Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 53

Yéhoyada sing Kendel

Yéhoyada sing Kendel

Izebèl nduwé anak wédok sing jenengé Atalia. Atalia kuwi ya jahat kaya ibuné. Atalia nikah karo raja Yéhuda. Pas bojoné mati, anaké lanang dadi raja. Tapi, pas anaké kuwi mati, Atalia sing nggantèni dadi ratu ing Yéhuda. Mula, Atalia matèni kabèh keturunan raja. Putuné dhéwé ya dipatèni. Kabèh wong wedi karo Atalia.

Imam Agung Yéhoyada lan bojoné sing jenengé Yéhosyéba ngerti nèk Atalia kuwi jahat. Senajan bahaya, Yéhoyada lan bojoné ngumpetké salah siji putuné Atalia sing isih bayi sing jenengé Yéhoas. Yéhoas digedhèkké ing bait.

Pas Yéhoas umur pitung taun, Yéhoyada ngumpulké kabèh kepala pasukan lan wong Lèwi. Terus, Yéhoyada ngomong, ’Jaganen pintu bait. Aja nganti ana sing mlebu.’ Bar kuwi, Yéhoyada masangké mahkota ing sirahé Yéhoas. Yéhoas akhiré didadèkké raja Yéhuda. Wektu ndelok kuwi, wong Yéhuda seneng banget.

Ratu Atalia krungu swarané wong-wong kuwi. Terus, dhèwèké cepet-cepet lunga ing bait. Pas ndelok raja sing anyar, Atalia mbengok, ”Pengkhianatan! Pengkhianatan!” Bar kuwi, para kepala pasukan nangkep Atalia lan nggawa dhèwèké metu saka bait. Atalia akhiré dipatèni. Terus, piyé wong-wong sing wis éntuk pengaruh èlèk saka Atalia?

Merga dibantu Yéhoyada, wong-wong kuwi akhiré nggawé perjanjian nèk mung bakal nyembah Yéhuwah. Yéhoyada ngongkon wong-wong kuwi ngancurké kuil Baal lan brahala-brahala. Dhèwèké ya nugaské para imam lan wong Lèwi kanggo kerja ing bait. Yéhoyada péngin bèn bangsa kuwi isa ngibadah manèh ing bait. Yéhoyada ya ngongkon penjaga gerbang njaga bait. Tujuané bèn wong sing najis ing pandhangané Yéhuwah ora isa mlebu bait. Bar kuwi, Yéhoyada lan para kepala pasukan ngeterké Yéhoas ing istana. Terus, Yéhoas dikon lungguh ing takhta. Wong Yéhuda seneng banget. Saiki wong-wong kuwi isa nyembah Yéhuwah lan ora nyembah Baal manèh. Wong-wong kuwi ya akhiré isa bébas saka pengaruhé Atalia. Yéhoyada isa mbantu akèh wong merga dhèwèké kendel.

”Aja wedi marang wong sing isa matèni badan nanging sakwisé kuwi ora isa nindakké apa-apa manèh. . . . Wedia marang Panjenengané sing isa matèni kowé, lan sakwisé kuwi nduwé kuwasa kanggo nguncalké kowé menyang Géhéna.”​—Lukas 12:4, 5