Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 57

Yérémia Nyampèkké Berita saka Yéhuwah

Yérémia Nyampèkké Berita saka Yéhuwah

Yéhuwah milih Yérémia dadi nabi kanggo wong Yéhuda. Yéhuwah ngongkon Yérémia ngandhani wong-wong kuwi bèn ora tumindak jahat manèh. Tapi, Yérémia ngomong, ’Yéhuwah, aku isih enom. Aku ora ngerti arep ngomong apa karo wong-wong kuwi.’ Terus, Yéhuwah ngomong, ’Aja wedi. Mengko bakal tak kandhani apa sing kudu mbok omongké. Aku bakal mbantu kowé.’

Yéhuwah ngongkon Yérémia ngumpulké para pemimpiné bangsa kuwi. Yérémia ya dikon mecahké botol saka tanah liat ing ngarepé wong-wong kuwi, terus ngomong, ’Yérusalèm bakal dihancurké kaya iki.’ Wektu Yérémia nindakké kuwi, para pemimpin dadi nesu banget. Imam sing jenengé Pasyur nggebugi Yérémia. Terus, tangan lan sikilé Yérémia dilebokké ing pasung, utawa balok kayu. Saka bengi nganti ésuk, Yérémia ora isa obah. Ésuké, Yérémia dibébaské karo Pasyur. Yérémia ngomong, ’Aku wis ora kuwat. Aku wegah nyampèkké berita kuwi manèh.’ Tapi, apa Yérémia bener-bener nyerah? Ora. Yérémia mikirké manèh soal kuwi. Dhèwèké ngomong, ’Berita saka Yéhuwah kuwi kaya geni ing njero awakku. Aku bakal tetep nyampèkké berita kuwi.’ Hasilé, Yérémia terus nyampèkké berita saka Yéhuwah.

Pirang-pirang taun bar kuwi, ana raja anyar ing Yéhuda. Para imam lan nabi palsu ora seneng karo beritané Yérémia. Wong-wong kuwi ngomong karo para pejabat, ’Wong iki kudu dipatèni.’ Yérémia ngomong, ’Nèk aku mbok patèni, kowé matèni wong sing ora salah. Aku nyampèkké omongané Yéhuwah, dudu omonganku dhéwé.’ Bar krungu kuwi, para pejabat ngomong, ’Wong iki aja dipatèni.’

Yérémia tetep nyampèkké berita saka Yéhuwah. Mula, para pejabat dadi nesu banget. Wong-wong kuwi ngomong karo raja bèn Yérémia dipatèni waé. Raja ngomong nèk Yérémia éntuk diapak-apakké. Yérémia akhiré ditangkep, terus dicemplungké ing sumur sing jero lan akèh lumpuré. Wong-wong kuwi péngin Yérémia mati ing kono. Yérémia mulai kelelep ing lumpur kuwi.

Ana pejabat istana sing jenengé Èbèd-mèlèkh. Dhèwèké ngomong karo raja, ’Para pejabat nglebokké Yérémia ing sumur. Nèk ora ditulungi, Yérémia isa mati.’ Bar kuwi, raja ngongkon Èbèd-mèlèkh ngejak 30 wong lanang liyané kanggo nulungi Yérémia metu saka sumur. Apa kowé péngin niru Yérémia sing tetep nyampèkké berita saka Gusti Allah senajan keadaané angèl?

”Kowé bakal disengiti kabèh wong merga kowé muridku. Nanging wong sing tekun nganti pungkasan bakal dislametké.”​—Matius 10:22