Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 54

Yéhuwah Sabar karo Yunus

Yéhuwah Sabar karo Yunus

Ing Asiria, ana kutha sing jenengé Niniwé. Wong-wong ing kutha kuwi jahat banget. Yéhuwah ngongkon Nabi Yunus lunga ing Niniwé kanggo ngandhani wong-wong ing kono bèn mertobat. Tapi, Yunus malah lunga ing dhaérah liya. Dhèwèké numpak kapal kanggo lunga ing Tarsyis.

Wektu wis ing tengah laut, ana badai sing gedhé. Wong-wong ing kapal kuwi dadi wedi. Terus, wong-wong kuwi ndonga karo allahé lan takon, ’Kok dadi kaya ngéné?’ Yunus akhiré ngomong, ’Aku sing salah. Aku ora manut préntahé Yéhuwah. Uncalna aku ing laut, mengko badainé bakal mandheg.’ Wong-wong kuwi ora gelem nguncalké Yunus, tapi Yunus meksa terus. Akhiré, Yunus diuncalké ing laut. Bar kuwi, badainé mandheg.

Yunus ngira nèk dhèwèké bakal mati. Pas mulai kelelep, dhèwèké ndonga. Terus, Yéhuwah ngatur bèn ana iwak gedhé sing nelen Yunus. Tapi, Yunus ora mati. Ing njero wetengé iwak, Yunus ndonga, ’Yéhuwah, aku janji bakal terus manut Njenengan.’ Telung dina Yunus ana ing njero wetengé iwak. Tapi, Yéhuwah terus nglindhungi dhèwèké. Akhiré, Yunus dilepèh ing daratan.

Bar kuwi, Yéhuwah ngongkon Yunus manèh kanggo lunga ing Niniwé. Saiki Yunus manut. Yunus lunga ing Niniwé, terus ngandhani wong-wong kuwi, ’Patang puluh dina manèh Niniwé bakal dihancurké!’ Hasilé, wong Niniwé manut lan mertobat. Raja Niniwé ngomong karo rakyaté, ’Njaluka ngapura karo Gusti Allah, terus mertobata. Mungkin awaké dhéwé isa slamet.’ Yéhuwah ora sida ngancurké Niniwé merga wong-wong kuwi mertobat.

Yunus nesu merga kutha kuwi ora sida dihancurké. Coba pikiren: Yéhuwah wis sabar lan mesakké karo Yunus. Tapi, Yunus ora mesakké karo wong Niniwé. Yunus malah lunga saka kutha kuwi. Dhèwèké lungguh ing ngisoré wit labu air karo mrengut. Terus, wit labu air kuwi mati. Yunus dadi nesu. Yéhuwah ngomong, ’Kowé luwih mesakké karo tanduran kuwi ketimbang karo wong Niniwé. Tapi, aku mesakké karo wong Niniwé. Mula, Niniwé ora sida tak hancurké.’ Apa pelajarané? Wong-wong Niniwé luwih berharga ketimbang tanduran.

”Yéhuwah kuwi sabar marang kowé merga Panjenengané ora péngin ana siji-sijia wong disirnakké. Panjenengané péngin kabèh wong mertobat.”​—2 Pétrus 3:9