Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 50

Yéhuwah Mbantu Yéhosyafat

Yéhuwah Mbantu Yéhosyafat

Yéhosyafat kuwi raja Yéhuda. Yéhosyafat ngancurké mézbah Baal lan brahala saka negri kuwi. Dhèwèké péngin rakyaté ngerti soal hukumé Yéhuwah. Mula, para pejabat lan wong Lèwi dikon mulangké kuwi ing kabèh dhaérah ing Yéhuda.

Bangsa-bangsa ing cedhaké Yéhuda wedi nyerang Yéhuda merga ngerti nèk Yéhuwah nglindhungi Yéhuda. Raja Yéhosyafat malah éntuk hadiah saka bangsa-bangsa kuwi. Tapi bar kuwi, bangsa Moab, bangsa Ammon, lan wong-wong saka dhaérah Séir arep nyerang Yéhuda. Yéhosyafat ngerti nèk dhèwèké butuh bantuané Yéhuwah. Yéhosyafat ngongkon kabèh wong lanang, wong wédok, lan bocah-bocah ngumpul ing Yérusalèm. Terus, dhèwèké ndonga ing ngarepé wong-wong kuwi, ’Yéhuwah, aku kabèh ora isa menang nèk ora dibantu Njenengan. Tulung kandhani aku kabèh apa sing kudu ditindakké.’

Dongané Yéhosyafat dijawab. Yéhuwah ngomong, ’Aja wedi. Aku bakal mbantu kowé. Kowé kudu siap-siap ing panggonanmu. Tetepa ngadeg, terus deloken caraku nylametké kowé.’ Piyé carané Yéhuwah nylametké bangsa kuwi?

Sésuk ésuké, Yéhosyafat milih para penyanyi. Para penyanyi kuwi dikon mlaku ing ngarepé pasukan. Wong-wong kuwi mlaku saka Yérusalèm tekan Tékoa. Tékoa kuwi dhaérah sing bakal dienggo perang.

Para penyanyi kuwi muji Yéhuwah nganggo swara sing banter. Pas kuwi, Yéhuwah perang kanggo umaté. Yéhuwah nggawé bangsa Ammon lan Moab nyerang kancané dhéwé. Akhiré, wong-wong kuwi mati kabèh. Tapi, Yéhuwah nglindhungi wong Yéhuda, para prajurit, lan para imam. Bangsa-bangsa ing cedhaké Yéhuda krungu apa sing wis ditindakké Yéhuwah. Wong-wong kuwi dadi ngerti nèk Yéhuwah tetep mbantu umaté. Piyé carané Yéhuwah nylametké umaté? Yéhuwah nggunakké akèh cara. Yéhuwah ora butuh bantuan saka manungsa kanggo nindakké kuwi.

”Kowé ora perlu mèlu perang iki. Kowé mung kudu siap-siap, tetep ngadeg, lan deloken carané Yéhuwah nylametké kowé.”​—2 Tawarikh 20:17