Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 49

Ratu sing Jahat Dihukum

Ratu sing Jahat Dihukum

Istanané Raja Ahab ana ing Yizréèl. Saka jendhéla istanané, Raja Ahab isa ndelok kebon angguré Nabot. Ahab péngin banget tuku kebon anggur kuwi saka Nabot. Tapi, nurut Hukumé Yéhuwah, wong Israèl ora éntuk ngedol tanah warisané. Dadi, Nabot ora gelem ngedol kebon angguré. Apa Ahab ndhukung keputusané Nabot? Ora. Ahab malah nesu banget. Dhèwèké nganti ora gelem metu saka kamaré lan ora gelem mangan.

Bojoné Ahab sing jenengé Ratu Izebèl kuwi jahat. Dhèwèké ngomong, ’Kowé kan raja. Kowé isa éntuk apa waé sing mbok péngini. Aku bakal mènèhké kebon kuwi kanggo kowé.’ Ratu Izebèl nulis surat kanggo para pemimpin ing kutha kuwi. Dhèwèké ngongkon wong-wong kuwi nudhuh Nabot wis nyumpahi Gusti Allah. Terus, wong-wong kuwi ya dikon mbalangi Nabot nganggo watu nganti mati. Para pemimpin kuwi manut préntahé Izebèl. Bar kuwi, Izebèl ngomong karo Ahab, ’Nabot wis mati. Saiki keboné dadi duwèkmu.’

Izebèl ora mung matèni Nabot. Izebèl ya matèni akèh wong sing nyembah Yéhuwah. Dhèwèké ya nyembah brahala lan nindakké kejahatan liyané. Yéhuwah ndelok kuwi kabèh. Apa sing bakal ditindakké Yéhuwah?

Sakwisé Ahab mati, anaké sing jenengé Yéhoram dadi raja. Terus, Yéhuwah ngongkon wong lanang sing jenengé Yéhu kanggo ngukum Izebèl lan keluargané.

Yéhu numpak krétané kanggo lunga ing Yizréèl, yaiku tempat tinggalé Izebèl. Yéhoram numpak krétané kanggo nemoni Yéhu. Terus, Yéhoram ngomong, ’Apa kowé nduwé niat apik teka mréné?’ Yéhu njawab, ’Ora mungkin niatku apik nèk ibumu isih jahat.’ Yéhoram muter balik krétané, terus lunga. Tapi, Yéhoram dipanah karo Yéhu. Akhiré, Yéhoram mati.

Bar kuwi, Yéhu lunga ing istanané Izebèl. Izebèl ngerti nèk Yéhu bakal teka. Izebèl dandan, terus ngentèni ing jendhéla ndhuwur. Wektu Yéhu teka, Izebèl ngomong nganggo cara sing kasar karo Yéhu. Terus, Yéhu mbengok karo pelayan-pelayan sing ana ing sebelahé Izebèl, ’Uncalna dhèwèké ing ngisor!’ Wong-wong kuwi nguncalké Izebèl saka jendhéla. Izebèl tiba, terus mati.

Bar kuwi, Yéhu matèni 70 anak lanangé Ahab lan nyingkirké penyembahan Baal. Dadi, jelas ta, nèk Yéhuwah isa ngerti apa waé sing kelakon lan bakal ngukum wong jahat?

”Senajan awalé wong sing srakah éntuk warisan, akhiré warisan kuwi ora bakal dadi berkah.”​—Amsal 20:21