowé kuwat kanggo neruské perjalanan.’ Dadi, Èlia mangan manèh. Bar kuwi, dhèwèké mlaku saksuwéné 40 dina lan 40 wengi. Akhiré, Èlia tekan Gunung Horèb. Ing kono, Èlia turu ing guwa. Tapi, Yéhuwah ngomong, ’Èlia, kowé lagi ngapa ing kéné?’ Terus, Èlia njawab, ’Wong Israèl ora nepati janjiné. Wong-wong kuwi ngancurké mézbahmu lan matèni nabi-nabimu. Saiki, aku ya arep dipatèni.’

Yéhuwah ngomong karo Èlia, ’Metua.’ Bar kuwi, ana angin sing banter banget. Terus, ya ana gempa bumi lan geni. Akhiré, Èlia krungu swara sing alon lan lembut banget. Èlia ngadeg ing njaba guwa lan nutupi wajahé nganggo jubahé. Terus, Yéhuwah takon kenapa dhèwèké lunga. Èlia njawab, ’Mung aku sing isih nyembah Njenengan.’ Tapi, Yéhuwah ngandhani, ’Kowé ora dhèwèkan. Isih ana 7.000 wong ing Israèl sing nyembah aku. Saiki dadèkna Èlisa dadi nabi nggantèni kowé.’ Èlia manut karo préntahé Yéhuwah. Nurutmu, apa Yéhuwah ya bakal mbantu kowé kanggo manut préntahé? Ya, mesthi. Bar iki, ayo ngrembug apa sing kelakon sakdurungé, yaiku wektu lagi ana kekeringan ing Israèl.

”Aja nguwatirké apa waé, nanging ing kabèh kahanan, nyuwuna bantuané Gusti Allah liwat donga lan panyuwun sarta ucapan sokur.”​—Filipi 4:6