Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 51

Kepala Pasukan lan Cah Wédok

Kepala Pasukan lan Cah Wédok

Ana cah wédok Israèl sing digawa pasukan Siria. Dhèwèké dadi adoh saka keluargané. Ing Siria, cah wédok kuwi dadi pelayané bojoné Naaman. Naaman kuwi kepala pasukan Siria. Cah wédok kuwi tetep nyembah Yéhuwah senajan wong-wong ing kono ora.

Wektu kuwi, Naaman lagi kena penyakit kulit sing parah. Dhèwèké ngrasakké lara saben dina. Cah wédok kuwi péngin mbantu majikané. Dhèwèké ngomong karo bojoné Naaman, ’Ing Israèl, ana nabiné Yéhuwah sing jenengé Èlisa. Dhèwèké isa nggawé bojomu séhat manèh.’

Terus, Naaman diomongi bojoné soal kuwi. Naaman gelem nindakké apa waé bèn isa mari. Dadi, dhèwèké gelem nemoni Èlisa ing Israèl. Naaman ngira nèk Èlisa bakal nampa dhèwèké dadi tamu istiméwa. Tapi, Èlisa ora nemoni dhèwèké langsung. Èlisa malah ngongkon pelayané nemoni Naaman kanggo ngomong, ’Nyemplunga ing Kali Yordan nganti ping pitu. Mengko kowé bakal mari.’

Naaman nesu banget. Dhèwèké ngomong, ’Tak kira nabi iki bakal ngundang Gusti Allahé, terus nggawé mukjijat bèn aku mari. Lha kok aku malah dikon nyemplung ing kaliné Israèl. Kali-kali ing Siria kan luwih apik. Ngapa aku ora dikon nyemplung ing kana waé?’ Terus, Naaman lunga saka omahé Èlisa.

Tapi, para pelayané Naaman ngupaya ngandhani dhèwèké. Pelayané ngomong, ’Njenengan kan ngomong nèk bakal nindakké apa waé bèn isa séhat manèh, ta? Préntahé nabi kuwi gampang banget. Kenapa ora dicoba waé?’ Naaman manut sarané para pelayané. Dhèwèké lunga ing Kali Yordan, terus nyemplung ing kono nganti ping pitu. Bar metu saka banyu, Naaman dadi séhat manèh. Dhèwèké seneng banget. Terus, dhèwèké marani Èlisa manèh kanggo ngucapké maturnuwun. Naaman ngomong, ’Saiki aku ngerti nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener.’ Nurutmu, piyé perasaané cah wédok Israèl kuwi wektu ngerti nèk Naaman wis séhat manèh?

”Panjenengan nyebabké cangkemé bocah-bocah lan bayi-bayi ngucapké pujian.”​—Matius 21:16